Suparto Brata, Priyayi klairan Surabaya ing dina Setu Legi 19 Syawal tahun Je 23 Februari tahun 1932 iki klebu sastrawan Jawa Modern kang produktif. Dheweke asring nampa penghargaan seka ngendi-ngendi, ing antarané, pungkasan iki yakuwi ing sasi Oktober 2007, nampa SEA Write Award bebarengan karo para sastrawan liyané: Haji Moksin bin Haji Abdul Kadir - Brunei Darussalam, Ourn Suphany - Kambodia, Ratanavong Houmphanh - Laos, Prof. Rahman Shaari - Malaysia, Michael Coroza - Philipina, Rex Shelley - Singapura, Montri Sriyong - Thailand, lan Tran Van Tuan - Vietnam. Crita rekan (fiksi) sepisanan kang kapacak yaiku ‘’Miss Rika di Angkasa’’ ing Majalah Garuda, 25 Oktober 1953. Sawise kuwi, dheweke kerep nulis crita cekak, sandhiwara, utawa novel. Saliyane nulis ing satra Jawa, dhéwéké uga nulis crita rekan ing sastra Indonesia. Malah, novel pisanan kang digawé nganggo basa Indonesia, yaiku ‘’Tak Ada nasi Lain’’ kang banjur kapacak ing koran Kompas tahun 1990, pirang-pirang taun sawisé novel iku digawé.
Wiwitané nulis nganggo basa Jawa ing Kalawarti Panjebar Semangat ing tahun 1959. Lan nalika majalah iku nganakaké sayembara, dhéwéké nulis Kaum Republik kang banjur menang lan kapacak tahun 1960. Anakalané dhéwéké nganggo jeneng sesinglon (samaran) ‘’Peni utawa ‘’Eling Jatmiko’’.
Suparto Brata iku putrané Raden Suratman Bratatanaya lan Bandara Raden Ajeng Jembawati kang isih turun Pakubuwana V.
Sumber; Wikipedia
Tidak ada komentar:
Posting Komentar