Unggah-ungguh
Basa
Salebeting urip bebrayan iku mesthi mbutuhake
pambiyantune wong liya. Mula wis lumrah yen awake dhewe kudu gelem sesambungan
karo wong liya. Sarana kang dianggo sesambungan yaiku basa. Ana ing basa Jawa
dikenal unggah-ungguh basa, yaiku basa ngoko lan krama. Menawa para putra
guneman marang sapa bae, kudu ngetrapake unggah-ungguh basa kanthi trep.
Unggah-ungguhing Basa Jawa ing jaman modheren
kaperang dadi 4, yaiku :
1. Basa
Ngoko
a. Ngoko
lugu
b. Ngoko
alus
2. Basa
Krama
a. Krama
b. Krama
Inggil
Katrangan
1.
Basa
Ngoko Lugu
Basa ngoko lugu iku wujud basane
utawa tembunge ngoko kabeh. Dadi gunane kanggo guneman karo :
a. Wong
tuwa marang anak putune apa maneh karo bocah cilik
b. Marang
padha bae umure sing wis biyasa
c. Di
enggo wektu lagi ngomong karo awake dhewe bisa nganggo batin utawa ngudar rasa
d. Wektu
mangsa revolusi 45 sering kanggo pakumpulan, saiki ora tau
2.
Basa
Ngoko Alus
Basa ngoko alus iku basa ngoko
kecampuran krama inggil marang wong sing dijak guneman
a. Wong
tuwa marang wong enom sing luwih dhuwur drajate
b. Marang
padha umure mung durung akrab nemen. Saiki sanadyan marang sak umure wis akrab
ora ana alane nganggo ngoko alus amarga ana rasa ngajeni
3.
Basa
Krama
Basa krama iku wujud
tembung-tembunge krama kabeh. Basa krama iku ngemu kaidah kesusilaan kanthi
rasa hormat marang wong sing diajak guneman.
Gunane :
a. Wong
sing nembe kenal
b. Wong
tuwa marang wong enom sing perlu diajeni
c. Wong
enom marang wong tuwa
4.
Basa
Krama Inggil
Basa krama inggil iku basa sing
ngajeni marang wong sing diajak guneman. Wujud basane krama kecampuran krama
inggil. Gunane kanggo guneman :
a. Wong
enom utawa bocah marang wong tuwa pernahe tuwa
b. Micara
ana sangarepe wong akeh utamane ing pakumpulan
c. Nyenyuwun
marang Gusti (donga)
d. Anak
marang wong tuwane utawa simbahe
Sumber : Modul Pesisir Jawa Kelas X Semester 1
Kangggo siswa/i SMA/SMK/MA Kabupaten Tegal
Tidak ada komentar:
Posting Komentar