Sarintim
Jenengku
Rikala
taun 1977 ing desa Banyu Urip ana wong wadon sing ayu, dhuwur tur putih.
Suratmi jenenge wong wadon kuwi mau, saengga pancen ora salah yen akeh wong
lanang sing kepencut karo dheweke. Ing
sawijining dina, dheweke arep mulih menyang omahe saka dodolan jajan ing pasar,
ana wong lanang sing meluni dheweke. Suratmi banjur mlakune dicepeti age-age
tekan omah. Sawise dheweke tekan omah, wong lanang kuwi isih wae ngadeg ing
ngarep plataran omahe Suratmi.
“Kowen ningapa nok, kok
balik sing pasar kok ya kayonge ngos-ngosan nemen nok ?” Ibune Suratmi takon
karo dheweke gawe banyu teh.
“Kuwe loh bu, ana sing
meluni aku bae, dadi ya aku wedi.” Suratmi njawab karo dheweke nata wadah sing
mau di enggo dodolan ing pasar.
“Ya Allah, untung kowen
ora di apa-apakena ganing wong lanang kuwe, esuk mending ora usah mlaku, saiki
mending ngepit bae.”
“Ya bu.”
***
Ing
sawijining dina, ana ing pasar, wong lanang sing meluni Suratmi wektu dheweke
meh mulih, ujug-ujug teka ing panggonane Suratmi dodolan. Suratmi dadi ewuh
banget marang wong lanang iku.
“Mba arane sapa ? olih
kenalan ora mba ?” Wong lanang kuwi takon karo Suratmi karo dheweke milih-milih
jajanan
“Ya mas olih bae
kenalan, aku Suratmi, lah njenengan sapa mas.”
“Aku Sutejo,”
“Njenengan ningapa
meluni aku balik umah pas wingi-wingi kae lho ?”
“Oh, kuwe, ora papa.
Mung pengen ngerti tok umahe neng endi.”
“Lah nek wis ngerti
umahe aku terus primen ?”
“Ya ora papa, sebenere
aku seneng karo kowen lho, gelem ora dadi pacare aku ?”
Krungu
Sutejo ngomong seneng karo dheweke, Suratmi sumlengeren. Dheweke bingung meh
ngomong apa saka omongane Sutejo mau.
“aku ora bisa njawab
saiki mas, mengko wektune pasti aku bakal njawab.”
“Oke, tak enteni
jawabanmu ya Rat.”
***
Wis
suwene telung wulan Sutejo ngenteni jawabane Suratmi, nanging nganti meh limang
wulan, tetep ora ana jawaban saka Suratmi.
“Kae lho, anake pak
Ahmad karo bu Turkiyem jare wingi dilamar, kae lho anake jare arane Suratmi” Kandhane
ibu-ibu sing lagi padha blanja ing tukang sayur keliling.
Sutejo
sing lagi liwat ana kono, langsung wae mandeg lan mbatin. Ora suwe, terus
Sutejo mlaku maneh terus, dheweke arep nggolek suket nggo pakan wedhus. Anggone
nggolek suket, Sutejo tansah mbayangi pasuryane Suratmi, lan ora sansaya suwe, angggone
nggolek suket wis rampung. Dheweke tansah kelingan karo Sumarni. Saya suwe,
polahe Sutejo saya ora genah, dheweke stress merga Suratmi wis dilamar dening
wong liya.
***
Teka
dinane, Bagus di wisuda ana ing kampuse. Suratmi bungah banget, merga dheweke
ora suwe maneh bakal nikahan karo Bagus. Rong wulan Bagus wis di wisuda, banjur
ora sansaya suwe, kekarone nikahan. Wis
meh rong taun Bagus karo Suratmi nikahan, nanging durung duwe anak. Merga
dheweke urung duwe anak, kekarone lunga menyang panti asuhan meh ngepek anak.
Dheweke ngepek anak sing umure limang taunan. Pihak panti asuhan uga sarujuk
marang kekarone meh ngepek salah sawijining anak ing panti asuhan, bocah sing
meh dipek uga gelem. Banjur kekarone nggawa mulih Ilham menyang omahe. Ilham bungah
banget nalika wis tekan omahe Bagus karo Suratmi. Bagus karo Suratmi uga apikan
marang Ilham.
Ora
sansaya suwe, ing wulan Desember Suratmi meteng. Kekarone bungah banget, wong
tuwane uga melu bungah. Suratmi tansah njaga kandungane supaya slamet nganti
tekan bayine lair. Ora sansaya suwe, kandungane wis mlebu wulan kepapat.
Kekarone sibuk nyiapake tasyakuran. Tasyakuran jalan kanthi lancar. Ora sansaya
suwe, kandungane Suratmi wis mlebu wulan kepitu. Kekarone wis ora sabar
ngenteni bayine lair.
Kandungane
Suratmi wis mlebu wulan kesanga. Dheweke sansaya ora sabar. Teka dinane Suratmi
meh babaran. Ora sansaya suwe bayine lair, bayine wadon.
“Alhamdulillah pak, apa
sing dhewek enteni lair.”
“Iya bu, pan diarani
sapa bu ?”
“Sarintim.”
Ya kuwi jenengku
Sarintim, jeneng saka wong tuwaku mbiyen. Merga jenenge ndesani, aku ora isin
dijenengi Sarintim.
PURNA
Karya: Lina Retnowati
Karya: Lina Retnowati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar