Rabu, 06 Januari 2016

Tembang Jawa Pendhisil























Sumber: nguripuribasajawa.blogspot.co.id

Suparto Brata

Suparto Brata, Priyayi klairan Surabaya ing dina Setu Legi 19 Syawal tahun Je 23 Februari tahun 1932 iki klebu sastrawan Jawa Modern kang produktif. Dheweke asring nampa penghargaan seka ngendi-ngendi, ing antarané, pungkasan iki yakuwi ing sasi Oktober 2007, nampa SEA Write Award bebarengan karo para sastrawan liyané: Haji Moksin bin Haji Abdul Kadir - Brunei Darussalam, Ourn Suphany - Kambodia, Ratanavong Houmphanh - Laos, Prof. Rahman Shaari - Malaysia, Michael Coroza - Philipina, Rex Shelley - Singapura, Montri Sriyong - Thailand, lan Tran Van Tuan - Vietnam. Crita rekan (fiksi) sepisanan kang kapacak yaiku ‘’Miss Rika di Angkasa’’ ing Majalah Garuda, 25 Oktober 1953. Sawise kuwi, dheweke kerep nulis crita cekak, sandhiwara, utawa novel. Saliyane nulis ing satra Jawa, dhéwéké uga nulis crita rekan ing sastra Indonesia. Malah, novel pisanan kang digawé nganggo basa Indonesia, yaiku ‘’Tak Ada nasi Lain’’ kang banjur kapacak ing koran Kompas tahun 1990, pirang-pirang taun sawisé novel iku digawé.
Wiwitané nulis nganggo basa Jawa ing Kalawarti Panjebar Semangat ing tahun 1959. Lan nalika majalah iku nganakaké sayembara, dhéwéké nulis Kaum Republik kang banjur menang lan kapacak tahun 1960. Anakalané dhéwéké nganggo jeneng sesinglon (samaran) ‘’Peni utawa ‘’Eling Jatmiko’’.
Suparto Brata iku putrané Raden Suratman Bratatanaya lan Bandara Raden Ajeng Jembawati kang isih turun Pakubuwana V.

Sumber; Wikipedia

Wayang "Dewi Kunthi"

DEWI KUNTHI
Dewi Kunthi uga sing diarani Kunthinalibranta lan Dewi Prita yaiku kalebu Putri sing kepilih. Dewi Kunthi ngewujudake keturunan keluarga Yadama, putri Prabu Basukunthi, Raja ing Mandura. Dewi Kunthi nduweni sedulur yaiku Arya Basudewa, Arya Prabu Rukma, lan Arya Ugrasena.
Dewi Kunthi nduweni watak kang welas asih lan tresna. kawit cilik deweke wis mulai ngangsu kawruh lan ngolah batin. Dheweke ngangsu kawruh karo Resi Druwasa, guru spiritual saka Kraton Mandura. Saka Resi Druwasa, Dewi Kunthi disanguni mantra Adyitahredaya utawa Aji Pameling sing bisa nyepaki Bhatara Surya. Kamangka kuwi,  Dewi Kunthi ngandhut saka Bhatara Surya. Padahal wektu kuwi Dewi Kunthi isih dilamar para Raja lan satriya saka mancanegara. Kanggo nemtukake sapa kang bakal dadi garwane, Prabu Basukunthi nganakake sayembara "Giri Patembaya" kang isine : sapa wonge sing bisa ngalahake Arya Basudewa bakal dijodohke karo Dewi Kunthi. Ananging Prabu Basukunthi murka amarga ngerti yen anake ngandhut, apa maneh Dewi Kunthi durung nduwe garwa. Amarga Raja murka, Dewi Kunthi banjur diutus maca mantra "Aji Pameling" kanggo ngrawuhake Resi Druwasa supaya ngadhep Prabu Basukunthi. Amarga saka keampuhan lan kesaktiane Resi, bayi kang dikandhut Dewi Kunthi bisa lair liwat talinga. Saengga Dewi Kunthi tetep bisa kajaga keperawanane, lan bayi mau diwenehi jeneng "Karna" uga bisa diarani Suryatmaja utawa Suryaputra.
Kanggo njaga kehormatane kerajaan, Karna banjur digawa Resi Druwasa lan dilarung. Bayi mau ditemu Kusir Kreta Kerajaan Ngastina sing jenenge Adirata. Sayembara utawa perang tandhing sing digelar mau dimenangke dening Narasoma, putra Raja Mandaraka. Dewi Kunthi langsung dipasrahake. Ananging Prabu Narasoma wis ngucap sumpah ora bakal nggarwa kajaba karo Dewi Pujawati, mangka hak sayembara pindah ing Narasoma. Akhire Narasoma perang tandhing dening Pandhu sing telat teka ing acara sayembara. Pandhu akhire sing menang tandhing dening Narasoma, yaiku bisa ngalahake Aji Canrabirawa duweke Narasoma sing terkenal ampuh. Kunthi banjur dipasrahake. Kanggo ngakoni tanda kekalahane Narasoma, adhine Narasoma kang aran Dewi Madrim uga dipasrahake dening Pandhu.
Ana ing tengah ndalan nalika bali ning Ngastina, Pandhu ketemu dening Arya Suman utawa Sengkuni, putra Prabu Gandara, sing sajake uga pengin melu sayembara perang tandhing. Nanging amarga telat ora sida perang, ning Sengkuni langsung nantang perang tandhing nglawan Pandhu. Nanging Sengkuni uga bisa dikalahke, banjur Dewi Gendhari, adhine sengkuni dipasrahake dening Raden Pandhu.
Raden Pandhu bali ing Ngastina nggawa telung putri. Sawise tekan kraton, Pandhu banjur masrahake putri-putri mau dening Ramane, Wiyasa. Sabanjure Wiyasa dhawuh dening Destarasta supaya milih dhisik salah siji putri mau. Destaratra milih Dewi Gendhari adhine Sengkuni. Saengga putri loro mau yaiku Dewi Kunthi lan Dewi Madrim resmi dadi garwane Raden Pandhu. Saka Dewi Kunthi, Raden Pandhu nduwe telung putra yaiku Puntadewa, Werkudara, lan Arjuna. Dene saka Dewi Madrim, Raden Pandu duweni putra kembar kang aran Nakula lan Sadewa.
Tatkala Negara Ngastina dipasrahake dening Prabu Destarasta, Dewi Kunthi kang wakil saka Pandhawa nganakake perjanjian supaya Prabu Destarastra nguwasani Ngastina tekan nalika. Pandhawa wis mampu nata praja. Sabanjure Ngastina bakal diserahke maneh dening Pandhawa,  perjanjian mau disaksikake Prabu Matswapati, Raja Wirata, Prabu Drupada, Raja Pancala, Resi Drona, Prabu Salya, Raja Mandaraka, lan Begawan Wiyasa. Ananging amarga pengaruh Dewi Gendhari lan Arya Sengkuni, negara Ngastina dadi bahan rebutan antarane Kurawa lan Pandhawa.
Dewi Kunthi lan Pandhawa nuntut baline negara Ngastina. Sawise bola-bali dirembug nanging ora ana hasile. Sabanjure Dewi Kunthi nuntut dening Prabu Matswapati lan Sri Kresna supaya dadi pinengahe Pandhawa lan Kurawa. Nanging amarga kabeh macem rembugan ora nggawa hasil kang becik, Dewi Kunthi lan Pandhawa nempuh sarana perang tandhing, perang Bharatayudha. Pandhawa bisa numpas bala Kurawa lan wis mesti negara Ngastina bali dadi milik Pandhawa maneh. Dewi Kunthi ngrasa wis rampung kewajibane. Prabu Destarastra lan Dewi Gendhari banjur lunga saka Ngastina lan tapa ing tengah alas, kuwi uga sing dilakoni dening Dewi Kunthi. Akhire Dewi Kunthi, Dewi Gendhari, lan Prabu Destarastra kebakar ana ing tengah alas.
Sumber: desifrasiska.blogspot.co.id

Tembnag Jawa Mbok Yo Mesem

E..e..e…mbok yo mesem, mrengut pedahe opo..
E..e..e…mbok yo ngguyu, susah pedahe opo..
Penjalukmu dik, tetepo ing janji
Ojo ewuh, ojo tansah cuwo..
Nadyan aku ugo tan selak ing janji,
E…mesemo tansah tak enteni..
Yo bareng angudi luhuring kagunan,
Watone tumemen mesti kasembadan..
E..e..e…mbok yo mesem, mrengut pedahe opo..
E..e..e…mbok yo ngguyu, susah pedahe opo..
Penjalukmu dik, tetepo ing janji
Ojo ewuh, ojo tansah cuwo..
Nadyan aku ugo tan selak ing janji,
E…mesemo tansah tak enteni..
Yo bareng angudi luhuring kagunan,
Watone tumemen mesti kasembadan..

Tembang Jawa Kelinci Ucul

Kelinci Ucul

Ngubengi kutha sak teruse ing desa desa
Marga aku anggoleki sing tak tresnani klinciku ucul
Lunga mangetan Surabaya terus nyang Bali
Mangulon lunga nyang Bandung ora ketemu
Terus aku nyang Jakarta 
Jebul ora ketemu adhuh klinciku aja mbeda aku
Terus bali nyang Semarang klinciku wus ana ing kandhang
Lha jebulane grusa-grusu keburu napsu
Wekasane montang-manting ragate akeh
Aku dhewe sing kebanting

Geguritan Si Unyil (6)

Kado Sederhana

Kado cilik, imut, manis
Ya iku kadomu kanggo aku
Najan isine ora sepiraa
Aku seneng banget karo kadomu
Muga iki tansah dadi pratandha kang widada kanggo kita
Salawase

Karya: Lina Retnowati

Sinopsis Babad Tanah Jawa

  Nyritakake asal usule senopati, pendiri dinasti Mataram, petualangane Seonopati sedurunge dadi raja Mataram, lan raja-raja gantine Senopati. Ing wektu mbiyen  raja-raja ing tanah Jawa dikenal seneng pamer silsilah utawa asal-usul keturunane, dadi alat kanggo nglanggengake kekuasaane. Silsilahe Senopat sing saka nabi Adam nganti dewa-dewa agama Hindhu. Silsilah kuwi jelasake yen dinasti Mataram kuwi keturunan saka tokoh-tokoh sing luar biasa yaiku kelompok awal, kelompok nabi. Banjur disusul kelompok dewa lan raja ing pewayangan, kelompok seteruse yaiku raja Kediri, banjur Pajajaran lan Majapahit. Saka dinasti majapahit kuwi dinasti Mataram ngaku asale. Raja Majapahit terakhir sing diaku nurunke raja Mataram yaiku Brawijaya V.
Sumber: desifrasiska,blogspot.co.id