Sabtu, 19 Desember 2015

Wawan Gunem



Wawan Gunem
A.    Tegese wawan gunem
Wawan gunem yaiku luruh informasi saka wong liya kang diarani narasumber. Wawan gunem utawi wawan gunem/guneman/percakapan, wong marang wong sanes kedah nggatosaken unggah-ungguh basa. Tuladha nalika guneman kaliyan tiyang sepuh langkung sae menawi ngginakaken basa krama alus.
B.     Ingkang kedah dipun gatosaken saderengipun wawan gunem, inggih menika :
1.      Nemtokaken topik wawan gunem
2.      Nemtokaken tujuan utawi ancasipun (informasi apa kang badhe dipadosi)
3.      Nemtokaken narasumber
4.      Nyiapake pitakon-pitakon
5.      Damel janji kaliyan narasumber, kapan lan wonten pundi saged pepanggihan kangge wawan gunem (becike manut adat/kebiasaanipun narasumber).
C.    Nalika wawan gunem, wonten pirang perkawis ingkang kedah dipun gatosaken :
1.      Miwiti wawan gunem kanthi salam
2.      Migunakake basa ingkang sae, sopan miturut unggah-ungguhing basa
3.      Paningalane tumuju dhateng narasumber
4.      Aja nyaosi pitakon-pitakon kang wangsulane “iya” utawa “ora”
5.      Pungkasaning wawan gunem kanthi agunging matur nuwun amarga narasumber sampun paring informasi.
D.    Ngrangkum surasa wawan gunem lan nyampekake marang wong liya
Rangkuman surasa wawan gunem wektu nindakake wawan gunem gisa digawe cara nggabungake ukara-ukara lajer saben paragrap. Saben ukara lajer kasebut ditepungaken nganggo tembung sinambung (kata sambung) supaya ukarane luwih trep. Babagan kang prelu digatekake nalika nyampekake surasa rangkuman kanthi lisan marang wong liya :
1.      Nganggo tata busana kang rapi lan ngeyakinake
2.      Swarane cetha (jelas)
3.      Intonasi (munggah mudune swara antarane ukara pawarta, tandha panyeru utawi pitakon kudu trep pengucape
4.      Pelafalan (pengucapan) huruf utawi tembung kudu trep ngangge basa Jawa ragam Krama Inggil
5.      Ekspresi wajah lan awak kudu ndukung marang apa kang kita utarakake
E.     Ngringkes isine guneman wektu wawan gunem
1.      Mahami wawan gunem
Nglakokake wawan gunem langsung marang wong kang dadi narasumber iki wigati kanggo nepungake silaturahmi antarane wong kang golek info kaliyan nara sumber. Kita bisa nyatet isine pokok wawan gunem kanthi cara konsentrasi angge ngrungokake swara, intonasi lan pocapan ugi jumbuh kaliyan unggah-ungguhing basa marang narasumber.
2.      Nyusun ringkesan kasih wawan gunem
Sakwise nglakokake tugas wawan gunem mangka kita dikarepake bisa ngringkes wawan gunem. Anadene tata cara gawe kasil wawan gunem yaiku :
a.       Nyimak sekabehe pocapan ing wawan gunem
b.      Nyatet pokok-pokok guneman
c.       Nyusun pokok-pokok guneman ing pira-pira paragrap utawi ringkesan kanthi gatekake ukara-ukara
Babagan kang kudu digatekake nalika gawe ringkesan yaiku :
a.       Nganggo ukara kang trep
b.      Cacahe paragrap ing ringkesan gumantung ing akehe pitakonan lan wangsulan ing wawan gunem
c.       Ajeg wektu nyusun urut-urutan topik pitakonan.
F.     Wektu Wawan Gunem
Kesempatan kanggo wawan gunem marang salah sawijine wong iku ora bakal tumeka kapindho. Supaya wawan gunem saged lumaku gancar (lancar) lan informasi kang kita prelukake bisa dipundut kanthi jangkep, kita kudu nyiapake wawan gunem kang arep kita tindakake yaiku :
1.      Mangertosi sapa kang arep diwawan gunem
2.      Mangertosi tujuane wawan gunem
a.       Golekna informasi arupa fakta utawi ngleresake sawijine masalah.
b.      Golekna pemanggih utawi komentar.
3.      Mangertosi lan nguwasani masalah kang arep diutarakake
4.      Nyiapake daftar pitakonan
5.      Menawi prelu, kita gawe janji kaliyan narasumber
G.    Tata cara nyampekake pitakonan wektu wawan gunem :
1.      Pitakonan kang diajokake kudu cetha lan padet
2.      Migunakake ragam basa Jawa ragam krama inggil
3.      Gathekaken unggah-ungguhing basa
4.      Diwiwiti nganggo pitakonan kang prasaja tumuju marang pitakonan kang pirang-pirang

Ngisor iki perangane wawan gunen adhedhasar tata carane :
a.      Wawan gunem nganggo janji
Wawan gunem nganggo janji diwiwiti janjian rumiyin dening wong kang arep wawan gunem kanggo nglaksanakake apa kang arep ditakonake. Supaya wawan gunem lumaku kanthi gancar mangka wong kang arep wawan gunem kudhu disiyapake rumiyin sakdurunge. Ingkang kudhu disiyapake yaiku kawruh sapa wong kang arep diwawan gunem lan ukara lajer kang arep diutarakake
b.      Jumpa pers (news conferences)
Wawan gunem ing jumpa pers arep ditekani akeh wartawan kang swasanane rame lan kadang pitakone ora mesthi. Minangka iku, kitha kudhu siyap nganggo catetan cilik ing tangan. Kitha bisa ngandelake kasil rekaman karana kasile ora cetha (jelas)
c.       Wawan gunem ing panggonan prastawa
Tuladha wawan gunem ing panggonan prastawa yaiku wawan gunem wektu ana kecelakaan
Kecelakaan. Jinis wawan gunem iki luwih krasa urip lan luwih bisa dipercaya karana informasine langsung saka wong kawitan. Mung, kitha kudu ati-ati kadang wektu waawn gunem ing panggonan prastawa cukup negangaken.
d.      Wawan gunem nganggo telepon
Wawan gunem nganggo telepon lumrahe wektu lagi darurat. Tuladhane, wong kang arep diwawan gunem ana ing adoh panggonane nanging kitha kudhu ngeja berita kang actual. Ing kawitan pangandikan wawan gunem tepangake jeneng kitha lajeng takonake pitakonan kang gampang lan alon-alon mlebu pitakonan kang angel.

Sumber : Modul Pesisir Jawa kelas XI semester 1 kanggo SMA/SMK/MA Kabupaten Tegal.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar