Selasa, 15 Desember 2015

Wacan Argumentasi



Nulis Wacan Aargumentasi
Wacana utawa karangan yaiku wujud tulisan kang isine njlentrehake pikiran lan perasaane penganggit nyawiji dadi tema kang utuh.
Wacana Argumentasi
Yaiku wacana kang mbudidaya kanggo ngowahi panemu wong liya, supaya percaya lan wusanane tumindak jumbuh karo kang dikarepake penulis/kang ngomong.
Titikane Wacana Argumentasi
a.       Menehi alesan utawa argumen kang kuwat
b.      Ing perangan panutup awujud dudutan
c.       Nganggo basa denotative
d.      Analisise temu nalar (adhedhasar bukti)
Langkah-langkah nulis wacan argumentasi :
1.      Nemtokake topik, tema, lan tujuane wacana
Tema yaiku pokoke pirembugan kang bakal dijlentrehake  ing wacana.
2.      Ngrumusake irah-irahane wacana
Irah-irahan yaiku jeneng kang diwenehake kanggo wacana utawa duweni paedah dadi slogan promosi supaya nggugah kawigatene wong kang maca lan bisa uga dadi gambarane isi wacana.
3.      Gawe susunan karangan wacana
Karangan wacana yaiku rencana kerja kang isine garis gedhene utawa intine wacana.
4.      Ngumpulake bahan utawa dhata
Antuk dhata bisa kanthi cara maca bahan acuan, nglaksanakake wawancara, utawa pengamatan lapangan.
5.      Ngembangake kerangka wacana
Ngembangake kerangka wacana bisa migunakake pola pengembangan urutane pemecahan masalah kang dibentuk saka telung bagian utama, yaiku :
a.       Deskripsi babagan sawijining masalah kang bakal dirembug utawa dijlentrehake.
b.      Analisis marang sebab-sebab utawaat-akibat saka masalah iku.
c.       Alternatif-alternatif utawa kasimpulan kanggo pemecahane masalah.
6.      Cara panutup lan panyimpulan
a.       Panutup iku bagian wacana kang gunane menawa wacana iku wis rampung
b.      Kesimpulan iku gunane kanggo penegesan (pemaknaan) marang panjlentreh-panjlentreh sadurunge.
7.      Nyempurnakake wacan
Kang prelu digatekake nalika nyempurnakake wacana yaiku :
a.       Ide kang dijlentrehake ing wacana wis trep apa durung
b.      Sistematika panulisane wis bener apa prelu didandani maneh
c.       Wacana iku ngaya wara utawa malak kecekaken
d.      Basa kang digunakake wis apik apa durung
e.       Irah-irahane wis trep apa durung.
Sumber : Modul Pesisir Jawa kelas XII Semester 2 Kanggo Siswa SMA/SMK/MA Kabupaten Tegal.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar