Tradhisi Njamasi Pusaka Ing Wulan
Sura, Ora Mung Saderma Ngresiki Taiyeng
Budaya
Jawa kang eksotis lan misterius iki nglairake tradhisi njamasi pusaka ing saben
wulan Sura utawa Muharam. Kang njamasi pusaka uga kebanjiran order njamasi
pusaka. Padhahal, profesi marangi iku wektu iki saya langka.
Tumpukan
jeruk nipis kang ditata mlathing ing sisihe keris cacah papat. Ing sacedhake,
ana botol tilas wadhah banyu mineral kang wis diganti isi cairan knag rupane
ireng. Saliyane iku, warangan utawa kristal senyawa kang basa ilmiahe arsenic
chemical (As2S3) kabungkus plastik rapet.
Sakabehane
iku katata ing sandhuwure meja cilik. Wis puluhan taun Aryo Kartono akrab karo
barang-barang iku. Ya, warga ing RT 23 RW 8, Kelurahan Pangongahan, Manguharjo
iku tukang njamasi utawa kang nyuceni pusaka. Wiwit taun 1985, Aryo Kartono wis
nekuni profesi kang keri-keri iki wiwit langka.
Saben
ngadhepi wulan Sura, bapak kang peputra papat iku kena dipesthekake super sibuk
anggone njamasi pusaka. Jumlahe bisa nganti atusan pusaka, akng dumadi saka
keris lan tumbak. Ayo saya repot krana uga kudu nglayani jamasan massal
keliling kecamatan kang ana ing Kabupaten Madiun. Cundhuk klawan kesepakatan
Paguyuban Tundhung Mediun karo Pemkab, jamasan ditindakake ing 15 kecamatan
kang ana.
“Njamasi
pusaka ora mung saderma ngresiki saka taiyeng. Nanging uga ngrawat tinggalan
nenek moyang lan nglestarekake budaya bangsa kang adi luhung” kandhane Aryo
Kartono kang uga njabat minangka Koordinator Bidang Tosan Aji Paguyuban
Tundhung Mediun iki.
Bebarengan
karo jamasan pusaka, warga uga diwenehi pemahaman bab seni ketimbang bab klenik
ing suwalike pusaka. Kesadharane warga uga saya apik. Ing saben Kecamatan,
paling ora ana 50 pusaka kang dijamasi. Krana duwe tujuan menehi edukasi,
jamasan iku digratisake.
Minangka
tukang njamasi kang cukup dikenal, Aryo sabenere wiwit kuwalahen anggone nampa
order jamasan ing wulan Sura. Dheweke mung nganggo ruwangan kang ciyut ing
ngarepe omahe, ing Jalan Pandan. Tanpa perlu ruwangan khusus utawa peralatan
kang neka-neka. Jamasan iku uga biyasa ditindakake ing wayah awan. Kanthi
posisi lungguh ing dhingklik, Aryo wiwit njamasi keris.
Jeruk
nipis kang wis disigar dadi loro, dianggo ngusap lumahe keris. Jempolan lan
panudinge Aryo obah alon karo mijet dhapur lan luke keris. Rampung dicuci,
keris iku direndhem ana cairan kang rupane ireng, suwene wiss temtokake.
“Iki
banyu jeruk kang wis dicampur karo warangan” kandhane Aryo kang gawe keris
dhapur Bima Amerta, sing dihadiyahake Paguyuban Tundhung Mediun marang Bupati Madiun
Muhtarom sawetara wektu kepungkur.
Rampung
direndhem, keris banjur diresiki. Warangan, teruse Aryo, mujudake kristal
senyawa kang fungsine kanggo ngresiki logam saka teyeng lan nglindhungi pusaka
saka teyeng. Sawise diwarangi, wesine bakal saya tambah dadi ireng. Pamor
pusaka kang kagawe saka batu meteorit lan ngandhut titanium, warnane tetep
putih lan warnane dadi apik.
“Warangan
iki kangggone wong manca negara digunakake kanggo ngresiki bedhil” ujare.
Aryo
uga mblakakake menawa tukang njamasi kuwi saiki wiwit langka. Ing Madiun,
mungkari wong lima wae. Kepencute Aryo
marang pusaka awale nalika diwarisi keris cacah loro saka Harjo Utomo,
bapake. Nalika iku, umure Aryo isih 20 taun. Dheweke pungkasane meguru njamasi
marang sawijining pawongan keturunan Tiongkok kang jenenge Kuncoro. Omahe
kuncoro ing Nambangan Lor Kota Madiun.
“Aku
terus sinau jalaran aku wiwit seneng lan kepencut marang pusaka” jlentrehe
priya kang umure 53 taun iki.
Ing
awal taun 1990-an, Aryo wiwit dikenal minangka tukang njamasi. Malah,
pelanggane teka saka luwar kota. Mbaka taun tarip njamasi pusaka saya mundhak.
Saben keris siji ongkose njamasi saiki Rp 25 ewu.
“Njamasi
pusaka bisa wae ora pas sasi Sura, nanging akeh-akehe padha milih ing sasi
Sura, jalaran dirasa minangka sasi kang becik kanggo njamasi pusaka” kandhane.
Saka
pengalaman minangka tukang njamasi pusaka, Aryo gedheg nalika ditakoni bab kang
mambu klenik umpamane pusaka kang bisa murub lan bisa obah dhewe. Nanging,
dheweke uga ngakoni ana sawetara pusaka kang nduweni tuah.
“Nek
ngrasakake ya nate, nanging nek weruh langsung durung nate” tegase.
Kapethik Saka Majalah
Panjebar Semangat Edisi 1 Januari 2011
Tidak ada komentar:
Posting Komentar