Kelinci
Ucul
Ayam-ayam
padha tetembangan. Sumarni isih wae anteng ing pulo kapuk kelon karo bantal
gulinge. Ibuke sing wis sibuk natani jajanan pasar awit mau, mula mlebu ing
kamare Sumarni.
“Marni, tangia kie lho
nok ibu direwangi nata jajanan pasar nok !” Ngendikane Bu Asih karo mbuka
lawang kamare Sumarni.
“Inggih bu, mangke
riyin bu.” Jawabe Sumarni karo mlaku karo mripate isih meren.
Sumarni
langsung mlebu nyang kamar mandi. Sawise ing kamar mandi banjur ngrewangi ibuke
nata jajanan pasar ing dapur. Ora sansaya suwe jajanan pasar rampung ditatani
lan wis siap digawa menyang bakul-bakul ing pasar Trayeman. Biasa sing
ngaterake jajanan pasar ya Sumarni. Ing tengahing dalan, Sumarni kecopetan,
banjur ana wong bagus sing ngejar-ngejar copet kuwi mau, kanthi copet mau
ketangkep dening wong bagus mau. Banjur wong bagus mau kuwi mbalekake dompete
Sumarni.
“Kie dompete sampeyan
mba, mulane mba sing ati-ati ya mba.” Ngendikane wong bagus mau karo masrahake
dompete Sumarni mau.
“Nggih mas matur nuwun”
Sumarni mangsuli karo mesem.
Sumarni banjur
ngaterake jajanan pasar kuwi ing bakul-bakul ing pasar Trayeman.
Mulih saka pasar
Trayeman mau, Sumarni tansah kebayang-bayang marang wong bagus mau sing nulungi
dheweke.
***
Wayah
awan-awan sing panase ora umum, Sumarni kudu mangkat kuliah ing kampus UPS
(Universitas Pancasakti) Tegal. Ndilalah Sumarni ing tengahing dalan weruh ana
rame-rame, banjur Sumarni marani ing panggonan mau. Sumarni kaget amarga ana
kecelakaan, Sumarni langsung wae nyedhaki, jebul sing dadi kurban kecelakaan
yaiku wong bagus mau esuk sing nulungi dheweke. Banjur Sumarni nulungi wong
bagus mau, Sumarni langsung nelpon ambulan Rumah Sakit Kardinah Tegal. Sumarni
banjur ora sida mangkat kuliah, dheweke ngenteni korbane mau sadar. Dheweke
duwe rasa utang budi. Ora sansaya suwe korban kuwi mau sadar.
“Mba, aku kok neng kene
?” dheweke ngendikan kanthi suara sing alon lan lemes banget.
“Nggih mas, amargi wau
awan njenengan kecelekaan mas.” Sumarni mangsuli.
”Makasih mba, nek ora
ana sampeyan, aku wis ninggal donya mba.” Wong bagus kuwi mangsuli karo nangis.
“Sampun ngendikan kados
ngoten mas, kula nggih nulungi njenengan nggih amargi kula utang budi kalih
njenengan mas.”
Sawise
wong bagus kuwi mau sadar, banjur Sumarni mulih marang omahe dhewe. Nganthi
dheweke nulungi wong bagus mau, ora sempet babar pisan anggone takon jenenge.
Saben dina tansah kebayang-bayang neng pikirane Sumarni marang wong bagus mau.
Dheweke nganti meh rong wulan ora tau ketemu maneh karo wong bagus mau.
***
Wis
dadi kebiasaane Sumarni saben esuk-esuk ngaterake jajanan pasar. Tapi ing wayah
esuk-esuk iki Sumarni ngrasa ora kepenak atine, dheweke ngrasa ana sing meluni
awake. Sumarni langsung age-age metu saka pasar lan mulih. Tekan omah ya Sumarni
isih krasa ana sing meluni. Ndelok mburi ya ora ana wong, ing sakupenge ya ora ana
wong. Sumarni mlebu wae ing njero omah. Ndilalah Sumarni metu saka omah arep
dolan nyang omahe kancane, jebul ana layang ing ngarep lawang omah. Langsung
wae Sumarni njupuk layang mau lan langsung diwaca.
Assalamualaikum
Wr.Wb
Mba, salam kenal. Sajek aku weruh
sampeyan, aku seneng karo sampeyan. Sampeyan ayu, dhuwur, putih, wonge katon
apikan, sopan, seneng nulungi wong, sregepan lan katon sholeha. Aku Satriya,
wong sing ditulungi karo njenengan waktu aku kecelakaan rong wulan wingi. Aku
ngucapna makasih sepisan maning, sebab sampeyan wis nulungi aku. Aku ya pengin
ngerti sampeyan arane sapa, aku njaluk tulung, nek sampeyan gelem, aku ngajak
sampeyan neng Parigogo mengko jam pitu bengi, mengko tak jemput. Nek sampeyan
gelem, mengko ngabari aku neng nomor 085844790310. Matur nuwun.
Wassalamualaikum
Wr.Wb
Satriya
Wiraatmaja.
Sawise
maca layang mau, atine Sumarni campur aduk, ya bungah, deg-degan. Sebenere ya
Sumarni awit dheweke ditulungi pas kecopetan, Sumarni langsung kepencut atine
karo Satriya. Sumarni langsung wae nglebokake layang mau lan langsung lunga
menyang omahe kancane. Sawise mulih dolan saka kancane, Sumarni langsung njawab
layang saka Satriya mau lewat SMS.
“Nggih
mas, kula kersa. Mangke kula ngentosi njenengan mas, kula Sumarni”
Sawise
antuk balesan saka Sumarni, atine Satriya bungah banget. Ora sansaya suwe wis
ana jam setengah pitu, banjur Satriya langsung siap-siap meh njemput Sumarni.
Sumarni wis siap-siap ngenteni tekane Satriya. Satriya teka, Samarni langsung
wae nyedhak marang Satriya. Tekan Parigogo, kekarone padha kandha-kandha lan saling meromantiskan diri.
“Mba, sampeyan arane
Sumarni kan ?” Satriya takon karo Sumarni rada isin.
“Nggih mas, kula
Sumarni, njenengan naminipun Satriya kan ? “Sumarni mangsuli karo mesem lan
katon lugune.
“Aku dadi isin karo ora
kepenak karo sampeyan mba, wonge sopan nemen. Pan pesen apa Marni ?” Satriya
nawani karo dheweke rada isin.
“Mboten usah isin-isin
mas, wong njenengan sampun biasa ngisin-ngisini kok mas, kula terserah
njenengan mawon, menapa pesenanipun nggih kula purun-purun mawon mas.” Sumarni
mangsuli karo ngguyu.
“Jebul sampeyan bisa nglawak
ya mba. Oke tak pesena mba.” Satriya mangsuli karo dheweke ngguyu.
“Mba.” Satriya ngundang
pelayan
“Iya mas, mau pesan apa?” Pelayan njawab karo mesem.
“Ya ampun, masnya ganteng banget sumpah, cakep kaya artis.” Pelayane
mbatin karo mesem.
“Pesen ikan bakar, ayam goreng plus nasi dan jus jeruk dua ya mba.”
“Oke mas.”
Ora sansaya suwe,
banjur pesenane kuwi mau tekan lan kekarone padha kandha-kandha lan mangan bareng.
***
Bumi
tansah berotasi, dina ganti dina, jam
ganti jam, detik ganti detik. Ing tiba dinane Satriya wani nglamar Sumarni,
lamarane uga ditampa dening wong tuane Sumarni. Iku pancen dadi dina kang
bungah banget kanggo Satriya merga ora ana alangan apa-apa lamaran katampa
kanthi lancar. Kekarone Sumarni lan Satriya pancen dadi pacangan kang romantis lan trep. Satriya ya ganteng,
Sumarni ya ayu tenan, wis bener-bener pacangan sing jangkep tenan. Kekarone wis
pacangan suwene meh enem wulan.
Ora
ana angin, ora ana udan, ora ana mendung. Sumarni digawe mangkel atine dening
Satriya merga dheweke weruh Satriya karo wong wadon liyane ing papan panggonan
sing padha pas pertama mangan bareng karo Satriya. Dheweke weruh Satriya mesra
banget karo wong wadon iku. Banjur dheweke SMS marang Satriya.
“Mas njenengan teng pundi ? Sampun kula tengga nggih mboten dugi-dugi ?”
“Ya Mar, maaf ya aku ora bisa. Aku ora penak nemen awake Mar.”
“Oh, lara stress ya . dasar lanang pengecut ! wis saiki mana minggato
sing adoh aja mareki aku maning !”
Pungkasane kekarone wis
ora pacangan maning. Lan saiki Sumarni wis pacangan karo liyane maneh, lan
luwih langgeng meh rong taun.
PURNA
Karya: Lina Retnowati
Karya: Lina Retnowati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar