Rabu, 06 Januari 2016

Tembang Jawa Pendhisil























Sumber: nguripuribasajawa.blogspot.co.id

Suparto Brata

Suparto Brata, Priyayi klairan Surabaya ing dina Setu Legi 19 Syawal tahun Je 23 Februari tahun 1932 iki klebu sastrawan Jawa Modern kang produktif. Dheweke asring nampa penghargaan seka ngendi-ngendi, ing antarané, pungkasan iki yakuwi ing sasi Oktober 2007, nampa SEA Write Award bebarengan karo para sastrawan liyané: Haji Moksin bin Haji Abdul Kadir - Brunei Darussalam, Ourn Suphany - Kambodia, Ratanavong Houmphanh - Laos, Prof. Rahman Shaari - Malaysia, Michael Coroza - Philipina, Rex Shelley - Singapura, Montri Sriyong - Thailand, lan Tran Van Tuan - Vietnam. Crita rekan (fiksi) sepisanan kang kapacak yaiku ‘’Miss Rika di Angkasa’’ ing Majalah Garuda, 25 Oktober 1953. Sawise kuwi, dheweke kerep nulis crita cekak, sandhiwara, utawa novel. Saliyane nulis ing satra Jawa, dhéwéké uga nulis crita rekan ing sastra Indonesia. Malah, novel pisanan kang digawé nganggo basa Indonesia, yaiku ‘’Tak Ada nasi Lain’’ kang banjur kapacak ing koran Kompas tahun 1990, pirang-pirang taun sawisé novel iku digawé.
Wiwitané nulis nganggo basa Jawa ing Kalawarti Panjebar Semangat ing tahun 1959. Lan nalika majalah iku nganakaké sayembara, dhéwéké nulis Kaum Republik kang banjur menang lan kapacak tahun 1960. Anakalané dhéwéké nganggo jeneng sesinglon (samaran) ‘’Peni utawa ‘’Eling Jatmiko’’.
Suparto Brata iku putrané Raden Suratman Bratatanaya lan Bandara Raden Ajeng Jembawati kang isih turun Pakubuwana V.

Sumber; Wikipedia

Wayang "Dewi Kunthi"

DEWI KUNTHI
Dewi Kunthi uga sing diarani Kunthinalibranta lan Dewi Prita yaiku kalebu Putri sing kepilih. Dewi Kunthi ngewujudake keturunan keluarga Yadama, putri Prabu Basukunthi, Raja ing Mandura. Dewi Kunthi nduweni sedulur yaiku Arya Basudewa, Arya Prabu Rukma, lan Arya Ugrasena.
Dewi Kunthi nduweni watak kang welas asih lan tresna. kawit cilik deweke wis mulai ngangsu kawruh lan ngolah batin. Dheweke ngangsu kawruh karo Resi Druwasa, guru spiritual saka Kraton Mandura. Saka Resi Druwasa, Dewi Kunthi disanguni mantra Adyitahredaya utawa Aji Pameling sing bisa nyepaki Bhatara Surya. Kamangka kuwi,  Dewi Kunthi ngandhut saka Bhatara Surya. Padahal wektu kuwi Dewi Kunthi isih dilamar para Raja lan satriya saka mancanegara. Kanggo nemtukake sapa kang bakal dadi garwane, Prabu Basukunthi nganakake sayembara "Giri Patembaya" kang isine : sapa wonge sing bisa ngalahake Arya Basudewa bakal dijodohke karo Dewi Kunthi. Ananging Prabu Basukunthi murka amarga ngerti yen anake ngandhut, apa maneh Dewi Kunthi durung nduwe garwa. Amarga Raja murka, Dewi Kunthi banjur diutus maca mantra "Aji Pameling" kanggo ngrawuhake Resi Druwasa supaya ngadhep Prabu Basukunthi. Amarga saka keampuhan lan kesaktiane Resi, bayi kang dikandhut Dewi Kunthi bisa lair liwat talinga. Saengga Dewi Kunthi tetep bisa kajaga keperawanane, lan bayi mau diwenehi jeneng "Karna" uga bisa diarani Suryatmaja utawa Suryaputra.
Kanggo njaga kehormatane kerajaan, Karna banjur digawa Resi Druwasa lan dilarung. Bayi mau ditemu Kusir Kreta Kerajaan Ngastina sing jenenge Adirata. Sayembara utawa perang tandhing sing digelar mau dimenangke dening Narasoma, putra Raja Mandaraka. Dewi Kunthi langsung dipasrahake. Ananging Prabu Narasoma wis ngucap sumpah ora bakal nggarwa kajaba karo Dewi Pujawati, mangka hak sayembara pindah ing Narasoma. Akhire Narasoma perang tandhing dening Pandhu sing telat teka ing acara sayembara. Pandhu akhire sing menang tandhing dening Narasoma, yaiku bisa ngalahake Aji Canrabirawa duweke Narasoma sing terkenal ampuh. Kunthi banjur dipasrahake. Kanggo ngakoni tanda kekalahane Narasoma, adhine Narasoma kang aran Dewi Madrim uga dipasrahake dening Pandhu.
Ana ing tengah ndalan nalika bali ning Ngastina, Pandhu ketemu dening Arya Suman utawa Sengkuni, putra Prabu Gandara, sing sajake uga pengin melu sayembara perang tandhing. Nanging amarga telat ora sida perang, ning Sengkuni langsung nantang perang tandhing nglawan Pandhu. Nanging Sengkuni uga bisa dikalahke, banjur Dewi Gendhari, adhine sengkuni dipasrahake dening Raden Pandhu.
Raden Pandhu bali ing Ngastina nggawa telung putri. Sawise tekan kraton, Pandhu banjur masrahake putri-putri mau dening Ramane, Wiyasa. Sabanjure Wiyasa dhawuh dening Destarasta supaya milih dhisik salah siji putri mau. Destaratra milih Dewi Gendhari adhine Sengkuni. Saengga putri loro mau yaiku Dewi Kunthi lan Dewi Madrim resmi dadi garwane Raden Pandhu. Saka Dewi Kunthi, Raden Pandhu nduwe telung putra yaiku Puntadewa, Werkudara, lan Arjuna. Dene saka Dewi Madrim, Raden Pandu duweni putra kembar kang aran Nakula lan Sadewa.
Tatkala Negara Ngastina dipasrahake dening Prabu Destarasta, Dewi Kunthi kang wakil saka Pandhawa nganakake perjanjian supaya Prabu Destarastra nguwasani Ngastina tekan nalika. Pandhawa wis mampu nata praja. Sabanjure Ngastina bakal diserahke maneh dening Pandhawa,  perjanjian mau disaksikake Prabu Matswapati, Raja Wirata, Prabu Drupada, Raja Pancala, Resi Drona, Prabu Salya, Raja Mandaraka, lan Begawan Wiyasa. Ananging amarga pengaruh Dewi Gendhari lan Arya Sengkuni, negara Ngastina dadi bahan rebutan antarane Kurawa lan Pandhawa.
Dewi Kunthi lan Pandhawa nuntut baline negara Ngastina. Sawise bola-bali dirembug nanging ora ana hasile. Sabanjure Dewi Kunthi nuntut dening Prabu Matswapati lan Sri Kresna supaya dadi pinengahe Pandhawa lan Kurawa. Nanging amarga kabeh macem rembugan ora nggawa hasil kang becik, Dewi Kunthi lan Pandhawa nempuh sarana perang tandhing, perang Bharatayudha. Pandhawa bisa numpas bala Kurawa lan wis mesti negara Ngastina bali dadi milik Pandhawa maneh. Dewi Kunthi ngrasa wis rampung kewajibane. Prabu Destarastra lan Dewi Gendhari banjur lunga saka Ngastina lan tapa ing tengah alas, kuwi uga sing dilakoni dening Dewi Kunthi. Akhire Dewi Kunthi, Dewi Gendhari, lan Prabu Destarastra kebakar ana ing tengah alas.
Sumber: desifrasiska.blogspot.co.id

Tembnag Jawa Mbok Yo Mesem

E..e..e…mbok yo mesem, mrengut pedahe opo..
E..e..e…mbok yo ngguyu, susah pedahe opo..
Penjalukmu dik, tetepo ing janji
Ojo ewuh, ojo tansah cuwo..
Nadyan aku ugo tan selak ing janji,
E…mesemo tansah tak enteni..
Yo bareng angudi luhuring kagunan,
Watone tumemen mesti kasembadan..
E..e..e…mbok yo mesem, mrengut pedahe opo..
E..e..e…mbok yo ngguyu, susah pedahe opo..
Penjalukmu dik, tetepo ing janji
Ojo ewuh, ojo tansah cuwo..
Nadyan aku ugo tan selak ing janji,
E…mesemo tansah tak enteni..
Yo bareng angudi luhuring kagunan,
Watone tumemen mesti kasembadan..

Tembang Jawa Kelinci Ucul

Kelinci Ucul

Ngubengi kutha sak teruse ing desa desa
Marga aku anggoleki sing tak tresnani klinciku ucul
Lunga mangetan Surabaya terus nyang Bali
Mangulon lunga nyang Bandung ora ketemu
Terus aku nyang Jakarta 
Jebul ora ketemu adhuh klinciku aja mbeda aku
Terus bali nyang Semarang klinciku wus ana ing kandhang
Lha jebulane grusa-grusu keburu napsu
Wekasane montang-manting ragate akeh
Aku dhewe sing kebanting

Geguritan Si Unyil (6)

Kado Sederhana

Kado cilik, imut, manis
Ya iku kadomu kanggo aku
Najan isine ora sepiraa
Aku seneng banget karo kadomu
Muga iki tansah dadi pratandha kang widada kanggo kita
Salawase

Karya: Lina Retnowati

Sinopsis Babad Tanah Jawa

  Nyritakake asal usule senopati, pendiri dinasti Mataram, petualangane Seonopati sedurunge dadi raja Mataram, lan raja-raja gantine Senopati. Ing wektu mbiyen  raja-raja ing tanah Jawa dikenal seneng pamer silsilah utawa asal-usul keturunane, dadi alat kanggo nglanggengake kekuasaane. Silsilahe Senopat sing saka nabi Adam nganti dewa-dewa agama Hindhu. Silsilah kuwi jelasake yen dinasti Mataram kuwi keturunan saka tokoh-tokoh sing luar biasa yaiku kelompok awal, kelompok nabi. Banjur disusul kelompok dewa lan raja ing pewayangan, kelompok seteruse yaiku raja Kediri, banjur Pajajaran lan Majapahit. Saka dinasti majapahit kuwi dinasti Mataram ngaku asale. Raja Majapahit terakhir sing diaku nurunke raja Mataram yaiku Brawijaya V.
Sumber: desifrasiska,blogspot.co.id

Tembang Caping Gunung Lan Maknane


 Caping Gunung
Dhek jaman berjuang
njur kelingan anak lanang
mbiyen tak openi
ning saiki ana ngendi

Jarene wis menang
keturutan sing digadhang
mbiyen ninggal janji
ning saiki apa lali
  • Reff:
Neng gunung tak cadhongi sega jagung
yen mendhung tak silihi caping gunung
sokur bisa nyawang
gunung desa dadi reja
dene ora ilang
nggone padha lara lapa
Artinya:
Ketika masa berjuang
jadi teringat anak lelakiku
Dulu aku rawat
Namun sekarang entah di mana

Katanya sudah sukses
Terpenuhi apa yang diinginkan
Dulu dia berjanji
Namun sekarang apakah sudah lupa

Di gunung aku sediakan nasi jagung
Kalau mendung aku pinjami caping gunung
Syukurlah jika sempat menyaksikan
gunung desa makin ramai
Hingga takkan hilang
perjuangan bersama dengan susah payah

Selasa, 05 Januari 2016

Metikan

Tembung Metikan asale saka tembung “petik”. Metikan yaiku pasugatan utawa pesta rakyat kang kagelar ing saben taun sedurunge PG Pangka nggiling tebu, ngasilake gula. Metikan wis ana awit jaman Belanda. Saben arep musim giling tebu, dianakake slametan giling kang diiringi dening pasugatan utawa psta rakyat kanggo pegawe lan masarakat sekitar pabrik gula.
Pasugatan sing ana ing metikan iku antarane pasar malem kang ngadoli kebutuhan sandang, pangan, lan papan kanggo masarakat. Uga bisa didadekake bisnis kanggo para pengusaha lan pedagang kanggo ngadoli barang dagangane. Wiwit saka obral klambi, jajanan khas kayata martabak manis lan martabak telur akeh kang adolan ing sedawane dalan pinuju areal metikan. Pedagang perabotan, dolanane bocah, komedi puter, biang lala, tong setan, karoke, omah setan, lan liya-liyane.
Ing taun 90-an, ana uga layar tancep, yaiku minangka pasugatan kang paling dienteni ing acara metikan iki. Nanging saiki pasugatan kanggo penutupan diganti dadi wayang kulit, wayang golek, band performance, utawane organ tunggal.
Metikan padatane dianakake kurang luwih 15 dina sekitar wulan April nganti Mei saben taune. Metikan kaya-kaya magnet kang bisa narik pengunjung saka desa seje, kabupaten seje, malah ana sing saka kota seje. Antusiasme iki nggawe panitia metikan aweh papan arupa kapling-kapling kang disewakake minangka stand pasar malem ing sekitaran PG Pangka. Ora ketinggalan ana uga aparat keamanan gabungan saka Aparat Pamarentah utawa karang taruna kayata Polsek Pangkah, Koramil, Pamong Praja Kecamatan nganti Hansip, supaya acara metikane lancar lan slamet.
Metikan iki ora mung ana ing Pangkah, nanging uga ana ing Jatibarang, Kabupaten Brebes kanthi waktu nganakakene urut-urutan, ing PG Jatibarang kang isih raket ubungane karo PG Pangka.
Sumber: siskaditya28.wordpress.com

Gunungan Geni

Wayang Gunungan (Kayon) iku yen kawalik, katon wujud gambar geni murub. Iku dadi candra sengkala kang muni  " Geni Dadi Sucining Jagad ".

Wataking tembung:

Geni = 3
Dadi = 4
Suci = 4
Jagad = 1

Diwaos saka mburi: 1443, dadi ngucapake taun candra 1443. Iku duk nalika jaman Demak, minangka prasasti wayang sepisanan ditatah ing lulang wedhus dening Kangjeng Sunan Kalijaga.

Sekawit sengkalan iku mung kanggo ing petungan taun Saka, nanging pamburine banjur kanggo pengetan ing taun Jawa, dadi petungan lakuning wulan. Pengetan awewaton tahun Surya kawastanan Surya Sengkala, dene kang manut taun Rembulan sinebut Candra Sengkala.

Sengkalan gunane kanggo mentegi sawijining prastawa utawa lelakon. Ukara pengetan mau kudu mengku:

a. Ngemu surasa utawa panyandra kang laras karo kang dipengeti. Pamilihing tembung lan surasane ukara bisa keplok karo kahanan utawa lelakon kang ditengeri ing sengkalan mau. Upamane pengetan sedan (tilar donya), ora mathuk yen dipengeti nganggo tetembungan kang mengku surasa bungah-bungah lan suka-suka. Dene pengetan wedharing rasa suka-suka parisuka yo ora prayoga yen pamilihing ukara migunaake tembung-tembung kang mengku surasa sedhih ngeres-eresi.

b. Pangrakiting tembung-tembung kang kanggo mengeti, kudu mujudake ukara kang kepenak kaucapake lan mengku surasa kang laras karo prastawa kang dipengeti.

c. Pemilihing tembung-tembung kudu lumrah kasrambah. Semono uga wataking tembung-tembung kudu tinemu nalar, lire tembung-tembung kang digunaake kanggo sengkalan iku padha cetha werdine, dadi ya cetha mengku angka pira ta pira.
Sumber: tedjatirta.blogspot.co.id

Wangsite Sunan Kalijaga

IKI WANGSITE KANGDJENG SUSUHUNAN KALI DJAGA
AMRATELAKAKE KANG BAKAL KALEKSANAN ING SADJRONING
DJAMAN KARAHMATUTLAH


Ing atasing 'aral Basarijah kabeh, jekti pada nandang Zawali­jah, tegese : pepalanganing manusa iku pada kena owah gingsir, ija iku dadi pratandane apesing kawula, kajekten ing dalem 'Adam­chukmi, katon saka pangrasa kaja ing ngisor iki:

I. Kang dihin; awit katon 'alam Rochijah, tegese `alaming njawa. apadang dudu padanging rahina, tanpa keblat lor, wetan, kidul, kulon, tengah, ngisor, tuwin duwur, ing kono andulu sagara tanpa tepi, iku wahananing ati, kawimbuhan tjahjaning uteg; sa­tengahing sagara katon ana durjat pantjamaja, tegese sesotya saka osik limang warna, kaja tedja gumawang tjahjane, iku wahananing djantung, kawimbuhan tjahjaning djohar awal, ija iku manik, kang pantjamaja bandjur nglimputi djatining ati, dadi pangareping sarira, djumeneng ana tengahing samodra kang tanpa tepi mau, ernpane angawasake dumunung ana ing tjipta, papand anjidikake among dumunung ana pandulu, pangrungu, pangganda, pamirasa miwah pangrasa, sadjroning tjipta bandjur sarupa djalma, diaran mukasifat, dene kawasane amung nuntun saliring sifat kabeh; ing nalika iku adja nganti kasamaran marang panengeraning rupa kang suwidji, ija rupa kita pribadi djumeneng 'alip muta kalimun wakit', tegese sifat kang angandika seketjap tanpa karana lesan: ing kono dimantep ing iktikad, sebab wajanganing roch wis ngatoni sadjroning pramana, ija roch kita pribadi, sampurnane anunggal kahanan marang 'alaming rahsa, ija rahsa kita pribadi.

II. Kang kapindo, sasirnaning 'alam Rochijah katon 'alam Sirijah, tegese 'alaming rahsa, padange angluwihi padanging 'alam Rochijah, ing kono tekaning tjahja patang warna, ireng, abang, kuning, putih, iku wahananing budi angetokake kakananing napsu hawa patang prakara, kang pada dadi durgarnane rahsaning ati, katon tumaruntun sidji-sidji;

1) Kang wiwit katon disik tjahja ireng, iku kahananing nafsu Luamah, hawane ing nalika urip amarakake dahga, urip luwe sapanunggalane, wahanane ing waduk, wahjane saka lesan, kada­dijane ing sadjeroning tjahja ireng, katon saliring sato kewan miwah gegremetan, pada anggora-goda kaja anganggep Pangeran, prabawane bumi gondjing, araning nafsu diarani 'alan Nasut, tegese lali; poma dienget sarta santosa, adja nganti korup ana sadjeroning tjahja ireng, bokmanawa nitis marang sato kewan miwah gegremetan.

2) Ora antara suave tjahja ireng sirna, nuli katon tjahja abang, iku kahananing nafsu Amarah, hawane ing nalika urip amarakake durga angkara, panasten, deduka sapanunggalane, wahanane ing rempelu, wahjane saka karna, kadadijane tjahja abang, katon saliring budi srani miwah brekasakan, ija pada anggora-goda kaja anganggep Pangeran, prabawane geni gede murup angalad-alad, 'alaming nafsu diarani 'alaming Djabarut, tegese asreg, ing nalika iku panggonanirg rekasa, poma disareh sarta santosa, adja nganti korup ana sadjeroning tjahja abang, bokmanawa nitis marang brekasakan.

3) Ora suwe tjahja abang sirna, nuli katon tjahja kuning, iku kahananing nafsu Supijah, wahanane ing nalika urip amarakake murka, pepenginan, pakareman sapanunggalane, wahanane ing limpa, wahjane saka netra, kadadijane sadjeroning tjahja kuning, katon saliring manuk miwah bangsaning iber-iberan, ija pada anggo­ra-goda kaja anganggep Pangeran, prabawane angin pantjawora gede, `alaming nafsu diarani `alam Lahut, tegese gingsir; ing nalika iku panggonaning renggang saliring anggotaning sarira, poma ditetep sarta santosa, adja nganti korup ana sadjeroning tjahja kuning, bokmanawa nitis marang manuk miwah bangsa iber-iberan.

4) Ora suwe tjahja kuning sirna, nuli katon tjahja putih, iku kahananing nafsu Mutmainah, hawane ing nalika urip amarakake lobaning kautaman sapanunggalane, kajata : anglakoni pudjabrata kang kalantur-lantur ora mawas watara, wahanane ing balung, wahjane saka ing grana, kadadi.ane ing sadjroning tjahja putih, katon saliring iwak loh miwah bangsaning buron banju ana sagara rahmat, ija pada anggora goda kaja anganggep Pangeran, prabawane banju bening tanpa sangkan, `alaming nafsu diarani 'alam Malakut, tegese karaton; ing nalika iku panggonane uninga karaton, kang rinakit maha mulia. Adja nganti korup ana sadjeroning tjahja putih, bokmanawa nitis marang iwak loh utawa bangsaning buron banju.

Mungguh sarnpurnane papat pisan iku pada anunggal kaha­nan marang 'alaming tjahja, ija tjahja kita pribadi.


III. Kang kaping telu, sasirnaning `alam Sirijah katon `alam Nurijah, tegese 'alaming tjahja, padange angluwihi padanging 'alam Sirijah, ing kono tekaning tjahja mantjawarna, ireng, abang, kuning, putih, idjo, gumelar bareng pada katon karaton sarwa raras kabeh iku wahananing pantjadrija, kawimbuhan tjahjaning pramana, `alaming pantjadrija diarani `alam Idajat, tegese pituduh, dene anuduhake panggonane nalika gumelaring karaton, ananging dudu sadjatining karaton kang rinakit maha mulja, ija iku kara­toning panasaran, kajata:

1) Karaton kang katon ana sadjeroning tjahia ireng, iku kara­ton dzating sato kewan miwah gegremetan.
2) Kang ana sadjeroning tjahja abang, iku karaton dzating brekasakan.
3) Kang katon ana sadjeroning tjahja kuning, iku karaton dzating manuk miwah iber-iberan.
4) Kang katon ana sadjeroning tjahja putih, iku karaton dzating iwak loh miwah buron banju.
5) Kang katon ana sadjeroning tjahja idjo, iku karaton dzating tetuwuhan.

Nuli ing nalika iku ana kapijarsa swara kaja tangising baji nalika lahir, bandjur mangsit anuduhake karaton kang agung kang maha mulja, poma didjinem sarta santosa, adja nganti anjipta milih salah sawidjining karaton, bokmanawa kalebu ing karaton panasaran.

Mungguh sarnpurnane kang katon mangkono iku pada anung­gal kahanan dadi tjahja wening ana sadjeroning alam Nurijah uga.


IV. Kang kaping pat, isih sadjeroning `alam Nurijah, ing kono katon tjahja wening, sadjeroning tjahja ana urub sawidji angadeg sasada lanang gedene, darbe sorot wolung warna, ireng, abang, ku­ning, putih, idjo, biru, wungu, dadu, gumelar bareng dada katon sawarga sarwa asri kabeh: iku wahanane warnaning pramana, kawimbuh­an dening suksma, 'alaming pramana diarani `alam 'Iskat, tegese bi­rahi, dene panggonane rumasa brangta marang gumelaring swarga, ananging dudu sadjatining swarga kang maha suktji dudu panggonan kang nikmat manfa'at rahmat, ija iku kahjanganing djin kabeh, amung panggonan kamukten bae, kajata:

1) Swarga sarwa ireng meles meleng-meleng mimba mustikaning burni, iku kadadijane saka nistaning tjipta, jen djumeneng ing kono bokmanawa dadi ratuning djin ireng.
2) Swarga sarwa abang abra marakata, mimba sesotya genijara, iku kadadijane saka dustaning tjipta, jen djumeneng ing kono bokmanawa dadi ratuning djin abang.
3) Swarga sarwa kuning sumunar mimba retna dumilah, iku kadadijane saka doraning tjipta, jen djumeneng ing kono bokmanawa dadi ratuning djin kuning.
4) Swarga sarwa putih maja-maja wenes mimba manik maja, iku kadadijane saka sedyaning tjipta, jen djumeneng ing kono bok­manawa dadi ratuning djin putih.
5) Swarga sarwa idjo angenguwung pinda manik tindjomaja, iku kadadijane saka santosaning tjipta, jen djumeneng ing kono bokmanawa dadi ratuning djin idjo.
6) Swarga sarwa biru mujek mimba manik nila pakadja, iku kadadijane saka sambawaning tjipta, jen djumeneng ing kono bok­manawa dadi ratuning djin biru.
7) Swarga sarwa wungu menges mimba manik pusparaga, iku kadadijane saka santosaning tjipta, jen djumeneng ing kono bok­manawa dadi ratuning djin wungu.
8) Swarga sarwa dadu muntjar mimba mirah dalim, iku kadadijane saka owah gingsiring tjipta, jen djumeneng ing kono bokmanawa dadi ratuning djin dadu.

Ing nalika iku mambu gandane sakehing kajangan mau, amrik arum angambar kaja anarik rahsa, poma adja nganti karasakake, bokmanawa kalebu swarga panasaran.

Mungguh sirnane kang katon mangkono iku, pada anunggal kahanan dadi tjahja mantjur ana sadjeroning 'alam Uluhijah, ija isih tjahja kita pribadi.

V. Kang kaping lima, sasirnaning 'alam Nurijah katon 'alam Uluhijah, ija 'alam Ilahjah, tegese 'alam Nurijah, ing kono katon tjahja mantjur; sadjeroning tjahja ana sipating rerupan kaja tawon gumana, djumeneng ing makam pang, tegese panggonan waskita, iku warnaning suksma kang amimba saliring warna kabeh, anglim­puti sakubenging djagad tjilik djagad gede saisen-isene, uripe saka pramaning rahsa; nalika iku katekan malaekat warna bapa kaki sapanunggalane leluhur saka lanang, angaku utusaning dzat Kang Maha Suktji kinon angirid marang Kalaratu'llah; poma disantosa, adja nganti angimanake, sabab iku af'aling suksma kita pribadi.

Mungguh sampurnane kang katon mangkono iku, pada anung­gal kahanan dadi tjahja mantjorong ana sadjeroning `alam Ulu­hijah uga, ija tjahja sira pribadi.

VI, Kang kaping nem, isih sadjeroning 'alam Uluhijah, sang­saja wuwuh padange, ing kono katon tjahja mantjorong, sadjero­ning tjahja ana sipating rerupan kaja golek gading, asawang peputran mutyara, dudu lanang dudu wandu, djumeneng ing makam baka, tegese panggonan langgeng; iku pramaning rahsa kang amurba amisesa ing 'alam kabeh, ananging uripe saka dza­ting atma, ing nalika iku katekan widadari warna bijung nini sapa­nunggalane leluhur saka wadon, angaku utusaning dzat Kang Maha Suktji, kinon angirid marang Kalaratu'llah; poma disantosa, adja nganti angimanake, sabab iku af'aling rahsa kita pribadi.

Mungguh sampurnane kang katon mangkono iku, pada anunggal kahanan dadi tjahja gumilang tanpa wewajangan, ana sadjeroning 'alam Uluhijah uga, ija isih tjahja kita pribadi.


VII. Kang kaping pitu, isih sadjeroning 'alam Uluhijah, tanpa kira-kira padange, ing kono ora katon apa-apa, amung tjahja gumilang tanpa wewajangan, iku wahjaning atma sadjati, anunggal tjahjaning dzat Kang asipat Esa, ora arah ora enggon, tanpa kanta rupa warna, sepen saka ganda swara, amung waluja kaja kadim azali abadi, kadadiane saka atma kita asarupa Maha Mulja, kang amur­ba amisesa, kang kawasa anitahake saliring `alam, kang anglimputi ing `alam kabeh, apranawa mengku saliring makam sampurna, urip dewe ora ana kang ngurupi, dibasakake: 'kajun bi la raochim', tegese urip tanpa njawa, ija iku kadadiane tadjalining Gusti kang Maha Suktji Sadjati, kang amung dzate, kang wisesa asmane, kang sam­purna af'ale, dumunung ing urip kita pribadi: ing kono margane `ibarat: konusing tjuriga supana, anglimputi kaju urip kang sadjati, amawa tanda kasatmata ing dalem tjipta kaja gebjaring tjaleret, metu saka badan kita pribadi: ija iku sampurnaning ketek sadje­roning utek, bareng karo sampurnaning atma dadi tjipta, sampur­naning tjipta dadi kawasa, sampurnaning kawasa dadi purba, sampurnaning purba dadi wisesa, sampurnaning wisesa dadi waskita; bandjur ora mawa antara Pamoring Kawula Gusti, apulang kajun ing dalem Muchammad Hakiki, tegese tunggal urip ana sadjeroning tjahja sedjati, kang gumilang tanpa wewajangan; ija iku durjating urip kita, bali marang durjat mulih dadi sadjati­ning dzat mutlak kang kadim azali abadi, dibasakake 'kajun bidaraeni', tegese urip, ing kahanan loro, ana ing `alam Sahir kita urip, ana ing 'alam Kabir ija urip, dumunung ing kalarat kita kang sedjati, langgeng ana sadjroning kahanan kang maha mulia sarwa nikmat manfa'at rahmat tanpa karana, tegese apa kahananing kono metu saka kodrat kita kabeh; pada sanalika bandjur rumasa waluja dadi dzating Gusti Kang Maha Sutji Sedjati Asipat Esa, Ing kono bakal kajekten udjaring babasan.

Dene kajekten manawa aningali tanpa netra mung waskitane kang uninga amijarsa tanpa karna, ija iku amung wisesa, angganda tanpa grana, mung purba, angandika tanpa lesan, ija iku amung kawasa, ing satemah wus sarwa kawasa, mengku purba wisesa sarta waskita, ora kasamaran marang kang gaib-gaib, sarta enget wewentehan marang saniskaraning purwa madya wasana.

Panemune Pudjangga Ranggawarsita, kang kawasitakake marang para siswa-siswane: "Adja uwas sumelang ing ati". Ing wekasan sumangga, angon-angon ana ing karsa, katarima ana ing saria. Sarehning aku mung sadarma ngimpun sakehing 'ilmu saka we­wedjanging guru sawidji-widji, pangrasaning atiku win genep etunge, kuranpa kaja ora akeh.

Ewadene dek bijen ana kang dadi pangunguning atiku, ing sadurunge kadjaten teka saka guru, ija iku amung bab pepangkataning sakaratilmaut, sadjeroning `adamchukmi, teka mawa pangrasa samu­barang, kang andadekake durgamaning sangkan-paran, panemuning atiku kaelokan temen, dene teka dahat antan-antan mawa anjran­tekake pepangkating tontonan sawidji-widji, manawa temena kala­kon mangkono, saiba enggone kapienaken ing pangrasa, marang tontonan iku. Kala samana aku bandjur amiterangake marang Kaki Guru; wangsulane kaja ing ngisor iki:

Sira iku djebeng! andupara manawa rupaka ing pambudi, ana­nging amung lagi kadung saka panimbanging pamatara. Wruhanira, kang kapratelakake ana ing pepangkataning sakaratilmaut iku, minangka pituduh marang wong mukmin 'am, supaja sumurupa kang bakal kaleksanan ing delahan, bebasan: sabetjikane anglakoni tanpa tuduh, sejekti prajoga kang weruh nganggo sesurupan, `ibarate kaja wong desa arep seba ing ratu, ana kang anuduhake margane lumebu marang kadaton, winarah awit saka Pangurakan, nuli angambah ing Galadag, nuli angambah ing Alun-alun, nuli angam­bah ing Waringin-Kurung, manawa metu ing Sitinggil nuli angam­bah ing Pagelaran, nuli angambah sadjeroning Sitinggil, nuli angambah ing kori Bradjanala, nuli angambah ing Kamandungan, nuli angambah ing kori Srimanganti, nuli angambah ing Plataran djero­ning Pura, ing kono manawa ana begdjane bisa marek ing abjantara Nata. Dene kang kambah mau kabeh sajekti pada kadulu isen-­isene, sarta ana kang dadi larangane dewe-dewe. Pae kang wus parek ing Ratu, sebane ora susah nganggo pituduh, ladju bisa marang abjantara Nata bae.

Kaja mangkono uga ing djaman sakaratilmaut, manawa wong kang wus tinitah dadi mukmin kas, saka katarima lakune dewe, sajekti bisa angesti tjipta tjantjude amatrapake

Pandjenenganing dzat, supaja ora karasa apa-apa, lan adja kongsi katon sawidji-widji, ladju kawasa mandjing marang sadjeroning 'alam Uluhijah kewala, anunggal kahanan lawan Pangeran Kang Maha Suktji ana ing dalem tjahja gumilang tanpa wewajangan, ija tjahja kita pribadi.

Samono iku terange pisan wus kasebut ing kijas jasan-dalem Ingkang Sinuhun Kangdjeng Sultan Agung, ing nalika karsa amra­joga patraping sangkan paran, metu saka ilhaming panggalih dalem, kekeran sadjati .mufakat kalawan kanjatahane, kaja kang kotjap riwajat duk Iman Rochanijah Djapar Sidik ing tanah 'Arab, wus anglakoni seda ing dalem sadina, wekasan bisa sugeng maneh. Iku njaritakake kang katingal awit angangkat karaos mingsed rahsaning atma, ing sabandjure kongsi tutug ing sadjeroning 'alam Uluhijah, tekaning widadari. Ingkono Iman Rochanijah Djapar Sidik, kasma­ran marang widadari iku. rahajune kaemutake bandjur djinatenan, manawa meh andungkap ing kahanan maha mulja, sadjeroning tjahja gumilang tanpa wewajangan, ananging durung rnangsane bisa tumeka ing kono, wekasane Iman Rochanijah Djapar Sidik bali marang 'alam donja, nganggo tinuduhake dedalan kang bener, sarta winarah djatining saniskara kang katingalan kabeh.

Iku kamu­lane Iman Rochanijah Djapar Sidik katjarita bisa wungu saka ing seda, ladju kasebut Rochanijah, tegese njawa akeh, murade binasakake sugih njawa. Manawa ing tanah Djawa Kangdjeng Susuhunan ing Kalidjaga, ija mangkono uga. Ananging bisa anan­tjudake ing pangukudan, sartane ladju muksa dadi Rizalu'llah Gaib, kongsi ing saprene iki.

Ana wangsite kang winarahake, manawa rumasa kaliru panga­rah kita ing tembe, patrape sadjeroning tumiba ing `alam pana­saran iku, amung meneng sarta santosa, ing kono sirnaning beka rentjana, bokmanawa ladju bisa tutug ing kahanan kita kang sadjati.

Bareng Kaki Guru wis sadjarwa mangkono iku, teka anarima rasaning atiku (Pudjangga Ronggawarsita), dene mundak terang ing sesurupan saka oleh parmaning Pangeran Kang Maha Suktji.

Sumber: tedjatirta.blogspot.co.id

Ringkesan Serat Sabda Jati

SERAT SABDA JATI


            Nyritakake piwulang utawa ajaran aja nganti ninggalake perbuatan sing becik, supaya pikantuk keselametan lan kawujud cita-citane, lan kudu tetep bisa prihatin supaya adoh saka prilaku sing ala. Kabeh kuwi kudu dilaoni kanthi sabar, sebab yen ora bisa sabar, kebeh kabecikan bisa dadi bubrah. Yen nganti kena prilaku sing ala, kuwi wis dadi sarange iblis lan bakal susah, sarta ora bisa nglakoni prilaku sing becik. Yen wis ngono kuwi wis ora gelem nglaoni prilaku sing becik, wis ora bisa bedakake prilaku sing becik lan sing ala. Manungsa sing urip ing jaman kerepotan, suwe-suwe bakal duweni rasa prihatin. Ing kono bakal bubare jaman Kala Bendu sing diganti jaman Kala Suba, rakyat cilik bisa seneng ora kekurangan, lan kabeh cita-citane kawujud.
Sumber: desifrasiska.blogspot.co.id

Tembang Macapat

 S.M POCUNG

Bumi iku panjagane kanthi subur
Mulane ya padha
Gelem jaga ben lestari
Aja ngrusak kabecikane lingkungan
S.M DURMA

Wit-wit iku kudu dho di lestarekno
Aja mung di tebangi
Ora tanggung jawab
Marang uripe alam
Mula padha setiti
Nandur wit-witan
Ing bumi konservasi
S.M KINANTHI

Nguri-uri kanthi luhur
Basa kita basa jawi
Basa kanggo saben dina
Akeh wong kang nyinauni
Mula pancen kudu padha
Kita ngaggo basa jawi

S.M ASMARADANA

Mula ayo nguri-uri
Budaya ing tanah Jawa
Kanthi temen lan kang bener
Aja nganti budaya kang
di rebut karo tangga
Mula ayo padha mlaku
Lan padha nglestarekake

S.M GAMBUH

Bumi kang kudu subur
Aja ngrusak, supaya ra gugur
Tetep subur, mula ben tetep lestari
Padha nandur wit-wit iku
kabecikane sedaya

S.M MIJIL

Kudu mantep, padha gawe becik
Aja ngrusak alam
Padha jaga marang lingkungane
Jaga bumi supaya lestari
Kanggo konservasi
Supayane subur
S.M PANGKUR

Karusakane lingkungan
Minangka asil karyane wong urip
Ingkang ora mikir butuh
Mulane ayo padha
Jaga lan nglestarekake kanthi mathuk
Pangayomane lingkungan
Pancen tugase wong urip
S.M SINOM

Mula padha nglestarekna
Wit-witan ing bumi iki
Lan kabeh kudu di jaga
Apa kang ana ing bumi
Jaga kanthi setiti
Supayane tetep subur
Supaya tetep endah
Mulane padha nyawiji
Padha nandur, kanggo kaendahan alam

S.M MEGATRUH

Basa Jawa budayane dho di tiru
Pendhudhuk ing donya iki
Akeh kang padha sinau
Mula kudu di openi
Mula dho di lestarekno
S.M DHANDHANGGULA

Saben dina kudu jaga bumi
Jaga alam kanthi temenan
Kudu di lestarekake
Ben bumi iki subur
Ora sepa, tetep sumringah
Aja malah di rusak
Mula urip rukun
Bareng-banreng jaga alam
Bumi endah, bumi kang konservasi
Mula ayo di jaga

S.M MASKUMAMBANG

Urip iki, kudu gelem jaga bumi
Aja malah ngrusak
Mula ayo kudu wani
Jaga wit-witan ing alam 

Sumber: desifrasiska.blogspot.co.id

Sinopsis Novel Gedhong Setan

RESENSI NOVEL ‘T SPOOKHUIS
“GEDHONG SETAN“
1.      IDENTITAS NOVEL
a.       Judul Novel           : Gedhong Setan
b.      Penulis                   : Suparto Brata
c.       Penerbit                 : Narasi Yogyakarta
d.      Tahun Terbit          : 2010
e.       No.Seri ISBN       : ISBN (10) 979 – 168 – 251 – 8
: ISBN (13) 978 – 979 – 168 – 251 – 0
f.       Dimensi                 : 14,5 cm x 21 cm
g.      Jumlah Hlm.          : 108 hlm
h.      Jenis Kertas           : CTS
2.      SINOPSIS NOVEL “GEDHONG SETAN”
Sing diarani Gedhong Setan, basa Landane ‘t spookhuis, ing Surabaya jaman Landa biyen (sadurunge Jepang nyerbu Asia Wetan) ana loro. Yakuwi Gedhong Setan ing Pasar Kembang, sing nalika (1990) gedhonge isih madeng magrong – magrong ing pernah pucuke Jalan Pasar kembang yen disawang saka elor, nanging fungsine wis dudu omah papan panggonan. Gedhong kuwi wis suwung wiwit sakupenge gedhong durung dadi pakuburan Cina. Sing sijine ‘t spookhuis van Tanjungan, yakuwi gedhong ing wilayah Tanjungan, sangarepe Hotel Oranje rada menceng ngalor sithik. Ing gedhong setan loro – lorone jarene kerep ana kedadean kang ora bisa kanalar, upamane meja – kursi prabot omahe mlaku – mlaku dhewe, mangka ora ana lindhu. Kerep wae wong sing mlebu mrono dikatoni memedi, yakuwi makhluk sing bisa ngilang lan ngaton. Wong banjur padha wedi ngambah gedhong kuwi, lan terus karan Gedhong Setan. Ora mung wong jawa, wong – wong Landa iya padha percaya mangkono kuwi.
Crita iki ngandhakake Totje, sawenehe pelajar HBS, wong Jawa sing ora percaya karo anane memedi. Dheweke dikrubuti pelajar HBS sinyo – sinyo Landa liyane kang yakin banget karo anane memedi ing Gedhong Setan. Anggone ngrubut padha totohan, yen Totje wani mlebu gedhong kono ing wayah bengi malem Jumat, Totje menang.
Ing wayah sore dina Kemis Wage, Totje nyepakake piranti samubarang sing arep digawa menyang Gedhong Setan, kayata sentolop, glathi, kenthes, lan foto tustel jangkep karo lampu blitze sing bakal kanggo bukti yakuwi asil jepretan foto yen bengi malem Jum’at Kliwon Totje mlebu ‘t Spookhuis. Totje ditantang para sinyo Landa supaya wani mlebu menyang Gedhong Setan sing umure wis rongatusan taun seprene wis ora ana manungsa sing wani mlebu mrana, amarga Totje  sing ora percaya karo anane memedi. Kebh padha crita bab setan sing ana ing Gedhong Setan kuwi. Jare salah sijine narasumber Hendriks de Zwarver, Gedhong setan ing Pasarkembang kuwi pancen angker tenan. Dheweke nyritakake kedadeyan sing dialami dening pembantune, pembantu mau ing wayah surup numpak sepedha ngliwati ngarep Gedhong Setan dicegat wong wedok, di jaluki ter menyang kampung Banyuurip. Marga satujuan padha, si pembantu gelem tetulung. Wong wedoke digoncengke, wiwit nggonceng ya lumrah wae, ora abot.  Nanging during nganti sepuluh genjotan, rasane wong sing digoncekake saya abot. Wasana sepedhane njomplang. Rumangsane nalika tangi, dheweke weruh wong wedok kuwi ayu tenan. Mangka wayah surup ketok cetha. Bareng wis sadhar, pembantune de Zwarver kedandapan mlayu. Kabeh crita kuwi ora gawe Totje percaya, dheweke tetep percaya yen ora ana bangsa lelembut. Dheweke bakal buktekake yen dheweke wani mlebu menyang Gedhong Setan ing malem Jum’at. Sadurunge Totje mlebu menyang Gedhong Setan, Totje di kongkon maca isi majalah d’Orient nomer 211 tanggal 4 September 1941. Terus esuke Totje disilihi majalah kancane terbitan meh rong minggu kepungkur. Bareng tekan omah, Totje maca majalah kuwi sing ditulis dening Ben Roenberg. Ing kono ana crita yen sapa sing wani mlebu menyang Gedhong Setan mesthi ditekani setan, ilu – ilu banaspati, utawa nyawane wong – wong sing mbiyen tau manggon ing kono. Sawise maca, Totje tetep oran percaya yen ing Gedhong Setan kuwi ana dhemite.
                Ing wayah sore wektu Totje nyepakake piranti – piranti, dheweke kedhayohan tamu cah ayu kaya Cinderella. Yakuwi Soniahennie Heuvelman, prawan indo sing awake molig, rambute pirang, irunge mbangir, kulite alus. Totje ora percaya yen ana nonik gelem dolan menyang omahe jaka Jawa. Antarane Totje lan Sonia ora ana apa – apa. Biyen Totje wis tau ngajak dansah Sonia ing sapatemon pesta sekolah. Sonia wong ayu, lan Totje wong lanang normal sing ora kuwat ora nyoba nembung ngajak dansah wektu krungu alunan musik kang endah. Ing wayah sore mau Sonia mara ing omah amarga arep ngancani Totje mlebu menyang Gedhong Setan. Sadurunge uga Jaan van Vliet nembung marang Totje yen dheweke arep ngancani dadi seksi menyang Gedhong Setan. Totje ngrasa aneh, amarga Jaan kuwi kanca seje kelas sing salawase ora tau omong. Nanging nalika saya cedhak karo dina Kemis Wage, dina sing dadi janji Totje kudu mlebu menyang Gedhong Setan malah nembung yen dheweke arep ngancani  mlebu ‘t Spookhuis. Nanging anggone dadi seksi percuma, amarga tanpa konsultasi lan konfirmasisaka kanca – kanca sing padha melu totohan. Lan maneh wis padha disepakati, tanpa seksi kanca – kanca padha trima, anggere ana buktine. Bukti yen Totje bener tenan bengi kuwi mlebu  menyang Gedhong Setan. Lan sing bakal dienggo bukti foto. Mulane Totje disilihi lan diajari motret dening Martin Steendam.
            Wektu Sonia ing omahe Totje, Jaan mara lan uga tetep arep ngancani Totje menyang Gedhong Setan. Bareng wis cukup wengi, wong telu kuwi budhal numpak dhokar saka omahe Totje  ing Tamarindelaan menyang Pasarkembang, menggok ngiwa sithik wis tekan sabrang dalan saka dununge Gedhong Setan ing Pasarkembang kuwi. Pak Kusir dhokar kuwi ora percaya yen penumpange arep mudun ing ngarep Gedhong Setan. Nganti kaping telu anggone takon, kaya – kaya ora percaya karo pangrungune. Pak Kusir kerep noleh lan nglirik para penumpange sing padha lungguh ing mburi, amarga tujuane penumpang kuwi sing aneh, Pasarkembang pojokan kampung Kupang Panjaan. Yen awan ora apa – apa. Bareng wektu kuwi bengi, apa maneh malem Jum’at Kliwon. Banjur Pak Kusir crita yen winginane ana wong dodol ditukoni wong wedok. Lha wong wedok kuwi njaluk rasane sing pedhes. Bareng ditakoni pedhese sepira, malah anggone jawab karo njulurake lambene, di dhudhut karo tangane. Lambene dawa saya dawa nganti sak lengen. Nanging Totje ora wedi anggone Pak Kusir crita, amarga Totje kuwi wong sing ora percaya karo anane memedi. Wis tekan pucuk gang kampung Kupang Panjanaan, dhokar wis mandheg. Panggonan kuwi sanajan ing pinggir dalan gedhe Pasarkembang, nanging wis nlusup banget ing tengahe kuburan. Panggonan kuwi dikupengi kuburan Cina. Wiwit sadurunge pucuke Tamarindelaan mau, dalan kuwi wis dikupengi kuburan. Kiwa tengen, ngarep mburi kuburan kabeh. Kahanane peteng ndhedhet. Gedhong gedhe tingkat loro, yen awan katon mengklik ijen ing punthuk lemah pegunungan Kendheng. Ijen oran nduwe tangga omah utawa gedhong liyane, ora ana gedhong liya maneh ing sakiwa tengen, mung dikupengi kuburan, yakuwi Gedhong Setan. Yen gedhong kuwi mbiyen duwe pekarangan amba, isih katon saka pager lan regol pekarangane. Nanging saiki antarane gedhong lan lawang pager wis dijejeli bangunan kuburan.
                   Barang – barang gawanan diteliti, foto tustel, kenthes, sentolop, glathi, kenthongan gedhe wis kagawa kabeh. Wong telu kuwi terus nyabrang dalan, nyabrang ril OJS, nyabrang kali ngliwati kreteg sing luwih dhuwur tinimbang kutha Surabaya. Ambune kemenyan diobong campur sangit – sangit nyogrok irung. Ing pojok cagak regol ana buwangan kembang setaman lan anglo areng sing isih mawanen. Kembang lan kuthuk panganane setan, jare wong Jawa. Mawa anglo kuwi nganti bisa dadi awu, amarga ditudhungi mligi tulak udan. Kuwi gawene wong kampung cedhak – cedhak kono sing duwe pakulinan saben malem Jum’at caos dhahar marang setan – setan ing gedhong satengahe kuburan Cina kuwi. Caos dhahar utawa aweh panganan marang setan, ing pamrih para lelembut ing kono ben aja padha ngganggu wong – wong kampung cedhak – cedhak kono mau, sak keluwargane lan tangga teparone.
                 Sonia  mripate pendirangan wedi, tangane srawean nyoba nglawan apa –apa ing gegere, ing mburine. Sajak ana sing nggondheli utawa ana sing nahan lakune. Pranyata roke Sonia sing ngrembyak, kecanthol pager ruji wesi, sandhangane katut kejepit. Ditarik digawa mlaku ora bisa. Kadhung kaget kadhung wedi, sikile nganti dhengkelen ora bisa jumangkah, dheweke tiba ndheprok nglendheti awake Jaan. Jaan gurawalan kabotan anggone nulungi. Jaan van Vliet ndhisiki, ilang diuntal peteng.
Lawang Gedhong Setan saya cedhak. Atine Totje saya tratapan. Ambegane Sonia sentik – sentik, dheweke wedi banget. Pikiran lagi mangro, saka gebyare thathit kang ora pati padhang. Totje krasa ana barang obah ing ndhuwure, banjur disoroti gawa sentolop. Jebul tenan, ana makhluk aneh cangkeme ndoweh, ilate melet, manthuk – manthuk, mlangkring ing papan ndhuwur. Sonia jerit – jerit kamigilan. Sonia keweden ngajak mulih, nanging Totje tetep ngleremake atine Sonia sing keweden. Sing disenggoh makhluk aneh mau jebul reca singa barong rergengane kuburan ing kono. Katon ndhas sing areca watu kuwi matane mlolong, cangkeme mblowoh njuwewek. Dene sing marahi obah - obah sajak arep ngranggeh kuwi papah godhong gedhang kang nglawer nggesrek – nggesrek endhas reca kuwi. Obah – obah kena tetesan banyu udan saka payon omah bong, payon omah – omahan sing mayoni kuburane wong Cina.
                 Sawise kuwanenane Sonia pulih, Totje siyap – siyap nutugake laku. Jaan van Vliet, Landa sing melu mlebu menyang Gedhong Setan, ngajak Sonia malah ndhisiki ora gelem bareng – bareng. Dheweke malah lunga ngilang. Satemene Totje luwih percaya yen ing njero omah kuwi ora ana dhemite, nanging sing gawe godha – godha kuwi manungsa sing urip ing alaming jagag kasat. Totje kumendel wani mlebu Gedhong Setan amarga ditantang karo sinyo -  sinyo Landa. Dheweke teka ing gedhong kuwi ora arep ganggu apa – apa, mung arep ngleksanani yen dheweke wani bengi – bengi malem Jum’at Kliwon mlebu menyang omah setan kuwi ing wayahe bangsa lelembut gentayangan golek mangsa. Totje ora preduli ana kancane apa ora. Sing perlu mung dheweke mlebu menyang Gedhon Setan. Lha ndelalah ana swara dadakan wong mlayu , kamera njepret, Byar ! Jebul Jaan van Vliet mlayu kedandapan, dheweke keweden, ngomong yen weruh setan mata amba mencorong. Totje ora percaya lan nerusake anggone mlebu Gedhong Setan kuwi. Jaan lan Sonia ngetutake, ketara yen wedi lan mung manut – manut wae. Ndelalah ana swara ora genah basane. Swarane wong wadon gawa basa Cina. Ing kono Totje kelingan anggone maca majalah d’Orient sing diwaca wingi kae. Ana swarane wong wadon Cina Ciu Giok Nio sing nyawane nglambrang wiwit patine rongatus taun kepungkur keprungu ing dhuwur loteng. Totje  lagi percaya yen makhluk ing alaming lelembut kuwi ana. Bubar kedadeyan kuwi Totje awake lara ana ing Rumah Sakit. Dheweke turu ing kamar sing resik gumrising, ana kembang kiriman maneka warna ing vas, lan tamu – tamu sagrombolan bangsa Walanda kabeh pdha ngancani Mami nunggoni Totje sing lagi turon ing kamar Rumah Sakit.
           Totje entuk groeten lan pangaji – aji saka kancane sak kelas, lan entuk hadhiyah pangalembana saka ‘t Hoofd Commissarist van de Politie. Para sing andher banjur padha nyalami Totje. Ana sing nyandhang pulisi pangkate komisaris, ana sing nyandhang klambi dhokter, lan liya – liyane. Padha nyalami Totje karo ndremimil ngucapake slamet lan pangalembana. Esuke, dina Ngat Paing, Totje oleh metu saka rumah sakit. Totje wiras wiris mung gares karo bathuke isih krasa njarem.
                    Jebul kedadeyan kuwi mung akal – akale Jaan van Vliet supaya bisa plesiran karo Sonia. Anggone melu mlebu menyang Gedhong Setan mau digunakake kanggo ngumbar hawa nafsune marang Sonia. Sonia ora ngreti maksute Jaan sing jahat. Lan saiki Totje wis ngreti apa wae sing di leksanani Jaan  wektu ing Gedhong Setan. Ceritane dadi saya gamblang. Totje wis mbongkar kegiatane de Vijfde Cologne kang ditindakake dhedhemitan dening wong Jepang. Wong – wong Jepang kuwi nglakoni kegiyatan mata – mata, nglakoni kegiyatan kaya mengkono kanggo kepentingane negarane.
Sumber: desifrasiska.blogspot.co.id

Sinopsis Novel Kumandanging Katresnan

Sinopsis
Kumandanging Katresnan
Ana sawijining dina nomnoman jenenge R. Sukmana umure 19 tahun, murid M.U.L.O. duwe kanca jenenge R. A. Tien Tisnowati putri sala asli, putrane R.B. Djajengsubroto pensiunan Wedana Bajalali. Daleme ana kampung tamtaman, isih darahing priyayi luhur turun ningrat. Kenale R. Sukmana kaaro R.A Tien Tisnowati wis lawas banget. Maune kenale nomnoman loro mau yo mung lugu bae. Nanging lawasing lawas pada tukul rasa katresnanan, nanging hubungan mau ora direstui marang keluargane R.A. Tien Tisnowati. Amarga R.A. Tien Tisnowati darahing ngaluhur, R. Sukmana mung wong lumrah, tur anak randha pisan gek ora duwe. Dene nyatane mau bareng kapijarsan dening kangramane R.A Tien Tisnowati banget dukane lan ora merengake yen R. Sukmana ngaarah putrine, malah Sukmana nganti di ancam yen wani wani mlaku bareng karo anake arep diundangke polisi, yo wiwit iku Sukmana karo Tien Tisnowati pisah. Ra let suwe R.A. Tien Tisnowati nulis layang marang R. Sukmana. R. Sukmana bareng maca layang mau sedih banget, kang sisine R.A Tien Tisnowati arep dijodohke karo R.M Purwodirjo bareng maca mau, saka rumangsa donya banjur dadi katon peteng lelimengan bumi kaya gonjang ganjing awake krasa lemes lan samplah, wasana saking sedihe nganti nangis. R Sukmana saben dino mung deleg deleg memelasi ora doyan mangan, awake tambah kuru marga saka banget mikire menyang R.A Tien Tisnowati. wis 3 dino R.A Tien Tisnowati sida dadi temanten karo R.M Purwodirjo ing dinten kamis pon ing malang,  nalika temuning penganting R. Sukmana uga merlokake teka nonton saka sadjabane pager karo wong akeh. Nanging bareng weruh penganten dijejerake lingguh, R.Sukmana ambruk ora eling, mulihe di dadabjang – dabjang wong akeh. Wiwit bar kuwi iku R. Sukaman bandjur deleg – deleg bae ono ngomeh.
weruh tindakane R.Sukmana sing kaya mengkono mau ibune sedih banget. Ibune wis kaping-kaping ibune ngandani menyang anakne nanging saiki ora pernah digugu malah digeguyu bae, say sedih meneh weruh amake pikirane rodok ra waras serimg gemuyu dewe, saya suwe sukmana soyo rusak kelakuane koyo wong owah kae, sawijining dina wayah sore, nalika semono R. Ngt. Parto Asamara asmane ibune R. Sukmana lagi mbatik ana buri, kaget krungu suwara mak keompyang binarenganlan swaraning barang anteb tiba pernahe ana kamare Sukmana, R.Ngt partoasmara ora kepenak atine banjur enggal – enggal mlayoni. Kaya ngopo kagete bareng mlebu kamare anake mau, weruh R.Sukmana wis adus getih raine, njrababah ora obah-obah ana djogan. Sandinge kebak pecahan kaca lemari kang wes ambyar dadi sewalng – walang. R.Ngt Partoasmara njerit terus ngrungkepi anake sing wes ra obah – obah. R.Ngt Partoasmara enggal – enggal dijunjung diturukake menyang dipan, ora suwe dokter teko,  terus mriksa sing lagi podo ra eling mau. Nanging sukmana kudu enggal – enggal digowo menyang rumah sakit, awit tatune rodok nguwatiri, awit ana sirah, yen ora enggal – enggal entuk pitulungan bisa membahayani jiwane. Nganty sewulan R. Sukmana kapeksa teturunan ana rumah sakit tatune pancen bebahayani banget cedak karo otak  bareng sukmana wis mari. sukmana jaluk sekolah meneh marang ibune, sakbanjure ibune menehi restu sukmana mangkat menyang jogjakarta sekolah gambar, bareng Sukmana wis lulus kulihae Sukmana banjur menyang bandung kang manggon ana omahe manggadmaja kang nyambut gawe dadi klerk ana asistenan. Mang Gandaatmaja iku priyayine apik banget nganti R.Sukmana ngenti dianggep koyo keluargane dewe. Mang Gandaatmaja duwe putri jenenge Siti Kurniasih umure 17 tahun, dede Siti Kurniasih kuwi bocahe ayu. Maune R. Sukmana ora duwe rasa apa – apa karo Siti Kurniasih, ora let suwe R. Sukmana banjur duwe rasa katresnan marang Siti Kurniasih. Suwening – suwe, lam oleh palilahe wong tuwane sakarone dede Siti Kurniasih banjur di pek bojo. Bareng let sathun anggone jejodohan banjur pinaringan momongan lanang, dijenengake Sutrisna. Nanging durung tutug enggone jejodohan nalika Sutrisna lagi umur setengah tahun. Dedeh Kurniasih banjur tinggal donya, merga lara disentri.
Sawisi sukmna saka bandung sumna enggal menyang sarangan, .pas R. Sukmana menyang sarangan, derah keranganyar, Sukmana ketemu, sukaman kaget amarga R.A. Tien Tismowati awake katon rusak, koyo ra keurus, banjur ketemu Tien Tisnowati nyritakne kabeh marang Sukmana, tekan semono rampung Tien Tisnowati anggone crita, luhe terus metu kaya udan. R. Sukmana melu ngondok – ondok mbrebes eluhe mili, banjur cerito R.A. Tien Tisnowati banjur nyuwun panjaluk marang R. Sukmana. Panjaluke R.A. Tien Tisnowati yaiku Tien matur karo R. Ssukmna, mbok menawa Tien ora suwe meneh bakal dipundut karo sing gawe urip. Mula sadurunge aku dipundut, aku arep pasrah menyang panjenegan, arep titip anakku iki, awit saka panjawaku ora ana meneh sing dak percaya ngrumat anakku iki,aku percaya seratus persen yen anakkuing tembe burine bakal bisa dadi wong kang utama yen oleh didikan panjenengan.
Ubenging donja kaya cakra menggilingan mubeng terus ana esuk ana sore, ana awan ana bengi, ana minggu ana sasi ana sasi ana tahun, terus mubeng ora leren. Tekan semono ceritane  R.S, Ranuasmara dipunggel awit krasa ngelak gorokane dene Sri Endah Wahyuningsih katon sedih banget krungu cerita sing nreyuhake melu ngetoake luhe. Sri Endah Wahyuningsih jerid ngrangkul R.S Ranuasmara kanti luwih dening sedih R.S Ranuasmaara dewe melu sumedot panggalihe karo ngelus – elus rambute Sri Endah Wahyuningsih trenyuh. Trenyuh kelingan menjdang lelako kang wis kelakon kang nyedihake ati.
Saiki Sri Endah Wahyuningsih nembe ngerti yen R.S Ranuasmara priya sing kapedotan katresnan karo ibune sing nggulawentah deweke wiwit bayi tekan saiki, iki nganti bisa nyekel gawe. Dadi sakabehing penjalukan ibune mau wis dilaksanaake kabeh. Kanti becik – becik lan nganti seprene nyatane sih katresnan wong tuwane angkat karo ibune, kumandanging katresnan isih lumengket ing panggalihe lan disimpen terus nganti yuswane wis sepuh.
Sri Endah Wahyuningsih banjur jupuk kotak cilik sing dilak banjur diaturake bapake angkat. Peti ditampa lake ditetel banjur dibukak ing jero ana isine layang siji lak – lakan lan cepuk. Cepuk dijupuk nuli dibukak ing jero isi barang mas inten kang awujud gelang kalung, sak liontine sing ditretes berlian lan suweng mata inten. Sri Endah Wahyuningsih djenger sumlengker weruh barang – barang larang mau. Kuwi mau barang – barang peninggalne ibune Sri endah Wahyuningsih. Krungu pendikane bapak angket sing kaya menkono mau, Sri Endah Wahyuningsih isin lan keranta ranta.
Lan ora suwe mak les menjang pangajunaning pangeran kanti tentrem lan ayem, bok menawa wis rumangsa marem lan sneng weruh sing ditinggal wis kena dipitaja. Ragane gilang – gilang kaya wong turu. Sri Endah wahyuningsih sih kaget. Sanalika jerit ngrungkebi layuni bapake angkat sing wis adem kabeh badan sakojr. Panjerite Sri Endah wahyuningsih ningsih gawe kagete pak Joto wong loro podho rebut junjung mlayu menyang kamare bendarane. Kaya ngapa kagete bareng weruh Sri Endah Wahyuningsih lagi ngrungkebi bendarane kang wis gilang – gilang tinggal donya. Pak joto sakloron domblong kelingan menjang lelakon sing wis kapungkur nalika bendarane lagi ngrungkebi layone R.A. Tien Tisnowati.
Bubar mitung dinani kahanan ing omah kono nembe katon bali ayem tentreem meneh. Mung Rr Sri Endah Wahyuningsih isih katon sedih, awake lungkrah, weruh koyo mengkono mau. R Susilo banjur ngkipur adine nuli dirangkul. Nanging embuh apa sebabe bareng tangane nembe wae klumawe, terus katon gumeter drdeg, atine geter, deg-degan, ora kaya sing uwis – uwis. Bareng susilo ngerti yen Sri Endah Wahyuningsing kuwi dudu adine kandung, susilo rodok isin arep nemonin, nanging mendiam R.S Ranuasmara mesen yen bisa susilo karo sri endah wahyuningsih kuwi, bisa pepasangan.
Bareng 40 dina mendiam bapake susilo karo sri indah wahyuningsin dadi pepasangan.  R susilo atine bungah banjur mlumpat nyaut anduk lan gosok gigi, terus mlayu menyang kamar mandi Rr Sri Endah Wahyuningsing mung nyawang karo mesem.
Panggonane clana flanel lan hem pitih lengen dawa mawa dasi biru . sisihe kenja kang ayu luwes gandes pawakame cilik ramping singset weweg, panggonane klambi sutra biru kembang putih ceplok – ceplok, jarike gandasuli, teka muwuhi pantese lungguhe mepet kaya ora kena pisah, dene sing lenggah ana buri piyayi sekalian wis sepuh, sing kakung umure bangsane 70 tahun dene sing putri 60 tahun. Priyayi sing nunggang motor mau ora liya. Dr, Susilo karo Rr. Sri Endah Wahyuningsih kang saiki wis dadi garwane nembe oleh 3 sasi, dadi nedeng – nedenge sing pada pepasihan “. 
Sumber: upriksastrajawa.blogspot.co.id