Parikan
2 Gatra
Wedhang
bubuk gula Jawa
Sarwa
mathuk ati lega
Abang-abang
ora legi
Tiwas
ngadhang ora dadi
Jarik
kawung nggo klosotan
Ati
bingung ra ketekan
Awan-awan
mlaku ngulon
Tiwas
edan ora klakon
Ondhe-ondhe
ora legi
Gelung
kondhe nglara ati
Iwak
bandeng durung wayu
Priya
nggantheng ngguya ngguyu
Tawon
madu ngisep sekar
Calon
guru kudu sabar
Omah
gedhong payon blarak
Sugih
omong ra sumanak
Wedang
bubuk tanpa gula
Aja
ngamuk enggal tuwa
Jarik
kawung nggo klosotan
Ati
bingung kemlaratan
Wajik
klethik gula jawa
Aja
nangis ayo lunga
Nangka
jeruk jambu nanas
Rada
watuk ngelu panas
Manuk
kacer neng suketan
Ora
pinter ra keduman
Manuk
dara mabur ngidul
Sinawa
dimen kombul
Manuk
emprit mencok pager
Mulang
murid murih pinter
Kalung
kacu mlaku ngetan
Dhasar
ayu pinter dandan
Ali-ali
mata telu
Aja
lali mring wajibmu
Gelang
karet cilik-cilik
Wong
sing kesed sing disirik
Jurang
jugrug pinggir kali
Wani
nglurug wedi mati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar