Selasa, 05 Januari 2016

Jenenge Isi Woh-wohan

  1. Isi  Asem                jenenge : Klungsu
  2. Isi  Cipir                 jenenge : Botor
  3. Isi  Duren               jenenge : Pongge
  4. Isi  Jambe               jenenge : Jebug
  5. Isi  Kapas               jenenge : Wuku
  6. Isi  Kates                jenenge : Trempos
  7. Isi  Kluwek             jenenge : Pocung
  8. Isi  Kluweh             jenenge : Bethem
  9. Isi  Kesambi           jenenge : Kecacil
  10. Isi  Mlinjo               jenenge : Klantak
  11. Isi  Nangka             jenenge : Beton
  12. Isi  Pelem                jenenge : Pelok
  13. Isi  Randhu              jenenge : Klenteng
  14. Isi  Salak                 jenenge : Kentos
  15. Isi  Sawo                 jenenge : Kecik
  16. Isi  Semangka          jenenge : Kuwaci

Tembung Saloka

Saloka yaiku unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan kang dipindahake wonge.

Tuladha
Asu belang kalung wang : Wong ala (asor) ananging sugih bandha.
Asu gedhe menang kerahe : Luwih dhuwur pangkate, luwih gedhe panguwasane.
Ati bengkong oleh oncong : Wong duwe niat ala, ana sing nyarujuki, oleh dalan.
Baladewa ilang gapite : Ilang kekuatane.
Bathok bolu isi madu : Wong asor nanging sugih kepinteran.
Bebek mungsuh mliwis : Wong pinter mungsuh pinter, sijine kalah ubed utawa kalah trampil.
Belo melu seton : Melu anut grubyug nanging ora ngreti karepe.
Cebol nggayuh lintang : Gegayuhan kang mokal bisane kelakon.
Cecak nguntal empyak/cagak : Gegayuhan kang ora timbang karo kekuwatane.
Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang : Ala diunekake becik, becik diunek-ake ala.
Dhemit ora ndulit, setan ora doyan : Tansah diparingi slamet.
Dom sumuruping banyu : Laku sesidheman kanggo nyumurupi wewadi.
Emprit abuntut bedhug : Prekara sepele dadi gedhe.
Endhas gundhul dikepeti : Wis kepenak isi dienak-enakake.
Gagak nganggo elaring merak : Wong asor (cilik) tumindak kaya wong luhur.
Gajah alingan suket teki : Lair lan batine ora padha bakal ketara.
Gajah ngidak rapah : Nerjang wewalere/janjine dhewe.
Gajah perang karo gajah kancil mati ing tengah : Wong gedhe pasulayan, wong cilik dadi kurban.
Gong lumaku tinabuh : Wong sing kumudu-kudu ditakoni, dijaluki piwulang.
Idu didilat maneh : Menehi dijaluk bali (murungake janji kang wis diucapake).
Iwak klebu ing wuwu : Wong sing kena apus kanthi gampang.
Jati ketlusuban ruyung : Kumpulane wong becik kelebon wong ala tumindake.
Jaran kerubuhan empyak : Wis kapok banget.
Kacang ora ninggal lanjaran : Pakulinane anak lumrahe niru wong tuwa.
Kebo bule mati setra : Wong pinter nanging ora ana kang merlokake.
Kebo ilang tombok kandhang : Wis kelangan, isih ngetokake wragat kanggo nggoleki.
Kebo kabotan sungu : Rekasa jalaran kakehan anak.
Kebo mulih ing kandhange : Wong lunga wis suwe, bali ing omahe maneh.
Kebo nusu gudel : Wong tuwa njaluk warah marang wong enom.
Kere munggah bale : Wong didadekake wong luhur.
Kethek saranggon : Sagrombolan wong tumindak ala.
Klenthing wadhah masin : Angel ninggalake pakulinan ala.
Kriwikan dadi grojogan : Prekara cilik dadi ngambra-ambra(gedhe).
Kutuk marani sunduk : Njarag marani bebaya.
Lahang karoban manis : Rupane ayu/bagus tur ya apik bebudene.
Lambe satumang kari samerang : Dituturi bola-bali tetep ora nggugu.
Legan golek momongan : Kepenak malah golek rekasa.
Opor bebek mentas awake dhewek : Rampung saka dayane dhewe.
Palang mangan tandur : Dipercaya malah gawe rusak
Pecruk tunggu bara : Dipasrahi tunggu sing dadi kesenengane.
Pitik trondhol diumbar ing pedaringan : Wong ala dipasrahi nunggu barang pengaji, wekasan malah ngentek-enteki.
Satru munggwing cangklakan : Mungsuh wong sih isih sanak sedulur.
Sumur lumaku tinimba : Wong sing kumudu-kudu ditakoni.
Tekek mati ulone : Nemu cilaka jalaran saka guneme dhewe.
Tumbu oleh tutup : Wis cocog banget.
Timun mungsuh duren : Wong cilik mungsuh wong kang duwe panguwasa.
Timun wungkuk jaga imbuh : Wong bodho kanggone mung yen kekurangan wae.
Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati : Prakara ala ngabra-ambra, prekara becik mung kari sethithik.
Yuyu rumpung mbarong ronge : Omahe magrong-magrong, sejatine kekurangan. 
Sumber: anaktkjsragen.blogspot.co.id

Sinopsis Novel Katresnan

Sedhela maneh Mursiati bakal lulus anggone sekolah ing HIS. Sawise lulus, dheweke kepengin nerusake sekolah ing MULO, ananging bapakne ora sarujuk awit bocah wadon iku ora usah sekolah dhuwur-dhuwur, apa maneh umure wis pantes kanggo omah-omah. Mursiati yen wis duwe kekarepan pancene kudu keturutan, apa maneh kepenginan kang becik. Bapakne nuli mrayogakake Mursiati nerusake sekolah ing MULO sawise Mursiati nerangake apa ta gunane sekolah dhuwur.
Ora krasa Mursiati wis sekolah ing MULO tingkat telu. Dheweke mondhok ing sawijining omahe priyayi. Sawijining dina Mursiati disurati dening mitra lawase sing wis ora ketemu rong taun lawase. Jenenge Sutrisna. Cekake, bocah lanang wadon loro mau bali bareng marang Panaraga, ketemu ing setasiyun Madiun. Bocah loro mau banget senenge anggone ketemu, awit bocah loro mau pancen tresna tinresnan.
Wengi iku, ibune Sutrisna nakokake apa Sutrisna wis karep mbojo. Mergane ibune wis duwe dhek-dhekan, yaiku isih sedulur karo Sutrisna. Sutrisna ora gelem yen dijodhokake, awit dheweke ya wis duwe dhek-dhekan, yaiku Mursiati, mitrane iku. Esuke, Mursiati dolan ing omahe Sutrisna. Ibune Sutrisna wis mbadhek, yen Mursiati iku bocah wadon sing didhek-dheki dening putrane. Ibune Sutrisna sawise ngerti kaya mangkono banjur nyarujuki nglamar Mursiati.
Ora krasa Mursiati wis lulus saka sekolah MULO, terus nyambut gawe ing Kantor Pos ing Madiun. Sadawane nyambut gawe iku, bapakne ngarepake Mursiati mbojo terus, ananging Mur isih ngenteni Sutrisna, senajan akeh wong lanang kang nglamar Mur. Lamarane ibune Sutrisna ditulak dening bapakne Mur merga wis nyarujuki saka Tulungagung. Mangerti kahanan kang kaya mangkono, Sutrisna lara nganti banget, saya suwe saya banget nganti mandheg saka pagaweyane. Mur sing ngerti kahanane Sutrisna uga melu lara. Ananging sawise padha-padha ngertine yen isih tresna tinresnan, banjur Sutrisna mari larane. Dheweke terus lunga marang Madiun, nanging dheweke ora njarak yen dhuwite wis digembol uwong. Ing kathonge mung ana dhuwit telu rupiyah kanggo nyepur nganti Sala.
Mudhun ing Sala Sutrisna banjur mlaku sadawane dalan supaya tekan ing Madiun. Mlakune liwat alas-alas. Anggone leren mung yen ketemu karo padusunan wae. ing sawijining dina nalika mlaku ing alas, Sutrisna ditututi dening begal cacahe ana telu. Bejane, Sutrisna namung dijaluk gegawane wae, ora nganti dipateni. Nanging awake ya tetep padha tatu lan kesele ora jamak. Sutrisna banjur diopeni ing dalem kaonderan, suwene nganti sepuluh dina, sawise iku nerusake mlakune pinuju Madiun, arep ketemu Mursiati.
Cekake carita, Mursiati wegah mbojo karo wong Tulungagung banjur lamarane dicopot. Mur banjur kelakon dadi bojone Sutrisna, mitrane kang paling ditresnani.
Sumber:  siskaditya28.wordpress.com

Cerkak Si Unyil (7)



Juleha
Esuk-esuk sing hawane atis banget, Juleha wis siap-siap meh dodol jajanan ing Pasar Kluthuk. Jane Juleha ya pengin sekolah maning ng universitas kaya kanca-kanca liyane, nanging dheweke mung anake wong ira dhuwe, mung nrima apa anane yen dheweke ora nerusake sekolah maneh sing luwih dhuwur.
Juleha pancen bocahe sregepan, menengan ora kakehan omong kaya bocah-bocah liyane, nanging dheweke uga seneng sapa aru marang liyan. Tekan pasar Klutuk, Juleha langsung natani dagangane sing siap didol. Dodolane uga laris maniss. Mula dadibungahing atine Juleha, rejeki dina iki lancar. Sawise dagangane enthek, Juleha langsung tata-tata arep mulih menyang omah. Amarga dagangane cepet enthek, ya Juleha uga mulih luwih gasik. Sing biasane mulih jam siji awan, iki jam sewelas wis bisa mulih. Sawise mulih saka dodolan ing pasar, Juleha langsung masak-masak kanggo wong tuwane sing lagi nggarap sawahe Pak Sayud. Ora saya suwe, dheweke wis rampung masak-masak, lan langsung ngaterake masakan ing sawah.
“Bu, pak niki masakane pak.” Karo mlaku alon-alon.
“Lha wis balik saka pasar nok ? cepet nemen nok ?” Kandhane ibuke sing nembe wae rampung nandur.
“Nggih bu, Alhamdulilllah dagangane laris bu, pak dados nggih cepet rampunge bu.”
“Ya syukur. Ayo nok kene mangan bareng.”
“Nggih bu.”
Banjur Juleha lan bapak ibune padha mangan bareng. Sawise rampung, padha mulih ing omah merga ya nadure wis rampung. Sawise mulih saka sawah, Juleha langsung resik-resik omah. Ora saya suwe jebul wis maghrib, sawise sembahyang keluarga iku langsung jagongan bareng ana ngarep TV padha kandha-kandha.
***
Ora ana angin ora ana mendhung ora ana udan, ujug-ujug jam loro awan ana wong lanang bagus sing nglamar Juleha. Dadi bungahing Juleha lan keluwarga.
“Ngimpi apa ya aku mbengi ? kok ujug-ujug ana wong lanang bangus nglamar aku.” Celathune Juleha karo nggawe ombean kanggo tamu spesial iku.
Wong tuwa kekarone padha setuju yen anake pacangan. Ora saya suwe banjur ngrembug bab dina akad nikahe kekarone. Ora saya suwe wis karembug dina akad nikahe yaiku tanggal 10 Novmber 2010.
Juleha karo Rahmat kekarone padha lunga bareng. Yen Juleha arep dodolan ing pasar, Rahmat uga ngaterake Juleha marang pasar lan melu ngrewangi dodolan. Wayahe Juleha mulih saka pasar uga Rahmat tansah ngaterake Juleha mulih. Kaya iku sedinaa-dinane juleha karo Rahmat saling mbiyantu.
“Makasih mas wis gelem mbantu aku dodolan neng pasar.”
“Iya padha-padha.”
***
Ora saya suwe teka dianane akad nikah. Juleha karo Rahmat wis resmi dadi pacangan secara sah.  Ora saya suwe dheweke wis pacangan arep rong taun suwene. Ora saya kekarone duwe anak siji lanang.
PURNA
Karya: Lina Retnowati

Cerkak Si Unyil (6)



Jaran Nyalawadi
Wis suwene telung puluh taun pak Slamet mbecak. Dheweke pasrah nasib sing mung dadi tukang becak, senajan ta dadi tukang becak, sing penting halal carane anggone nggolek duit. Anak bojo kudu dipakani, anak kudu bisa sekolah., ngono prinsipe pak Slamet.
Wayah isuk-isuk jam papat Ibu Martijah masak-masak nggo Pak Slamet lan anake. Masak-mask wis rampung saiki nggugahi anak bojo.
“Pak, tangi pak, ngko rejekine kesusu dipatok ayam.”
“Iya bu.” Pak Slamet langsung tangi lan mlaku menyang kamar mandi.
Saiki ibu Martijah mlebu kamare anake
“Lela, tangi lel, engko kawanan mangkat sekolane.”
“Ah bu, engko delat maning esih ngantuk bu.” Lela njawab karo matane esih merem karo kelon bantal guling.”
“Lel, tangi wis awan .” Leli tangi lan langsung mlebu menyang kamar mandi.
Pak Slamet, Bu Martijah lan Lela sarapan bareng. Sawise rampung sarapan, Pak Slamet siap mbecak lan Lela sipa mangkat sekolah.
“Bu, mangkat disit ya bu” Pak Slamet pamitan karo dheweke meh nganggo topi.
“Iya pak, ati-ati muga-muga penumpange olih akeh ya pak.”
“Iya bu, amin. Assalamualaikum” Pak Slamet njawab terus nggenjot becake.
“Waalaikumsalam.”
Ora saya suwe Lela pamitan karo ibuke.
“Bu, Lela mangkat mangkat dhisik bu.”
“Ya nok, ati-ati.”
“Ya bu. Assalamualaikum.”
“Waalaikumsalam.”
Lela mangkat sekolah, Pak Slamet uga wis mangkat mbecak. Saiki Bu Martijah resik-resik omah, lan sawise resik-resik banjur lunga menyang omahe Bu Fatma kanggo masak-masak. Ya Bu Martijah diprecaya dening Bu Fatma kanggo masak, merga bu Fatma pancen wong sibuk banget nganthi ora sempet masak nggo keluargane.
***
Wis suwe anggone tekan ing pangkalan, nanging Pak Slamet durung olih penumpang siji-sijia, semono uga kanca-kancane Pak Slamet.
“Duh nasib-nasib.” Celathune Tejo karo udud.
“Primen Jo ?” Pak Slamet njawab
“Bisa laka penumpang babar blas. Kaya kiye nasibe dadi tukang becak, ora ana sing gelem numpak bacak. Saiki motoran kabeh sih ya, dadi ya sepi kaya angkutan ya dadi sepi penumpange.”
“Emang pancene kaya kuwe. Sing sabar nrima apa anae. Sing penting halal carane nggoleti duit. Lah daripada kae sing pegawe sing gajiane akeh nemen eh jebul esih kurang marem malah korupsi ya rakyat sing rugi.”
“iya yah bener omongne sampeyan.”
Durung rampung anggone kandha-kandha, ana penumpang sing arep mbecak.
“Pak becak.”
“Nengendi bu ?”  jawabe pak Slamet.
“Prapatan lampu merah Pasar Balamoa.”
“Ya bu.”
Pak Slamet ngaterake penumpange. Banjur ora saya suwe wis tekan ing prapatan lampu merah pasar Kresna.
“Alhamdulillah lumayan olih penumpang kena nggo nyambung urip.” Celathune Pak Slamet.
Sawise ngaterake penumpang, banjur Pak Slamet balik maneh menyang pangkalan. Durung tekan ing pangkalan, ana penumpang sing ngawe-awe. Langsung wae Pak Slamet mandheg.
“Iya bu arep ngendi bu ?”
“BRI Jatirawa.”
“Iya bu.”
Langsung wae Pak Slamet ngaterake penumpange ing BRI, sawise ngaterake penumpang dheweke banjur nerusake marang pangkalan. Ora saya suwe dheweke tekan ing pangkalan.
“Mending olih penumpang.” Celathune Tejo
“Alhamdulillah Jo. Wis olih penumpang durung ?”
“Durung koh Met sepi nemen.”
Ora saya suwe Tejo olih penumpang. Dheweke langsung ngaterake penumpange ing tujuan. Ora saya suwe jebul wayah wis jam papat sore. Pak Slamet lan kanca-kanca becakan padha mulih ing omahe dhewe-dhewe. Ing dalan Pak Slamet mbecak karo awake padha lesu merga mung olih duit sethitk.  Ora saya suwe dheweke tekan omah.
“Assalamualaikum.”
“Waalaikumsalam pak.” Ibu njawab karo lagi nyaponi latar umah.
Ibu sing lagi nyaponi latar omah, leren anggone nyapu, meh nyawisake wedhang teh karo mangan kanggo Pak Slamet. Sawise iku banjur nerusake nyaponi maneh. Ora saya suwe jebul wis maghrib, sawise wis padha sembahyang keluargane padha nonton TV karo kandha-kandha.
“Primen pak, mau awan penumpange akeh apa sethithik pa ?” celathune ibu Martijah sing lagi ndondomi klambi sing suwek.
“Setitik bu.’
“Ya wis. Saiki pancen angel ya pak nggoleti penumpang. Apa maning saiki jamane wong-wong padha duwe motor. Malah sakeluwarga luwih sing siji. Apa maning saiki kreditan bayar limngatus ewu wis olih motor.”
“Iya bu. Angkutan ya saiki sepi.”
Ora saya suwe jebul wis jam sepuluh bengi. Pak Slamet meh mangkat mangkat ing terminal. Lan ora saya suwe, Pak Slamet wis tekan ing terminal. Dheweke ngnthi meh jam siji bengi durung olih penumpang. Dheweke banjur mulih marang omahe. Durung tekan omah, ing tengahing dalan pak Slamet weruh jaran ing tengah dalan.
“Lah kok ya tengah wengi ana jaran mandheg neng tengahe dalan.”
Pak Slamet sing dhewekan ya wedi langsung wae nggenjot becake age-age tekan ing omah. Tekan omah awake teles mung kemringet mergaa weruh jaran tengah wengi ning dalan.
PURNA
Karya; Lina Retnowati

Cerkak Si Unyil (5)



Pianika
Endah saiki wis sekolah SMP, dheweke pancen seneng drum band. Mula mlebu sekolah SMP njupuk ekstrakurikuler drum band. Dheweke uga sregep latian drum band. Dheweke pancen bocahe pinter, nanging bocahe menengan. Endah dina iki latian pertamane drum band ana ing sekolah.
“Bu, aku latian disit ya bu.”
“Ya nok, ati-ati neng dalan.”
“iya bu.”
Endah langsung ngepit menyang sekolahan kanggo latian drum band. Ing kono Endah latian kanthi semangat. Ing sajrone latian drum band, Endah tansah sinau apa sing durung dimangerteni dheweke. Ora saya suwe, anggone latian wis rampung, dheweke langsung mulih marang omahe.
“Assalamualaikum bu, pak.”
“Waalaikumsalam nok, eh wis balik. Pan mangan apa nok ?”
“sega goreng bae bu.”
“Ya engko tak masakena, ibu pan nyapu disit.”
“Iya bu.”
Ora saya suwe, ibune wis rampung anggone nyapu. Ibuke terus masakena sega goreng kanggo Endah. Sega gorenge wis mateng lan siap dipangan Endah. Endah mangan sega goreng sinambi ndelok acara TV. Ora saya suwe, wis jam wolu bengi. Endah age-age nggarap tugas saka gurune. Nanging ora kaya biasane Endah nggarap tugas nganti jam rolas bengi tugase durung rampung.
“Nok, wis bengi, engko kawanan mangkat sekolane.”
“Iya bu, tugase durung rampung bu.”
“Oh, ya wis dirampungena disit.”
“iya bu.”
Ora saya suwe, dheweke wis rampung nggarap tugase. Endah langsung turu. Jebul wis jam lima, ibuke Endah mlebu kamare Endah supaya Endah tangi. Ora suwe, Endah tangi.
“Pan sarapan apa nok ?”
“Sarapan sega lawuh mie, sambel goreng tempe tapi tuku neng bu Roha, bu.”
Ibuke Endah wis tekan ing omahe bu Roha.
“Yu roha, sega lawuh mie karo sambel goreng siji, terus karo sega lawuh kacang dawa karo terong siji, terus karo kupate loro yu.”
“Eh yu, jare mbengi pak lurah kemalingan.” Kandhane yu atun sing uga lagi ngenteni pesenane.
“Masa ? kok aku ora krungu ya. Kie nembe bae krungu sing sampeyan yu. Jare kemalingan jam pira yu ?
“Mbuh aku ya ora ngerti.”
“Iya kok, saiki lagi akeh maling wingi jare yu Asri karo yu Siti ya kemalingan.” Kandhane yu roha karo nglayani sarapan.
Ora saya suwe, sarapane Endah tekan. Dheweke banjur sarapan, sawise sarapan dheweke mangkat sekolah.
***
“Ndah, tugase wis digarap durung ?” Tantri takon karo dheweke nggoleki bukune ing tase.
“Wis tan, emang primen ?”
“Aku njaluk jawabane oh sing nomer 12,18, karo 21.”
“Iya”
Tantri kanca sebangkune Endah, dheweke beda banget karo Endah. Tantri crewete pol. Ora saya suwe, bel mlebu pelajaran pertama muni. Endah karo kanca sekelase nrima pelajaran saka wiwitan nganti pungkasan. Wis wektune dheweke mulih saka sekolahan.
“Assalamualaikum.”
“Waalaikumsalam nok, wis baik nok. Cepet salin, terus mangan nok.”
“Iya bu.”
“Mengko latian drum band ora nok ?”
“Ora bu.”
Dheweke banjur mangan, sawise mangan banjur dheweke turu awan. Jebul wis sorre, dheweke age-age tangi terus mbantu ibuke resik-resik omah.
“Endah nyapu karo ngepel, ibu sing ngumbai piring ya nok.”
“Iya bu.”
Ibuke Endah lan Endah wis rampung resik-resik omah. Ora saya suwe, wis jam sewelas, bapak lan ibuke Endah karo Endah turu.
***
Wis rong minggu Endah ora latian drum band ana ing sekolahane. Dina Iki Endah latian drum band ana ing sekolahane. Dadi bungahing atine Endah, bisa latian drum band.
“Bu, aku latian disit ya bu, Assalamualaikum.”
“Waalaikumsalam, ati-ati neng ndalan nok.”
“Iya bu.”
Endah wis tekan ing sekolahan. Dheweke latian. Ndilalah pas tengah-tengahing latian, pianikane Endah rusak, ora gelem muni.
“Ih, kok ora bisa moni sih, lah terus aku latiane primen ?” Endah mbatin
Ora saya suwe, Endah wis rampung latian. Dheweke langsung mulih.
“Assalamulaikum”.
“Waalaikumsalam, salin terus mangan nok.”
“Iya bu.”
Jam pitu bengi, keluargane Pak Hari kumpul ing ruang tengah.
“Bu, pak, aku tukukena pianika maning, pianikane rusak ora bisa moni.”
Bapak lan ibune Endah kandha-kandha kanthi swara sing alon ben Endah ora krungu.
“Duh pak primen kiye, si Endah njaluk di tukukena pianika maning, duit ya mung pas-pasan, bapak ya durung gajian.
“Aku ya bingung bu.”
“Iya engko bapak karo ibu nukukena pianika nggo Endah.” Kandhane Pak Hari marang Endah.
“Aja suwe-suwe ya pak.”
“Iya nok.”
***
Wis suwene telung minggu Endah ngenteni wong tuwane nukukna pianika. Endah dadi cuwa. Ing dina minggu, ibuke Endah arep mangan awan karo Endah. Wiwit jam wolu ngant jam siji Endah ora metu-metu saka kamare. Ibuke Endah sing arep mlebu kamare Endah ora bisa merga dikunci dening Endah.
“Endah, mangan yuh, kiye lho lawuhe senengane Endah.” Kandhane ibuke Endah sinambi nggawa piring lan krupuk ing ngarepe lawang kamare Endah.”
“Kok bocah ora semaur-semaur ditakoni ibune. Ah ndean bocahe turu.” Ibuke Endah mbatin.
Nganti meh jam lima, Endah tetep ora metu saka kamare. Wong tuwane Endah saya kuwatir. Bapake Endah banjur dobrak lawang kamare Endah. Sawise didobarak bapake Endah kaget. Endah wis gantung-gantung ing njero kamare.
“Bu, kiye Endah bunuh diri.” Bapake kandha karo nangis.
“Endi pak ?” Ibuke Endah langsung mlayu.
“Ya Allah nok, kok kaya kiye sih nok. Ibu sebenere pan nukukena pianika karo Endah, tapi Endah ora metu-metu, lah jebul kaya kiye sih Ya Allah.” Kandhane ibuke Endah karo tangisan.
PURNA
Karya: Lina Retnowati