Jaran
Nyalawadi
Wis
suwene telung puluh taun pak Slamet mbecak. Dheweke pasrah nasib sing mung dadi
tukang becak, senajan ta dadi tukang becak, sing penting halal carane anggone
nggolek duit. Anak bojo kudu dipakani, anak kudu bisa sekolah., ngono prinsipe
pak Slamet.
Wayah
isuk-isuk jam papat Ibu Martijah masak-masak nggo Pak Slamet lan anake.
Masak-mask wis rampung saiki nggugahi anak bojo.
“Pak, tangi pak, ngko
rejekine kesusu dipatok ayam.”
“Iya bu.” Pak Slamet
langsung tangi lan mlaku menyang kamar mandi.
Saiki ibu Martijah
mlebu kamare anake
“Lela, tangi lel, engko
kawanan mangkat sekolane.”
“Ah bu, engko delat
maning esih ngantuk bu.” Lela njawab karo matane esih merem karo kelon bantal
guling.”
“Lel, tangi wis awan .”
Leli tangi lan langsung mlebu menyang kamar mandi.
Pak Slamet, Bu Martijah
lan Lela sarapan bareng. Sawise rampung sarapan, Pak Slamet siap mbecak lan
Lela sipa mangkat sekolah.
“Bu, mangkat disit ya bu”
Pak Slamet pamitan karo dheweke meh nganggo topi.
“Iya pak, ati-ati
muga-muga penumpange olih akeh ya pak.”
“Iya bu, amin.
Assalamualaikum” Pak Slamet njawab terus nggenjot becake.
“Waalaikumsalam.”
Ora saya suwe Lela
pamitan karo ibuke.
“Bu, Lela mangkat
mangkat dhisik bu.”
“Ya nok, ati-ati.”
“Ya bu.
Assalamualaikum.”
“Waalaikumsalam.”
Lela
mangkat sekolah, Pak Slamet uga wis mangkat mbecak. Saiki Bu Martijah
resik-resik omah, lan sawise resik-resik banjur lunga menyang omahe Bu Fatma
kanggo masak-masak. Ya Bu Martijah diprecaya dening Bu Fatma kanggo masak,
merga bu Fatma pancen wong sibuk banget nganthi ora sempet masak nggo
keluargane.
***
Wis
suwe anggone tekan ing pangkalan, nanging Pak Slamet durung olih penumpang
siji-sijia, semono uga kanca-kancane Pak Slamet.
“Duh nasib-nasib.”
Celathune Tejo karo udud.
“Primen Jo ?” Pak
Slamet njawab
“Bisa laka penumpang
babar blas. Kaya kiye nasibe dadi tukang becak, ora ana sing gelem numpak
bacak. Saiki motoran kabeh sih ya, dadi ya sepi kaya angkutan ya dadi sepi
penumpange.”
“Emang pancene kaya
kuwe. Sing sabar nrima apa anae. Sing penting halal carane nggoleti duit. Lah
daripada kae sing pegawe sing gajiane akeh nemen eh jebul esih kurang marem
malah korupsi ya rakyat sing rugi.”
“iya yah bener omongne
sampeyan.”
Durung rampung anggone
kandha-kandha, ana penumpang sing arep mbecak.
“Pak becak.”
“Nengendi bu ?” jawabe pak Slamet.
“Prapatan lampu merah
Pasar Balamoa.”
“Ya bu.”
Pak Slamet ngaterake
penumpange. Banjur ora saya suwe wis tekan ing prapatan lampu merah pasar
Kresna.
“Alhamdulillah lumayan
olih penumpang kena nggo nyambung urip.” Celathune Pak Slamet.
Sawise
ngaterake penumpang, banjur Pak Slamet balik maneh menyang pangkalan. Durung
tekan ing pangkalan, ana penumpang sing ngawe-awe. Langsung wae Pak Slamet
mandheg.
“Iya bu arep ngendi bu
?”
“BRI Jatirawa.”
“Iya bu.”
Langsung
wae Pak Slamet ngaterake penumpange ing BRI, sawise ngaterake penumpang dheweke
banjur nerusake marang pangkalan. Ora saya suwe dheweke tekan ing pangkalan.
“Mending olih
penumpang.” Celathune Tejo
“Alhamdulillah Jo. Wis
olih penumpang durung ?”
“Durung koh Met sepi
nemen.”
Ora
saya suwe Tejo olih penumpang. Dheweke langsung ngaterake penumpange ing
tujuan. Ora saya suwe jebul wayah wis jam papat sore. Pak Slamet lan kanca-kanca
becakan padha mulih ing omahe dhewe-dhewe. Ing dalan Pak Slamet mbecak karo
awake padha lesu merga mung olih duit sethitk.
Ora saya suwe dheweke tekan omah.
“Assalamualaikum.”
“Waalaikumsalam pak.”
Ibu njawab karo lagi nyaponi latar umah.
Ibu
sing lagi nyaponi latar omah, leren anggone nyapu, meh nyawisake wedhang teh
karo mangan kanggo Pak Slamet. Sawise iku banjur nerusake nyaponi maneh. Ora
saya suwe jebul wis maghrib, sawise wis padha sembahyang keluargane padha
nonton TV karo kandha-kandha.
“Primen pak, mau awan
penumpange akeh apa sethithik pa ?” celathune ibu Martijah sing lagi ndondomi
klambi sing suwek.
“Setitik bu.’
“Ya wis. Saiki pancen
angel ya pak nggoleti penumpang. Apa maning saiki jamane wong-wong padha duwe
motor. Malah sakeluwarga luwih sing siji. Apa maning saiki kreditan bayar
limngatus ewu wis olih motor.”
“Iya bu. Angkutan ya
saiki sepi.”
Ora
saya suwe jebul wis jam sepuluh bengi. Pak Slamet meh mangkat mangkat ing
terminal. Lan ora saya suwe, Pak Slamet wis tekan ing terminal. Dheweke ngnthi
meh jam siji bengi durung olih penumpang. Dheweke banjur mulih marang omahe.
Durung tekan omah, ing tengahing dalan pak Slamet weruh jaran ing tengah dalan.
“Lah kok ya tengah
wengi ana jaran mandheg neng tengahe dalan.”
Pak Slamet sing
dhewekan ya wedi langsung wae nggenjot becake age-age tekan ing omah. Tekan
omah awake teles mung kemringet mergaa weruh jaran tengah wengi ning dalan.
PURNA
Karya; Lina Retnowati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar