Minggu, 20 Desember 2015

Cerkak Si Unyil (4)



Ora Eling Babar Pisan
Wayah esuk-esuk keluargane pak Paijo arep piknik menyang Pantai Purwa Hamba Indah Tegal. Bapak lan Ibu Paijo karo anake sing arane Helia. Helia isih umur patang taunan. Merga Helia njaluk piknik menyang Pantai Purwa Hamba Indah, keluarga Pak Paijo ora tega yen nolak kepenginane anak senajan duite pas-pasan. Kanggo mangan uga sering utang. Helia sing isih bocah, mung ngertine seneng yen piknik.
Tekan Pantai Purwa Hamba Indah, Helia seneng banget, dheweke langsung dolanan pasir-pasiran, mlayu-mlayu, njaluk tuku iku tuku iki, adus-adusan lan liya-liyane. Ora suwe, Pak Paijo ngajak Helia mulih marang omahe, tapi dheweke ora gelem, dheweke esih seneng dolanan pasir-pasiran.
“Duh primen pak, ora gelem balik. Soale wis awan, aku durung ngemek gaweanku neng mburi.”
“Ya wis ben, nek bosen ya njaluk balik.”
“Ah pak, kok kaya kuwe sih ?”
“Iya iya, kiye tak dijak balik bocahe.”
“Hel, balik yuh, engko tak tukukena boneka oh.”
Krungu bapake ngomong kaya ngono, Helia langsung nyedhak ing wong tuwane langsung munggah ana ing sepedha motor. Ora saya suwe, keluargane pak Paijo tekan ana omah. Kaya sing wis dijanjikake Pak Paijo marang anake, Pak Paijo banjur nukukena Helia boneka. Helia seneng banget ditukokke boneka sing apik.
***
Helia saiki wis gedhe, dheweke kepengin mlebu SMA. Ora saya suwe, pendaftaran peserta didik ing sekolah-sekolah wis dibuka. Helia ndaftar ing SMA NU Hasyim Asyari Kecamatan Tarub Kabupaten Tegal. Dheweke ketampa, Helia bungah banget ketampa sekolah ing SMA. Ora saya suwe, peserta didik dikon mbayar daftar ulang. Wong tuwane Helia bingung meh golek duit kepiye kanggo mbayar daftar ulange Helia.
“Bu, primen kiye, dhewek ora ana duit nggo mbayar daftar ulange Helia.” Kandhane bapak karo ngombe teh ana ing pawon.
“Aku ya bingung pak, apa nyilih neng Bu Ratna, Bu Ratna kan ya sugih terus ya esih sedulur karo dhewek kan pak ?”
“Iya sih, tapi wis puluhan taun, keluargane Bu Ratna ora pernah teka neng umahe bapak ibumu. Ya mungkin sebab keluargane dhewek wong ora duwe, dadi Bu Ratna pan dolan neng keluarga kene ora sreg ndean.”
“Ah pak, aja ngomong kaya kuwe lah, dhewek nyoba marani neng umahe Bu Ratna, mbokan dheweke gelem nyilihi duit karo mbokan dheweke esih kelingan karo keluargane dhewek.”
Langsung wae Bapak lan Ibu Paijo lunga menyang omahe Bu Ratna. Ora saya suwe, dheweke tekan ing omahe Bu Ratna. Ora dadi bungahing atine keluarga Paijo, Bu Ratna ngusir dheweke saka omahe lan Bu Ratna ora ngkau lan ora eling babar pisan yen dheweke kuwi isih sedulur karo keluargane Paijo. Balik saka omahe Bu Ratna, keluargane Pak Paijo langsung lunga menyang omahe Pak Lurah. Alhamdulillah Pak Lurah gelem nyilihi duit marang keluargane Pak Paijo. Dadi bungahing atine keluarga Pak Paijo wis pikantuk duit kanggo mbayar daftar ulange Helia.
“Kie loh nok, bapak wis olih duit nggo mbayar daftar ulange. Sinaune sing temenanan, aja gawe gela atine wong tuwa.”
“Nggih pak.”
Saiki Helia wis bisa sekolah neng SMA. Helia saiki wis kelas telu SMA, dheweke rajin banget angggone sinau merga arep ujian nasional. Ora saya suwe, dheweke lulus saka sekolah iku, lan dadi lulusan terbaik sasekolahan. Dheweke pikantuk beasiswa kanggo mlebu menyang Universitas.
PURNA
Karya: Lina Retnowati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar