Sabtu, 19 Desember 2015

Geguritan Si Unyil (2)



Apa Iya
Apa iya kowe lali karo janjimu dhek wingi ?
Janjimu kae lho sing jarene kowe bakal iki lah bakal iku lah
Janjimu sing bakal bakal bakal bakal terus sing mung umprus thok
Endi wujud janjimu kae lho Kang ?
Apa iya aku kudu nagih janjimu kae Kang ?
Apa iya kowe ora ngrasa Kang ?
Kowe pancen lali apa pikun Kang ?
Renea Kang deloken anakmu kae lho Kang
Karya : Lina Retnowati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar