Selasa, 05 Januari 2016

Purwakanthi Lumaksita



Purwakanthi Lumaksita
Kolik priya priyagung anjaniputra
Tuhu nlangsa wong anom wedi rekasa

Kembang aren sumebar tepining kalen
Aja dahwen yen kowe kepengin kajen

Rujak cengkir pantes den wadhahi cangkir
Mlipir-mlipir polahe wong duwe esir

Wedang bubuk kumriyuk gulane remuk
Ora mathuk lamun murid tansah ngantuk

Kembang mawar ganda arum ngambar-ambar
Watak sabar wimbuh enak ati bingar

Rujak nanas pantes den wadhahi gelas
Tiwas tuwas nglabuhi wong ora nggagas

Kembang cengkeh ganda sedhep warna aneh
Wong sing sumeh tartamtu mitrane akeh

Klenthing miring krambil bolong katon bening
Miling-miling golek tandhing lencir kuning

Abang-abang gendera Landa ana sing ijo kok milih putih
Bujang maneh ora ngluyura sing wis duwe bojo ora tau mulih
Kembang sutra kemlewer ning sabuk wala
Sun dudute yen condhong karepe mulya

Kembang menur ditandur ing pinggir sumur
Yen wis makmur aja lali mring sedulur

Aja padha dolanan kethu yen nyokot angel carane
Aja padha dolalan kethu ra eneng tambane

Jambu apa jeruk
Aku melu apa entuk

Rujak wuni rujake para pemudhi
Aja lali kudu anetepi janji

Cengkir wungu wungune ketiban ndaru
Watak guru kudu sabar momot mengku

Sumber: Dr. Purwadi, M.Hum, 2009, Folklor Jawa, Yogyakarta: Pura Pustaka.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar