Prasaja
Minangka
jejering wong urip, mokal yen or asrawung karo wong liya, apes-apese karo
tangga kiwa tengen. Yen wayahe wis omah-omah banjur duwe anak, yen anake wayah
sekolah pasrawungane mundhak jembar, ditambah karo wong tuwane kancane anak.
Yen wong tuwa mergawe, pasrawungane malah saya jembar, karo kanca sakantor.
Yen
diwiwiti saka bocah uga mangkono. Wiwitane kanca lan mitrane uga kang manggon
ing kiwa tengene omah. Najan jaman saiki, ora sethithik bocah kang ora tau
srawung karo tangga kiwa tengene, awit tansah dikungkung ing omah. Sawise
sekolah, pasrawungane mundhak jembar. Kawiwitan saka kanca sakelas, banjur karo
kanca sasekolahan.
Sing
wigati, jroning pasrawungan mau mesthi kedadeyan apa kang diarani interaksi, utawa daya-dinayan. Asile
bisa ngundhakake kawruh, nanging uga bisa njalari bilahi.
Yagene
ora? Jroning pasrawungane manungsa, apa kang cepet dhewe cinathet saka asile
srawung, sing sepisanan mesthi blegering lair. Kawiwitan saka dedeg piadeg,
solah bawa lan tindak tanduk, banjur kang magepokan karo anggon-anggon.
Pawongan kang bregas, adate migatekake marang anggon-anggon sarta gebyaring
samubarang kang tumempel ing salira. Bisa wae dheweke ora duwe niyat pamer,
nanging tumrapewong sing nyawang bisa wae ndayani kemrungsung ing dhadha. Awit
apa ? mletiking pepenginan marang samubarang kang dianggo wong liya, utawa
thukuling niyat ngejori. Yen wong liya bisa, yagene aku ora ? rak padha
menungsane ta ?
Yen
sing rumangsa kalah mau mergawe, adate banjur mbudidaya sregeo nyambut gawe,
bebasan sikil digawe sirah, nyambut gawe tekuk ringkel (bekerja keras). Yen wis
ngene diprayitna ngati-ati. Samubarang mono ana watese. Yen anggone nyambut
gawe nggethu mau ngluwihi dayane raga, oleh-olehane mesthi lara. Yen wis lara
kudu mertamba. Jaman saiki, arep mertamba ora ana sing wragade murah. Ing rumah
sakit, sithik-sithik doktere muni, “masuk!” (tegese diakon ngamar utawa
opname), utawa “bukak!” (tegese oprasi). Iki isih durung sepira. Yen kanggo
nuruti hardane hawa nafsu mau kudu direwangi tumindak culika, lha iki, kena
diarani ancik-ancik ing pinggir jurang, bisa nyemplung pakunjaran.
Mula
sajroning nglakoni urip, luwih becik kanthi prasaja, apa anane. Yen menganggo
sandhangan prayoga sing sarwa resik, nadyan yektine modele wis kuna. Ing
jagading pasrawungan, durung ana je wong dikunjara awit menganggo kang sarwa
kuna. Nadyan kuna, sing wigati slamet, awit
duweke dhewe, ora silihan, ora asike pek-pinek darbeking liyan. Nglakoni
apa anane kaya mengkono, yen wis kulina ora njalari kemrungsung awit pepenginan
kang ngaya wara. Anane mung adhem ayem, tanpa melik, utawa pepenginan nggayuh
samubarang kang ora keconggah. Luwih prayoga, yen sajroning bale wisma
samubarang dirembug bebarengan antarane laki lan rabine. Aja nganti, sajake ora
ana bab kang ndrawasi weruh-weruh sing wadon keblegan utang kang ora sethithik.
Utawa kartu kredite ngluwihi wates, malah dadi urusan pulisi. Bareng ditlesih,
jebule ing lemari kebak barang branded (merek
kondhang, tas wae regane bisa puluhan yuta). Utawa, weruh-weruh salah siji
dipapag pulisi, awit culika nggunakake dhuwit kantor. Tartamtu bab ngene
mujudake brahala. Yen salah siji turu penjara, kahanan omah mesthi gothang,
susahe tansaya ngambra-ambra.
Kanggo
ngawekani bab-bab kang kaya mangkene, becike dikulinakake nimbang-nimbang sadurunge
tuku barang. Sing arep dituku mau mujudake kebutuhan apa pepenginan. Kabutuhan,
yen ora ana barang mau njalari masalah. Upamane butuh tas kerja. Yagene butuh,
awit tas sing ana wis jebol, saengga yen mergawe ora ana sing kanggo wadhah
piranti nyambut gawe. Candhake, kanggo nemtokake barang kang arep dituku. Yen
dhuwite pancen ana sarta luwih-luwih, tuku sing merek kondhang ya ra apa-apa.
Ning yen dhuwite cumpen luwih becik tuku tas samadya sing wigati kena dinggo
kerja.
Menyang
para putra, becike uga digula wenthah urip prasaja. Sing kudu dicukupi mono
kabutuhan, dudu pepenginan.
Sumber:
Majalah Panjebar Semangat edisi 9, 3 Maret 2012
Tidak ada komentar:
Posting Komentar