Ritual
Kungkum, Ngluru Supaya Makmur
Dewi
Sri Sapawi nalika ditemoni PS ing omahe tlatah Gading, Kecamatan Pasar Kliwon,
Solo, Jawa Tengah miterang, ing malem taun baru, Setu 31 Desember 2011 ing
wanci tengah wengi dheweke, kandane nemu wagsit saka guru spirituale, Mbah
Putih yen ing negara iki ing taun iki bakal ana prahara sing cukup nggegirisi.
Mula saka kuwi dheweke diprentah supaya nglakoni ritual kungkum ing umbul Tirto
Mulyo sing manggon ana ing desa Desa Kemasan, Kecamatan Sawit, Boyolali, Jawa Tengah.
Prahara
sing bakal dumadi kuwi, awit ora stabil-e pemerintahan lan politik sing gawe
kasangsarane rakyat. Mula ing malem Jum’at utawa Kamis (12/1) tengah wengi
Sapawi banjur duwe niyat nglakoni prentahe gurune mau, kungkum ing panggonan
sing wis dituduhke mau. Sakdurunge Sapawi nglakoni kungkum, nyatane ing kono
wis akeh wong sing padha arep nglakoni tirakat sing padha. Nyatane sing arep
kungkum mau ora sithik udakara wong 50-an.
Dideleng
saka plat nomer kendharaan sing ditumpaki, wong-wong, ora mung saka Boyolali
wae, nanging uga ana sing teka saka Pati, Sukoharjo, Jogja, Semarang lan Solo.
Amarga wong-wong mau ora padha kenal siji lan sijine, mula banjur padha gawe
klompok dhewe-dhewe. Katon ing kono KRA (Kanjeng Raden Adipati) Sueadi
Joyonagoro, penguwasa Kraton Kesultanan Pajang di dhereke sadhengah kawulane.
Puluhan
wong kuwi banjur padha nggelar sajen ing pinggire umbul aupa Hio (dupa wangi),
buah naga, sega tumpeng kuning lan gedhang raja saklirang. Ritual iku banjur
diteruske kanthi padha mlaku ngubengi sendhang sing ing tengahe ana umbule kuwi
kanthi etungan ganjil ana sing kapinng 3,5 utawa 7 dibareng tapa mbisu (ora
omong). Diteruske semadi padha ngalap berkah kanthi pangajabe dhewe-dhewe.
Pas
jam 12 bengi Dewi Sri Sapawi teka, sing nggumunake, nalika Sapawi mlebu areal
sendhang kabeh wong sing ana kono, sing sakdurunge padha gemrengeng suwarane
banjur cep klakep kaya orong-orong kepidak. Mesthi wae kahane bengi kuwi dadi
tintrim, anteng, tanpa ana sing cemuwit. Ora gantalan wektu suwe, katon ing
pojok sendhang sing peteng, awit ora ana siji-sijia lampu sing murup, ing sisih
kidul Sapawi banjur wuda blejet lan miwiti nyemplung sendhang.
Nanging
ora banjur meneng wae, nglangi ngubengi sendhang sing banyune adhem njekut
kuwi. Nah, pas Sapawi nglangi kuwi puluhan wong padha nyebari kembang mlathi
sing sajake wis padha siyapke. Dadine sendhang sing maune banyune bening saiki
kaya kebak kembang mlathi. Gawe cingak! Embuh saka ngendi dumadine, kok
ngerti-ngerti Sapawi sing mau wuda blejet saiki wis ubet-ubetan slendhang sing
dawa cacah papat werna putih, biru enom, biru endhog bebek lan abang enom.
Sakwise
slendhang kuwi jumedhul, banjur wong-wong sing niyat kungkum lagi padha
nyemplung sendhang. Sing wanita padha nganggo pakeyan nglangi, nanging sing lanang
ana sing wuda blejet, uga ana sing mung nganggo kathok njero thok. Wong-wong
mau banjur padha semedi kanthi panyuwunan lan pangajab dhewe-dhewe sing ora
dimangerteni dening siji lan sijine. Beda karo Sapawi terus wae mubeng-mubeng
nglangi ngliwati wong sing kungkum.
Kahanan
kuwi dumadi udakara sakjam. Banjur padha mentas lan mulih dhewe-dhewe, semono
uga Sapawi uga ora ana sing weuh ana ngendi parane. Nanging dina candhake,
Jum’at Legi (13/1) PS banjur mara ing omahe Dewi Sri Sapawi kanggo njaluk katrangan.
Nalika ditakoni bab kuwi, Sapawi mung kandha yen bengi kuwi mung nuruti
prentahe arwahe Mbah Putih, guru spirituale sing ora kasat mata.
Sakbanjure
Sapawi miterang, sakbenere sesaji sing kanggo syarat kungkum mau sakora-orane
buah naga 7 iji, apel 4 iji, saktangkep gedhang raja lan tumpeng sega kuning.
Maknane kanggo nyenyuwun berkah keslametan saka brutale manungsa ing taun naga
banyu iki. Ing antarane slendhang 4 mau mung siji sing bisa kanggo sarana tulak
balak, yaiku sing werna abang enom. Slendhang abang enom mengkone bakal
diwenehke marang Ir. Sri Sutarni, minangka salah sijine trahe Kyai Langsur.
Prosesi
ritual lung tinampang slendhang werna abang enom kuwi dumadi ing dina Minggu
(15/1) udakara jam 9 bengi. Prosesi kuwi dilakoni ing makame Kyai Langsur sing
asma asline KGPH Soeryobroto sing disarekake ing Desa Kelurahan, Kecamatan
Sukoharjo Kota, Sukoharjo. Kyai Langsur mono keng rayine Paku Buwon (PB) VI
utawa putrane PB V sing nomer 12, sing seda ing ngalaga nalika ngusir penjajah
Walanda.
Nanging
sakdurunge lung tinampan slendhang mau, manut wangsit sing ditampa Dewi Sri
Sapawi diprentah njoget kanthi irama melayu sing judhule Adam Hawa. Mula Sapawi
sing uga disekseni wong pirang-pirang, utamane warga Desa Kelurahan, banjur
njoget ing pendhapa makam Kyai Langsur. Saksuwene Sapawi njoget kabeh sing teka
banjur padha nyebari kembang mlathi. Anggone njoget udakara mung 10 menit,
Sapawi banjur njedhak makame Kyai
Langsur lan ngusap-ngusapake slendhang-slendhange ing maesane Kyai Langsur.
Sakwise
kuwi slendhang sing werna abang enom sing maune diubetake ing bangkekane banjur
dicopot lan dipasrahake marang Ir. Sri Sutarni supaya sisimpen lan dirawat sing
becik uga ora oleh dikumbah saksuwene taun iki. Kanggo nggolek keslametan ing
taun iku, welinge Sapawi supaya ing saben omah dipasangi kacang ijo, dhele,
bawang lanang lan terasi sing dibuntel mori putih lan dipasang ing nduwur
lawang sing kanggo mlebu metu.
Sumber
: Majalah Panjebar Semangat Edisi 9, 3 Maret 2012
Tidak ada komentar:
Posting Komentar