Iki
Dalane sing Padhang
LAKU
SRAWUNG LAN LAKU NYEPI
Kang
prayoga dilakoni ing jaman modern
Arahe
laku
Srawung lan nyepi kok
diarani LAKU iku, nalare kepriye ? Srawung lan nyepi mono ing jagading jagading
agama, mujudake LAKU kang tumuju marang PUNGKASANE TUJUWAN. Amarga saka srawung
kang bener, manungsa bisa teka ing pungkasane tujuwan; nanging amarga srawung
kang kliru, manungsa uga bisa ora teka ing pungkasane tujuwan mau. Semono uga
nyepi.
Amarga saka olehe nyepi
kang bener, manungsa teka ing ing akhire tujuwan; lan amargi saka olehe nyepi
kang salah, manungsa ora teka ing akhire tujuwan. Tumrap kaum muslimin,
pungkasane, pungkasane tujuwan iku suwarga, yaiku sawujine alam kang luhur
dhewe ing ngarsane Gusti Allah. Ing alam suwarga, manungsa padha wujud pribadi-pribadi
kaya nalika urip ing alam donya. Kabeh padha ngrasakake nikmat peparinge Gusti
Allah kang tan kena kinaya ngapa.
Luwih-luwih kaanan alam
suwarga sing tingkatane dhuwur dhewe, babar pisan ora bisa digambarake, amarga
ing kono saben dinane padha kaparingan kesempatan kanggo weruh marang sumbere kaendahan, ya sumbere keagungan, ya sumbere
keagungan, ya sumbere kamulyan. Suwarga iku endah, naging dudu apa-apa, yen
katandhingake karo sumbere kaendahan mau. Suwarga iku kebak keagungan lan
kamulyan, nanging dudu apa-apa yen katandhingake karo sumbere keagungan lan
kamulyan. Luwih-luwih yen katandhingake karo apa sing diarani endah, agung lan
mulya ing donya saiki! Babar pisan ora bisa ditandhingake.
Al
mukhalathah lan al’uzlah
Ing kalanganekaum ulama,
laku srawung campur bawur karo bebrayan, diarani laku al mukhalathah. Dene laku
nyepi ndhewe, diarani laku al’uzlah. Prinsip laku srawung lan laku nyepi
mengkene iki, dudu monopoline agama Islam, tilarane Nabi Muhammad SAW thok. Ing
agama wulangane Nabi Musa as, laku srawung lan laku nyepi iku wis ana. Ing
agama Hindu (Brahman) lan budha, uga ana. Ing agama Kristen praktek mengkono
iku iya ana.
Laku
srawung
Laku srawung kang bener
iku sing kanthi cara nindakake
kautaman, ngedohi kanisthan lan ngemohi kadurakan. Maksiat iku klebu ing
golongane kanisthan. Kafir, musyrik, munafik lan fasiq, klebu ing golongane
kadurakan.
Laku srawung kang bener
iku knathi niyat golek suka rename
Gusti Allah, senajan ing kana-kene dadi ora senenge sasama. Srawung kang mligi
kanggo golek suka rename sasama, kamangka dadi dukane Gusti Allah, iku srawung
kang kasar lan kliru. Upamane wae ngebyongi kemaksiyatan. Mula ing kalangane
kaum kang nuhoni agamane, srawung iku
diarani LAKU, jalaran ing pasrawungan mau ana :
a.
NIYAT
sing kudu diniyatake, yaiku : mligi karana Allah
b.
CARA
sing
kudu nurut pituduh kang bener, yaiku : taqwa
c.
LAKU
NAHAN HAWA NAFSU sing supaya niyat lan cara mau,
kalaksanan kanthi becik; ora katut ing panggodhane setan
Amarga saka apa kang
katur iku kabeh, ora saben pasrawungan kena diarani laku.
Amarga saka ngerti
babagan agama, olehe nglakoni srawung banjur bisa mbedak-bedakake: kepriye srawung karo brayat (anak bojo) sing bener
miturut ajaran taqwa; kepriye srawung karo kulawarga, karo tangga teparo, karo
kanca sepegaweyan, karo bangsane dhewe, karo bangsa manca, karo padha-padha
wong sing iman, lan sapiturute. Awit hake brayat marang dhiri, lan kuwajibane
dhiri marang brayat, wis mesthi wae beda karo hake kanca marang dhiri lan
kuwajibane dhiri marang kanca.
Laku
nyepi
Laku nyepi iku
beda-beda acarane. Acara mau pokoke
ana loro:
a.
Nyepi amarga lagi merlokake nyinau ilmu
apa wae, kang nggunakake pikiran lan
akale.
b.
Nyepi amarga lagi (nyinau) semedi, kang nggunakake atine.
Mahasiswa nyekel
mikroskop kanggo mahami bakteorologi, utawa filosof kang corat-caret gawe skema
kanggo mahami sawijine persoalan, ora bakal sukses yen ora nyepi.
Komandan pasukan sing
kudu milih salah siji ing antarane telung alternatif sing padha ora kepenake,
banjur ndhewe, nyepi, semedi, nyuwun pituduh marang Gusti Allah, ora bakal
bener pamilihe yen ora nyepi.
Wong tuwa sing duwe
tanggungan kaluwarga kang ana sing lara, ana sing butuh mbayar biaya sekolah,
ana sing butuh tuku sepatu lan sapiturute, banjur munajat, ngesok atine kunjuk
ing ngarsane Gusti Allah, mbutuhake nyepi, ndhewe.
Nyepi mono ana sing
mbutuhake wektu “sakedha netra”, ana sing 3-5 menit, ana sing nganti jam-jaman,
ana sing sedina sewengi, ana sing sepasar, ana sing kaya Nabi Musa as, yaiku40
dina 40 wengi. Kabeh mau gumantung marang kaanan lan persoalane.
Kanggone wong sing
olehe laku nyepi kanthi nggunakake atine, sing penting iku bab arahe komunikasi. Komunikasi sing ora
ngandhut bebaya iku yen arahe marang ngarsane Gusti Allah mligi. Wis mesthi wae
kanthi nyuwun pangayomane Gusti Allah, supaya kalis saka godha rencanane iblis
lan setan.
Sumber:
Majalah Panjebar Semangat edisi 9, 3 Maret 2012
Tidak ada komentar:
Posting Komentar