Sabtu, 19 Desember 2015

Geguritan



Geguritan
1.      Geguritan dialek Tegalan utawa puisi Tegalan
Kongres bahasa Tegal kapisan dianakake dening amerintah kutha Tegal ing tanggal 4 April 2006, hotel Bahari Inn Kutha Tegal. Adicara iku diprakarsai Yono Daryono ngrawuhaken pirang-pirang tokoh kayadene SN Ratmana (cerpenis). Ki Enthus Susmono (dalang Tegal), Eko Tunas (penyair Tegal). Tujuane saka kongres iki yaiku babagan ngangkat status dialek Tegalan dadi bahasa Tegal. Kongres bahasa Tegalan iki dikarenakake Lanang Setiyawan sering biyasakaken ing media massa saengga pamerentah kutha Tegal nganakaken Kongres Basa Tegalan. Kiprah Lanang Setiyawan pungkasane dening masyarakat Tegal dipatenaken dadi Begawan Tegalan karena setia nglairaken pirang-pirang buku lan puisi uga tembang-tembang Tegalan engga saiki lan kang populer novel basa Tegalan judule “Oreg Tegal”. Dheweke siji-siji seniman Tegal sing terus maringaken basa Tegalan dadi lambang kang nyenengaken kanggo masyarakat Tegal.
Basa Tegal yaiku salah sawijine dialek basa Jawa kang diucapake ing Kabupaten Tegal, Kabupaten Brebes, Tegal, Slawi lan Pemalang sisih kulon (Bregas Paku. Ucapane agak kenthel lan memper karo Banyumas, saengga sing nganggo basa Tegalan ora gelem diomongna ngapak-ngapak amarga anane bedha intonasi, pocapan, lan tegese tembung, uga frasene yaiku apa kang diucapake kaliyan kang ditulis.
Tokoh kang populer dialek Tegal puisi Tegalan
-          Ki Enthus Susmono, kang mesti nampilaken dialek Tegal saben pentas wayang
-          Lanang Setiawan, kang telaten ngumpulake kosa kata dialek Tegal lajeng nyusun ing dalem Kamus Bahasa Tegal. Lanang uga produktif nyipta lagu-lagu Tegalan kang disebaraken jalur indie label.
-          Ki Slamet Gundono
-          Muhamad Hadi Utomo
“Memang durung ana konsep sing ceta puisi Tegalan kiye karena ora tau dadi tradisi. Mung sing mesti, puisi Tegalan kuwe puisi sing nganggo basa Tegal. Tujuane awake dewek yakuwe supaya basa Tegal luwih diajeni karoora dianggep basa lawakan”, jarene pelopor basa Tegalan, Lanang Setiawan. Lanang karo bareng seniman asal Tegal nggawe Komunitas Sastra Tegalan. Saliyane nggawe puisi Tegal, komunitas kiye ngembangna seni gerak kaya neng bentuk fragmen karo teater.
Khusus kanggo puisi Tegalan, ping pirang-pirang Lanang karo kanca-kancane nerjemahna puisi sastrawan terkenal neng basa Tegal, salah sijine puisine WS Rendra sing judule Nyanyian Angsa diganti Tembangan Banyak. Puisi kiye dadi tonggak pertamane puisi Tegal sing mulai terkenal neng masyarakat.
Titenane:        
-          Nganggo basa Tegalan
-          Ora kaiket baris
-          Ana panyipta
-          Ana judul puisine

2.      Geguritan dialek Banyumasan
Tokohe :
Ahmad Tohari kang ngenalaken kasustran Banyumasan nganggo tulisan novel Banyumasan Ronggeng Dukuh Paruk.
3.      Geguritan dialek Kraton utawa Negari Gung
Ing kasustran Jawa Kraton geguritan asale saka tembung gurit tegese tembang. Grguritan kaperang dadi loro :
a.       Geguritan kuno
Geguritan kuno kaiket dening praturan tartamtu. Pranatan iku awujud :
-          Cacahing gatra/baris ora ajeg
-          Saben gatra kedadeyan saka 8 wanda
-          Dhong-dhing swara ing wekasaning gatra kudu Pada kaaran rima
-          Sangareping reriptan kawiwitan bebuka “Sun Gegurit”

b.      Geguritan modern
Sing metu geguritan Anyar “puisi bebas”. Dadi wis ora nganggo pranatan/peraturan kaya kang wis kababar ing ngarep.
Ing geguritan modern, sing dipentingake :
-          Pamilihe tembung-tembung kan trep
-          Pangrakite ukara ora kaiket
-          Surasa padhet
-          Wewujudaning geguritan (bentuk)
-          Titenane geguritan
-          Basane kalebu basa endah dudu basa padinan (perumpamaan)
-          Tetembungan pilihan tegese ora mung asal nggunakake tembung
-          Sajak pungkasane bebas
-          Ora kaiket paugeran (praturan)
-          Isine ngena
-          Kadangkala nganggo gaya bahasa (lelawaning basa)
Nulis geguritan iku dudu pegaweyan gampang amarga kudu nggatekake pikiran lan pangrasa banjur bisa ngetokake sakabehane tetembungan pilihan kang ngenane teges. Mung samono uga nulis geguritan dudu pegaweyan sing dilakoni. Intine kudu tlaten, lan ora kena mutungan.
Sumber : Modul Pesisir Jawa Kelas X Semester 1 Kanggo siswa/i SMA/SMK/MA Kabupaten Tegal

Tidak ada komentar:

Posting Komentar