Sedhela maneh Mursiati bakal lulus anggone sekolah ing HIS. Sawise
lulus, dheweke kepengin nerusake sekolah ing MULO, ananging bapakne ora
sarujuk awit bocah wadon iku ora usah sekolah dhuwur-dhuwur, apa maneh
umure wis pantes kanggo omah-omah. Mursiati yen wis duwe kekarepan
pancene kudu keturutan, apa maneh kepenginan kang becik. Bapakne nuli
mrayogakake Mursiati nerusake sekolah ing MULO sawise Mursiati nerangake
apa ta gunane sekolah dhuwur.
Ora krasa Mursiati wis sekolah ing MULO tingkat telu. Dheweke mondhok
ing sawijining omahe priyayi. Sawijining dina Mursiati disurati dening
mitra lawase sing wis ora ketemu rong taun lawase. Jenenge Sutrisna.
Cekake, bocah lanang wadon loro mau bali bareng marang Panaraga, ketemu
ing setasiyun Madiun. Bocah loro mau banget senenge anggone ketemu, awit
bocah loro mau pancen tresna tinresnan.
Wengi iku, ibune Sutrisna nakokake apa Sutrisna wis karep mbojo.
Mergane ibune wis duwe dhek-dhekan, yaiku isih sedulur karo Sutrisna.
Sutrisna ora gelem yen dijodhokake, awit dheweke ya wis duwe
dhek-dhekan, yaiku Mursiati, mitrane iku. Esuke, Mursiati dolan ing
omahe Sutrisna. Ibune Sutrisna wis mbadhek, yen Mursiati iku bocah wadon
sing didhek-dheki dening putrane. Ibune Sutrisna sawise ngerti kaya
mangkono banjur nyarujuki nglamar Mursiati.
Ora krasa Mursiati wis lulus saka sekolah MULO, terus nyambut gawe
ing Kantor Pos ing Madiun. Sadawane nyambut gawe iku, bapakne ngarepake
Mursiati mbojo terus, ananging Mur isih ngenteni Sutrisna, senajan akeh
wong lanang kang nglamar Mur. Lamarane ibune Sutrisna ditulak dening
bapakne Mur merga wis nyarujuki saka Tulungagung. Mangerti kahanan kang
kaya mangkono, Sutrisna lara nganti banget, saya suwe saya banget nganti
mandheg saka pagaweyane. Mur sing ngerti kahanane Sutrisna uga melu
lara. Ananging sawise padha-padha ngertine yen isih tresna tinresnan,
banjur Sutrisna mari larane. Dheweke terus lunga marang Madiun, nanging
dheweke ora njarak yen dhuwite wis digembol uwong. Ing kathonge mung ana
dhuwit telu rupiyah kanggo nyepur nganti Sala.
Mudhun ing Sala Sutrisna banjur mlaku sadawane dalan supaya tekan ing
Madiun. Mlakune liwat alas-alas. Anggone leren mung yen ketemu karo
padusunan wae. ing sawijining dina nalika mlaku ing alas, Sutrisna
ditututi dening begal cacahe ana telu. Bejane, Sutrisna namung dijaluk
gegawane wae, ora nganti dipateni. Nanging awake ya tetep padha tatu lan
kesele ora jamak. Sutrisna banjur diopeni ing dalem kaonderan, suwene
nganti sepuluh dina, sawise iku nerusake mlakune pinuju Madiun, arep
ketemu Mursiati.
Cekake carita, Mursiati wegah mbojo karo wong Tulungagung banjur
lamarane dicopot. Mur banjur kelakon dadi bojone Sutrisna, mitrane kang
paling ditresnani.
Sumber: siskaditya28.wordpress.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar