Wayang Gunungan (Kayon) iku yen kawalik, katon wujud gambar geni murub. Iku dadi candra sengkala kang muni " Geni Dadi Sucining Jagad ".
Wataking tembung:
Geni = 3
Dadi = 4
Suci = 4
Jagad = 1
Diwaos saka mburi: 1443, dadi ngucapake taun candra 1443. Iku duk nalika
jaman Demak, minangka prasasti wayang sepisanan ditatah ing lulang
wedhus dening Kangjeng Sunan Kalijaga.
Sekawit sengkalan iku mung kanggo ing petungan taun Saka, nanging
pamburine banjur kanggo pengetan ing taun Jawa, dadi petungan lakuning
wulan. Pengetan awewaton tahun Surya kawastanan Surya Sengkala, dene
kang manut taun Rembulan sinebut Candra Sengkala.
Sengkalan gunane kanggo mentegi sawijining prastawa utawa lelakon. Ukara pengetan mau kudu mengku:
a. Ngemu surasa utawa panyandra kang laras karo kang dipengeti.
Pamilihing tembung lan surasane ukara bisa keplok karo kahanan utawa
lelakon kang ditengeri ing sengkalan mau. Upamane pengetan sedan (tilar
donya), ora mathuk yen dipengeti nganggo tetembungan kang mengku surasa
bungah-bungah lan suka-suka. Dene pengetan wedharing rasa suka-suka
parisuka yo ora prayoga yen pamilihing ukara migunaake tembung-tembung
kang mengku surasa sedhih ngeres-eresi.
b. Pangrakiting tembung-tembung kang kanggo mengeti, kudu mujudake ukara
kang kepenak kaucapake lan mengku surasa kang laras karo prastawa kang
dipengeti.
c. Pemilihing tembung-tembung kudu lumrah kasrambah. Semono uga wataking
tembung-tembung kudu tinemu nalar, lire tembung-tembung kang digunaake
kanggo sengkalan iku padha cetha werdine, dadi ya cetha mengku angka
pira ta pira.
Sumber: tedjatirta.blogspot.co.id
Tidak ada komentar:
Posting Komentar