Sabtu, 19 Desember 2015

Cerkak Si Unyil (2)



Pepeling Saka Wadah Kosmetik
Wengi iki jadwale Nandra nyinden. Nandra pancen pasuryane ayu, nduweni awak kaya gitar Spanyol tur swarane yen nyinden, kaya ngelingake lembuting swaraning widodari sing mudun saka kayangan, tur swarane gurih mak kres-kres. Mula pancen ora salah yen akeh wong lanang sing kepencut karo dheweke. Anggone paes dheweke pancen wis prigel banget. Dheweke pancen ora bisa ucul karo sing arane kosmetik.
Sadurunge tampil ana ing panggung, Nandra paesan dhewe kanthi luwes lan apik hasile. Ndilalah sawise rampung  paes, ana wadah sing antik sing nggawe Nandra gumun marang wadah iku. Langsung wae wadah iku diumpetake dening Nandra ben ora ana wong sing weruh. Wis wektune Nandra ana ing panggung kanggo nyinden. Nandra mbawani langgam yen ing tawang ana lintang, langsung gawe swasananing panggung heboh. Penonton lanang langsung nyuwarakake swarane sing khas. Suwening suwe anggone nyinden wis rampung.
***
Wayah awan-awan ing kamar, Nandra mbuka wadah sing antuk wingi bengi. Merga saking penasarane, Nandra ora sabar anggone mbuka.
“Kiye njerone isine apa ya ? wadahe apik nemen, mesthi neng njerone isine ya apik. Coba buka ah, nyong penasaran nemen.” Omongane Nandra karo sinambi ngresiki wadah iku.
Wadah dibuka, Nandra sumlengeren. Ing njero wadah kuwi mau isine kosmetik sing sarwa apik lan larang, nanging ing njero wadah kuwi mau ana kertas sing wis lawas banget, tulisane meh ora katon, munine kaya ngene “aja wani-wanine nganggo kosmetik ing njero wadah iki yen ora menehi sesaji ing wit ringin cedhak sumur tua ing desa Mebayan”. Nembe wae Nandra maca tulisan kuwi, ndilalah ana ibuke ngundang-ngundang ing ngarep lawang kamare Nandra.
“Nok, mangan nok, kie loh wis dienteni neng ngingsor nok !”
“Nggih bu, mangke riyin. Ibu dhahar kaliyan bapak mawon nggih bu.”
“Loh, ningapa nok ?”
“Nggih bu mboten menapa-menapa. Kula badhe nglajengaken nyerat proposal tesis bu.”
“Oh, ya wis.” Ibu Martinah mangsuli karo rasa cuwa.
***
Bumi tansah berotasi, dina ganti dina, jam ganti jam, detik ganti detik. Nandra tansah disibukake dening garapan proposal tesise. Nganti-nganti dheweke meh stress mikiri proposal tesise. Ora sansaya suwe, garapan proposal tesise rampung lan siap diajokake. Tiba dinane proposal tesis diajokake.
Bagaimana dengan proposal tesis saya prof, apakah diterima prof ?” Nandra takon kanthi semangat, dheweke wis ngarep-ngarep mesthi proposale katampa.
Ya proposal tesismu saya terima, tetapi dengan syarat penelitian hanya dilakukan dalam kurun waktu satu bulan.
Terima kasih prof. Saya berjanji akan menyelesaikan penelitian saya dalam kurun waktu satu bulan. Dan saya percaya dalam kurun waktu satu bulan pasie yang bernama Fatma akan sembuh dari penyakit jiwanya.” Nandra mangsuli kanthi nada semangat lan percaya banget yen penelitiane kuwi bakal kasil.
Saiki Nandra disibukake dening penelitiane kuwi mau ing tlatah Ngayogyakarta. Pas tanggal 29 November 2011 iku dina pungkasan penelitiane lan Alhamdulillah penelitiane kasil lan pasiene dhewe yaiku Fatma mari lan wis waras kaya wong-wong umume. Dheweke banjur mulih marang omahe ing Tegal.
“Assalamualaikum bu, Nandra wangsul.” Nandra ngomong karo nangis.
“Waalaikumsalam nok, ya Allah nan, ibu kangen nemen, ditinggal sawulan rasane kaya ditinggal sataun nok.” Ibu mangsuli karo nangis.
Kekarone padha tangisan. Ora sansaya suwe Nandra diwisuda ana ing kampuse lan dheweke wis resmi nyandang gelar master.
***
Sawise lulus saka strata loro (S2), Nandra rejekine lancar tenan, diwiwiti saka dadi model, nyinden, guru les privat lan psikolog nanging dheweke uga ora lali utawa ora sombong dadi wong. Dheweke pancen grapyak. Seminggu iki dheweke nyinden. Dina sepisan nganti dina kaping enem, Nandra bisa paesane nganggo kosmetike dhewe lan nyinden uga lancar-lancar wae. Nanging ndilalah pas dina kepitu utawa pungkasan, Nandra meh nganggo kosmetik sing ana ing wadah antik iku rada mangmang dheweke.
“Sebenere ya aku pengin nganggo kosmetik kuwe, tapi ahhh ......” dheweke ngomong karo ngaca lan ndelengena wadah kuwi sing isine kosmetik.
“Eh nan, koen ningapa sih ? kok kayonge keder nemen sih ? wis cepetan paes sedelat maning loh !” Malikha takon karo Nandra kanthi raine bingung.
“Ah ora ningapa-ngapa  Mal, iya kie aku age-age paes Mal” Nandra njawab kanthi rada kaget lan gagap.
Akhire Nandra milih nganggo kosmetik sing ana ing wadah antik mau. Nandra lali karo tulisan sing ana ing wadah. Nandra nyinden ing panggung lancar-lancar wae, ora ana apa-apa, swarane ya isih tetep mak kres-kres, nanging sabubare nyinden, meh mulih Nandra ujug-ujug ilang tanpa rupa kaya-kaya ilang dipangan bumi. Esuk-esuk wong tuane lapur nyang kantor polisi, polisi uga tansah nggoleki meh nganti telung wulan ora ketemu-ketemu.
PURNA
Karya: Lina Retnowati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar