Juleha
Esuk-esuk
sing hawane atis banget, Juleha wis siap-siap meh dodol jajanan ing Pasar
Kluthuk. Jane Juleha ya pengin sekolah maning ng universitas kaya kanca-kanca
liyane, nanging dheweke mung anake wong ira dhuwe, mung nrima apa anane yen
dheweke ora nerusake sekolah maneh sing luwih dhuwur.
Juleha
pancen bocahe sregepan, menengan ora kakehan omong kaya bocah-bocah liyane,
nanging dheweke uga seneng sapa aru marang liyan. Tekan pasar Klutuk, Juleha
langsung natani dagangane sing siap didol. Dodolane uga laris maniss. Mula
dadibungahing atine Juleha, rejeki dina iki lancar. Sawise dagangane enthek,
Juleha langsung tata-tata arep mulih menyang omah. Amarga dagangane cepet
enthek, ya Juleha uga mulih luwih gasik. Sing biasane mulih jam siji awan, iki
jam sewelas wis bisa mulih. Sawise mulih saka dodolan ing pasar, Juleha
langsung masak-masak kanggo wong tuwane sing lagi nggarap sawahe Pak Sayud. Ora
saya suwe, dheweke wis rampung masak-masak, lan langsung ngaterake masakan ing
sawah.
“Bu, pak niki masakane
pak.” Karo mlaku alon-alon.
“Lha wis balik saka
pasar nok ? cepet nemen nok ?” Kandhane ibuke sing nembe wae rampung nandur.
“Nggih bu,
Alhamdulilllah dagangane laris bu, pak dados nggih cepet rampunge bu.”
“Ya syukur. Ayo nok
kene mangan bareng.”
“Nggih bu.”
Banjur
Juleha lan bapak ibune padha mangan bareng. Sawise rampung, padha mulih ing
omah merga ya nadure wis rampung. Sawise mulih saka sawah, Juleha langsung
resik-resik omah. Ora saya suwe jebul wis maghrib, sawise sembahyang keluarga
iku langsung jagongan bareng ana ngarep TV padha kandha-kandha.
***
Ora
ana angin ora ana mendhung ora ana udan, ujug-ujug jam loro awan ana wong
lanang bagus sing nglamar Juleha. Dadi bungahing Juleha lan keluwarga.
“Ngimpi apa ya aku
mbengi ? kok ujug-ujug ana wong lanang bangus nglamar aku.” Celathune Juleha
karo nggawe ombean kanggo tamu spesial iku.
Wong
tuwa kekarone padha setuju yen anake pacangan. Ora saya suwe banjur ngrembug
bab dina akad nikahe kekarone. Ora saya suwe wis karembug dina akad nikahe
yaiku tanggal 10 Novmber 2010.
Juleha
karo Rahmat kekarone padha lunga bareng. Yen Juleha arep dodolan ing pasar,
Rahmat uga ngaterake Juleha marang pasar lan melu ngrewangi dodolan. Wayahe
Juleha mulih saka pasar uga Rahmat tansah ngaterake Juleha mulih. Kaya iku
sedinaa-dinane juleha karo Rahmat saling mbiyantu.
“Makasih mas wis gelem
mbantu aku dodolan neng pasar.”
“Iya padha-padha.”
***
Ora
saya suwe teka dianane akad nikah. Juleha karo Rahmat wis resmi dadi pacangan
secara sah. Ora saya suwe dheweke wis
pacangan arep rong taun suwene. Ora saya kekarone duwe anak siji lanang.
PURNA
Karya: Lina Retnowati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar