Sabtu, 19 Desember 2015

Maca Geguritan



Maca Geguritan
Geguritan
Geguritan asale saka tembung gurit tegese tembang. Geguritan iku kasusun dadi rong warna :
1.      Wujud Kasar
a.       Pilihan tembung (Diksi)
Geguritan nengenake kaprigelan anggonemilih tembung. Tembung-tembung kang bakal ditulis kanca-kanca dipilih lan ditimbang tegese. Uga ora kalah wigati susunane (komposisi), swara (rima lan ritma).
b.      Gambaran (Imajinasi)
Daya pikir kanggo nggambarake utawa pengangen-angen utawa carane carane nyipta gambaran bisa wujud pengalaman uga bisa wujud khayalan. Kabeh kuwi mau digawe pangripta kaya-kaya nganggo ngandakake bab-bab kang bisa dirungukake, diweruh, utawa dirasakake para wong kang maca.
c.       Tembung Kasunyatan (Kata Konkret)
Kanggo nuwuhake daya imajinasi wong sing maca tembung iku mau kudu dinyatakake. Menawa pangripta pinter anggone ngonkretake tembung, wong kang maca kaya-kaya bisa ngrasakake apa sing digambarake pangripta nyataake.
d.      Rima/Ritma
Rima bisa diarani mbaleni swara ing sajroning geguritan. Dene ritma yaiku tembung utawa ukara sajroning geguritan.
e.       Kiasan/Majas
Wujud basa sing digunakake pangripta kanggo ngandhakake bab-bab sing nganggo umpama yaiku sarana ora langsung ngandhakake tegese.
2.      Wujud Batin
a.       Tema : wujud gagasan pokok kang diungkapake pangripta ing sajroning geguritan
b.      Rasa : wujud sastra kang paling makili ngungkapake pangrasa pangripta
c.       Swasana : kahanan batin amarga swasana sukma sing dituwuhake geguritan marang wong sing maca
d.      Isi wejangan : pesen pangripta sing pengin ditujukake marang sapa sing maca utawa ngrungokake geguritan.
Aspek-aspek maca ing geguritan
a.       Intonasi
Intonasi yaiku tembang lisan sing pas ngliputi tempo (banter alone swara), irama (keras aluse swara), nada (munggah mudune swara), jeda (mandeg sementara), aksentuasi (tekenan swara), cethane swara
b.      Ekspresi
Ekspresi yaiku padane antara gerak lan maksude geguritan ngliputi mimic (gerak wajah), pantomime (gerak awak)
c.       Volum swara
Volum swara esih ana kaitane pangucap tembung sing cetha ora kaya disengaja
d.      Paragan
Ngliputi konsentrasi, kakuwatan mental, uga tata krama ngarepe wong akeh
Sumber : Modul Pesisir Jawa Kelas X Semester 1 Kanggo Siswa/i SMA/SMK/MA Kabupaten Tegal

Tidak ada komentar:

Posting Komentar