Ruwatan
Tumrap Kaum Muda
Wulan
Sura kanggone wong Jawa nduweni pangerten kang luhur tinmbang wulan-wulan
liyane, sebab ing wulan iki akeh kang nganggep minangka wulan suci. Awit saka
kang mangkono mau yen wulan ngene iki akeh banget para kadang/mitra padha
marsudi kabudayan leluhur kang arupa ngresiki samubarang kang dianggep kena
sesuker.
Ruwatan
Murwakala
Apa
ta kang kinaranan Ruwatan Murwakala iki ? Ruwatan Murwakala ngono sejatine
kapitayan luhur wong Jawa sing isih gelem nglestarekake kabudayan lan kearipan
pribadi. Wondene wong kang padha diruwat (diresiki saka sesuker) yaiku
sakabehing barang kalebu awak/raga sing padha ngandhut regedan sing ora katon
(nyalawadi) kaya upamnae jamasan lan kungkum ing sendhang/umbulan lan grojogan
sing dianggep nduweni katiyasan linuwih. Bisa uga sing mung mapan ing ngomah,
terus padha golek banyu gege sing dijupuk saka pitung (7) tuk. Terus dicampur
karo Sekar Manca Warna lan padha kanggo siram sarta jamasan sakulawarga.
Mangono uga padha njamasi pusaka tinggalane para leluhur (Keris-tumbak-songsong
lan barang pecah belah sing migunani sok kanggo upacara). Kedadeyan kang
mangkene iki wus lumaku runtut turun-maturun
wiwit jaman sejarah udakara 350 taun sadurunge masehi.
Jroning
ruwatan murwakala, ana sing ngudi sarta ngusadani dhewekan sinambi nanggap juru
ruwat kang karan Ki Dhalang kandha Bawana, nanging ana uga sing padha nggamblok
dadi saguyup (bebarengan) kanggo ngurangi prebaya sing pancen ora sethithik.
Wondene
sing perlu diruwat akeh banget jinise, nanging kang wis lumrah yaiku ana 28
jinis bocah/wong. Terus ketambahan maneh alangan sing bisa tumama ing raga
jalaran kurang ati-ati yen lagi makarya, iki kira-kira ana 17 jinis. Contone,
kayata, wong ngebrukake dandang lan kukusan selagine ayahi adang. Lan wong nugelake
gandhik yen lagi mimis jampi, uga wong gawe omah lali masangi tutup keyong yen
lagi ngedegage kuda-kuda.
Bali
marang bocah/wong sing perlu diruwat ana wolulikur jinis mau, nanging ora perlu
kabeh kita jlentrehake ing kene. Salah sijine yaiku anak ontang-anting (anak
mung siji) sing lair lanang, yen wadon arane unting-unting. Iki pancen dadi
pangane Bathara Kala, mula kudu diruwat ben slamet uripe. Tegese ora bakal
nandhang reridu lan godha rencana. Ana maneh sing sing kinaranan sendhang kapi
pancuran, yaiku anak telu sing lair ing tengah tiba wadon. Mula banjur
disaranani kudu diruwat. Lha sing bisa ngusadani babagan iki yaiku Ki Dhalang
Sangga Bawana, sebab Ki Dhalang iki sing bisa weruh pangapesane Bathara Kala.
Yaiku ana rajak kang aran Sungsang Bawana Balik (Carakan Walik). Tegese
pamacane kudu saka aksara pungkasan bali mring urutan kawitan (mengarep).
Ki
Dhalang iki bisa mbadhe lan njabarake kekarepan kang werdine bisa gawe apese si
Bathara Kala. Lan sabanjure sang Kala ora bakal bisa golek mangsan manungsa
maneh sebab jimat cekelane wus kababar dening Ki Dhalang Sangga Bawana.
Pengerten kang mangkene ikii yen tembunge Jawa karan “Sasmita”. Mulane wong
Jawa kudu padha mangerteni ing Sasmita ben uripe bisa slamet lan ora
kesurang-surang kaya kang lagi kita alami ing wektu saiki.
Manut
Ajaran Filsafat sing Ilmiah
Sejatine
apa kang disaranani kanthi pralambang (pralampita) ing budaya Jawa iki ora
nyimpang saka pranatan kang baku. Sarehne wong Jawa kuwi ora gelem ngelokake
apa anane lan nduweni rasa pangrasa aja agawe gelane lan kuciwane liyan, mula
sakabehing pranatan ora bakal dibeber kanthi ngegla/wantah. Tartamtu didhasari
nganggo pasemon mau.
Sebab
sebenere Ki Dhalang Bawana nduweni piweling marang sing diruwat utawa wong
tuwane (bapa-biyung) mangkene : sing bekti marang wong tuwa, sebab sapa maneh
ing mbesuke sing dadi sesambatan yen ora mung kowe. Ki Dhalang kandha mangkono
nalika ngethok rambute si sukerta ontang-anting. Kosok baline wong tuwane si
sukerta uga diweling supaya ngopeni lan njaga anake sing mung sak-thil aja
nganti sembrana, sebab ing mbesuke sing bakal bisa ngopeni lan ngentas kamukten
yen bapa biyunge wis padha krepo/pikun. Mangono uga sukerta liya-liyane ya
bakal diweling manut jinise sukertane.
Kaya
mangkene iki sing kudu kita uri-uri lan dilanggengake minangka Kabudayan
Kearipan Lokal sing nduweni nilai (pangerten) adi luhung. Dadi mangga pangerten
budaya lokal sing becik iki kita leluri ben tetep langgeng. Sapa maneh yen ora
kita sing nglestarekake budaya leluhur, sebab yen budaya Jawa bisa kebukten lan
ilmiah. Dudu budaya dogma sing mung kudu manut apa jare lan kudu percaya apa
sing diomongake. Yen budaya Jawa bisa dinalar lan ditlusur bener lan orane.
Mula nganti ana unen-unen sapa salah bakal seleh, sapa sing duwe jangka kudu
jumangkah.
Sumber:
Majalah Panjebar Semangat edisi 1 Januari 2011
Tidak ada komentar:
Posting Komentar