Tembung Metikan asale saka tembung “petik”. Metikan yaiku pasugatan
utawa pesta rakyat kang kagelar ing saben taun sedurunge PG Pangka
nggiling tebu, ngasilake gula. Metikan wis ana awit jaman Belanda. Saben
arep musim giling tebu, dianakake slametan giling kang diiringi dening
pasugatan utawa psta rakyat kanggo pegawe lan masarakat sekitar pabrik
gula.
Pasugatan sing ana ing metikan iku antarane pasar malem kang ngadoli
kebutuhan sandang, pangan, lan papan kanggo masarakat. Uga bisa
didadekake bisnis kanggo para pengusaha lan pedagang kanggo ngadoli
barang dagangane. Wiwit saka obral klambi, jajanan khas kayata martabak
manis lan martabak telur akeh kang adolan ing sedawane dalan pinuju
areal metikan. Pedagang perabotan, dolanane bocah, komedi puter, biang
lala, tong setan, karoke, omah setan, lan liya-liyane.
Ing taun 90-an, ana uga layar tancep, yaiku minangka pasugatan kang
paling dienteni ing acara metikan iki. Nanging saiki pasugatan kanggo
penutupan diganti dadi wayang kulit, wayang golek, band performance,
utawane organ tunggal.
Metikan padatane dianakake kurang luwih 15 dina sekitar wulan April
nganti Mei saben taune. Metikan kaya-kaya magnet kang bisa narik
pengunjung saka desa seje, kabupaten seje, malah ana sing saka kota
seje. Antusiasme iki nggawe panitia metikan aweh papan arupa
kapling-kapling kang disewakake minangka stand pasar malem ing sekitaran
PG Pangka. Ora ketinggalan ana uga aparat keamanan gabungan saka Aparat
Pamarentah utawa karang taruna kayata Polsek Pangkah, Koramil, Pamong
Praja Kecamatan nganti Hansip, supaya acara metikane lancar lan slamet.
Metikan iki ora mung ana ing Pangkah, nanging uga ana ing Jatibarang,
Kabupaten Brebes kanthi waktu nganakakene urut-urutan, ing PG
Jatibarang kang isih raket ubungane karo PG Pangka.
Sumber: siskaditya28.wordpress.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar