Sinopsis
Kumandanging Katresnan
Ana sawijining dina nomnoman jenenge R. Sukmana umure 19 tahun, murid
M.U.L.O. duwe kanca jenenge R. A. Tien Tisnowati putri sala asli, putrane R.B. Djajengsubroto
pensiunan Wedana Bajalali. Daleme ana kampung tamtaman, isih darahing priyayi
luhur turun ningrat. Kenale R. Sukmana kaaro R.A Tien Tisnowati wis lawas
banget. Maune kenale nomnoman loro mau yo mung lugu bae. Nanging lawasing lawas
pada tukul rasa katresnanan, nanging hubungan mau ora direstui marang
keluargane R.A. Tien Tisnowati. Amarga R.A. Tien Tisnowati darahing ngaluhur,
R. Sukmana mung wong lumrah, tur anak randha pisan gek ora duwe. Dene nyatane
mau bareng kapijarsan dening kangramane R.A Tien Tisnowati banget dukane lan
ora merengake yen R. Sukmana ngaarah putrine, malah Sukmana nganti di ancam yen
wani wani mlaku bareng karo anake arep diundangke polisi, yo wiwit iku Sukmana
karo Tien Tisnowati pisah. Ra let suwe R.A. Tien Tisnowati nulis layang marang
R. Sukmana. R. Sukmana bareng maca layang mau sedih banget, kang sisine R.A
Tien Tisnowati arep dijodohke karo R.M Purwodirjo bareng maca mau, saka
rumangsa donya banjur dadi katon peteng lelimengan bumi kaya gonjang ganjing
awake krasa lemes lan samplah, wasana saking sedihe nganti nangis. R Sukmana
saben dino mung deleg deleg memelasi ora doyan mangan, awake tambah kuru marga
saka banget mikire menyang R.A Tien Tisnowati. wis 3 dino R.A Tien Tisnowati
sida dadi temanten karo R.M Purwodirjo ing dinten kamis pon ing malang, nalika temuning penganting R. Sukmana uga
merlokake teka nonton saka sadjabane pager karo wong akeh. Nanging bareng weruh
penganten dijejerake lingguh, R.Sukmana ambruk ora eling, mulihe di dadabjang –
dabjang wong akeh. Wiwit bar kuwi iku R. Sukaman bandjur deleg – deleg bae ono
ngomeh.
weruh tindakane R.Sukmana sing kaya mengkono mau ibune sedih banget.
Ibune wis kaping-kaping ibune ngandani menyang anakne nanging saiki ora pernah
digugu malah digeguyu bae, say sedih meneh weruh amake pikirane rodok ra waras
serimg gemuyu dewe, saya suwe sukmana soyo rusak kelakuane koyo wong owah kae,
sawijining dina wayah sore, nalika semono R. Ngt. Parto Asamara asmane ibune R.
Sukmana lagi mbatik ana buri, kaget krungu suwara mak keompyang binarenganlan
swaraning barang anteb tiba pernahe ana kamare Sukmana, R.Ngt partoasmara ora
kepenak atine banjur enggal – enggal mlayoni. Kaya ngopo kagete bareng mlebu
kamare anake mau, weruh R.Sukmana wis adus getih raine, njrababah ora obah-obah
ana djogan. Sandinge kebak pecahan kaca lemari kang wes ambyar dadi sewalng –
walang. R.Ngt Partoasmara njerit terus ngrungkepi anake sing wes ra obah –
obah. R.Ngt Partoasmara enggal – enggal dijunjung diturukake menyang dipan, ora
suwe dokter teko, terus mriksa sing lagi
podo ra eling mau. Nanging sukmana kudu enggal – enggal digowo menyang rumah
sakit, awit tatune rodok nguwatiri, awit ana sirah, yen ora enggal – enggal
entuk pitulungan bisa membahayani jiwane. Nganty sewulan R. Sukmana kapeksa teturunan
ana rumah sakit tatune pancen bebahayani banget cedak karo otak bareng sukmana wis mari. sukmana jaluk
sekolah meneh marang ibune, sakbanjure ibune menehi restu sukmana mangkat
menyang jogjakarta sekolah gambar, bareng Sukmana wis lulus kulihae Sukmana
banjur menyang bandung kang manggon ana omahe manggadmaja kang nyambut gawe
dadi klerk ana asistenan. Mang Gandaatmaja iku priyayine apik banget nganti
R.Sukmana ngenti dianggep koyo keluargane dewe. Mang Gandaatmaja duwe putri
jenenge Siti Kurniasih umure 17 tahun, dede Siti Kurniasih kuwi bocahe ayu.
Maune R. Sukmana ora duwe rasa apa – apa karo Siti Kurniasih, ora let suwe R.
Sukmana banjur duwe rasa katresnan marang Siti Kurniasih. Suwening – suwe, lam
oleh palilahe wong tuwane sakarone dede Siti Kurniasih banjur di pek bojo.
Bareng let sathun anggone jejodohan banjur pinaringan momongan lanang,
dijenengake Sutrisna. Nanging durung tutug enggone jejodohan nalika Sutrisna
lagi umur setengah tahun. Dedeh Kurniasih banjur tinggal donya, merga lara disentri.
Sawisi sukmna saka bandung sumna enggal menyang sarangan, .pas R. Sukmana
menyang sarangan, derah keranganyar, Sukmana ketemu, sukaman kaget amarga R.A.
Tien Tismowati awake katon rusak, koyo ra keurus, banjur ketemu Tien Tisnowati
nyritakne kabeh marang Sukmana, tekan semono rampung Tien Tisnowati anggone
crita, luhe terus metu kaya udan. R. Sukmana melu ngondok – ondok mbrebes eluhe
mili, banjur cerito R.A. Tien Tisnowati banjur nyuwun panjaluk marang R.
Sukmana. Panjaluke R.A. Tien Tisnowati yaiku Tien matur karo R. Ssukmna, mbok
menawa Tien ora suwe meneh bakal dipundut karo sing gawe urip. Mula sadurunge
aku dipundut, aku arep pasrah menyang panjenegan, arep titip anakku iki, awit
saka panjawaku ora ana meneh sing dak percaya ngrumat anakku iki,aku percaya
seratus persen yen anakkuing tembe burine bakal bisa dadi wong kang utama yen
oleh didikan panjenengan.
Ubenging donja kaya cakra menggilingan mubeng terus ana esuk ana sore,
ana awan ana bengi, ana minggu ana sasi ana sasi ana tahun, terus mubeng ora
leren. Tekan semono ceritane R.S,
Ranuasmara dipunggel awit krasa ngelak gorokane dene Sri Endah Wahyuningsih
katon sedih banget krungu cerita sing nreyuhake melu ngetoake luhe. Sri Endah
Wahyuningsih jerid ngrangkul R.S Ranuasmara kanti luwih dening sedih R.S
Ranuasmaara dewe melu sumedot panggalihe karo ngelus – elus rambute Sri Endah
Wahyuningsih trenyuh. Trenyuh kelingan menjdang lelako kang wis kelakon kang
nyedihake ati.
Saiki Sri Endah Wahyuningsih nembe ngerti yen R.S Ranuasmara priya sing
kapedotan katresnan karo ibune sing nggulawentah deweke wiwit bayi tekan saiki,
iki nganti bisa nyekel gawe. Dadi sakabehing penjalukan ibune mau wis
dilaksanaake kabeh. Kanti becik – becik lan nganti seprene nyatane sih
katresnan wong tuwane angkat karo ibune, kumandanging katresnan isih lumengket
ing panggalihe lan disimpen terus nganti yuswane wis sepuh.
Sri Endah Wahyuningsih banjur jupuk kotak cilik sing dilak banjur
diaturake bapake angkat. Peti ditampa lake ditetel banjur dibukak ing jero ana
isine layang siji lak – lakan lan cepuk. Cepuk dijupuk nuli dibukak ing jero
isi barang mas inten kang awujud gelang kalung, sak liontine sing ditretes
berlian lan suweng mata inten. Sri Endah Wahyuningsih djenger sumlengker weruh
barang – barang larang mau. Kuwi mau barang – barang peninggalne ibune Sri
endah Wahyuningsih. Krungu pendikane bapak angket sing kaya menkono mau, Sri
Endah Wahyuningsih isin lan keranta ranta.
Lan ora suwe mak les menjang pangajunaning pangeran kanti tentrem lan
ayem, bok menawa wis rumangsa marem lan sneng weruh sing ditinggal wis kena
dipitaja. Ragane gilang – gilang kaya wong turu. Sri Endah wahyuningsih sih
kaget. Sanalika jerit ngrungkebi layuni bapake angkat sing wis adem kabeh badan
sakojr. Panjerite Sri Endah wahyuningsih ningsih gawe kagete pak Joto wong loro
podho rebut junjung mlayu menyang kamare bendarane. Kaya ngapa kagete bareng
weruh Sri Endah Wahyuningsih lagi ngrungkebi bendarane kang wis gilang – gilang
tinggal donya. Pak joto sakloron domblong kelingan menjang lelakon sing wis
kapungkur nalika bendarane lagi ngrungkebi layone R.A. Tien Tisnowati.
Bubar mitung dinani kahanan ing omah kono nembe katon bali ayem tentreem
meneh. Mung Rr Sri Endah Wahyuningsih isih katon sedih, awake lungkrah, weruh
koyo mengkono mau. R Susilo banjur ngkipur adine nuli dirangkul. Nanging embuh
apa sebabe bareng tangane nembe wae klumawe, terus katon gumeter drdeg, atine
geter, deg-degan, ora kaya sing uwis – uwis. Bareng susilo ngerti yen Sri Endah
Wahyuningsing kuwi dudu adine kandung, susilo rodok isin arep nemonin, nanging
mendiam R.S Ranuasmara mesen yen bisa susilo karo sri endah wahyuningsih kuwi,
bisa pepasangan.
Bareng 40 dina mendiam bapake susilo karo sri indah wahyuningsin dadi
pepasangan. R susilo atine bungah banjur
mlumpat nyaut anduk lan gosok gigi, terus mlayu menyang kamar mandi Rr Sri
Endah Wahyuningsing mung nyawang karo mesem.
Panggonane clana flanel lan hem pitih lengen dawa mawa dasi biru . sisihe
kenja kang ayu luwes gandes pawakame cilik ramping singset weweg, panggonane
klambi sutra biru kembang putih ceplok – ceplok, jarike gandasuli, teka muwuhi
pantese lungguhe mepet kaya ora kena pisah, dene sing lenggah ana buri piyayi
sekalian wis sepuh, sing kakung umure bangsane 70 tahun dene sing putri 60
tahun. Priyayi sing nunggang motor mau ora liya. Dr, Susilo karo Rr. Sri Endah
Wahyuningsih kang saiki wis dadi garwane nembe oleh 3 sasi, dadi nedeng –
nedenge sing pada pepasihan “.
Sumber: upriksastrajawa.blogspot.co.id
Tidak ada komentar:
Posting Komentar