Cerkak
A. Pengerten
Cerkak
yaiku jinis karangan sing ringkes, prasaja lan isine siji sing entek diwaca
spisan karo lungguh.
B. Tetengere Cerkak
1. Ringkes,
padat lan intensif
2. Ana
prastawa, paraga lan gerak
3. Basane
sugestif lan narik wong sing maca
4. Nuduhake
cara mikir pangripta
5. Crita
diwiwiti crita kang nyenengake
6. Nduweni
siji paraga utama
7. Nduweni
siji konflik
8. Nampilake
siji emosi
C. Unsur Intrinsik
Cerkak
iku kabangun saka unsur-unsur intrinsik sing ngliputi paraga, prastawa, latar
lan konflik bisa kanggo mbabar dadi cerkak kang nyenengake, sadurunge nulis
apike nyinauni lan mahami unsur-unsur intrinsik cerkak. Unsur-unsur intrinsik
cerkak yaiku :
1. Tema
2. Paraga
Paraga yaiku cara pangripta nggambarake
lan mbabar watek paraga ing cerkak. Kanggo mbabar watek paraga, kitha bisa
nggunakake teknik analitik yaiku nyritakake paraga kasebut langsung. Kajaba iku
uga bis nggunakake teknik dramatik yaiku watek paraga dibabar ora langsung,
digambarake nganggo gambaran fisik utawa watek paraga, lingkungan urip paraga,
tata cara ngomong, lan liya-liyane.
a. Paraga
utama (protagonis) yaiku paraga sing dadi lakon ing crita
b. Paraga
kapindho (antagonis) yaiku paraga sing dadi mungsuh lakon ing crita
c. Paraga
katelu (tritagonis) yaiku paraga sing dadi panengahe paraga utama lan kapindho
d. Paraga
numpang lewat (figuran)
3. Prastawa
Prastawa kaperang dadi :
a. Ngenalaken
masalah (ekposisi)
b. Ngungkapake
prastawa (komplikasi)
c. Tumuju
marang anane konflik (rising action)
d. Klimaks
e. Anti
klimaks
f. Pungkasan
(endingg/catostrophe)
4. Latar
Latar kaperang dadi papat, yaiku :
a. Latar
wektu
b. Latar
panggonan
c. Latar
swasana
d. Latar
sosial
5.
Konflik
Pucuke cerkak lumrahe anane kebingungan.
a. Kebingungan
manungsa marang awake dhewe
b. Kebingungan
manungsa marang saPada-Pada
c. Kebingungan
manungsa marang kahanan sakiwa tengene
d. Kebingungan
manungsa marang Gusti Allah
6.
Sudut
Pandang (Point of View)
Sudut pandang wong kapisan : nganggo
tembung aku, kula
Sudut pandang wong kapindho : nganggo
tembung kowe, panjenengan, sampeyan, tiyang niku
Sudut pandang wong katelu : nganggo
tembung kitha sedaya
7.
Isi
Wejangan (amanat)
Pesen kang arep disampekake ing cerkak dening
pangripta
Sumber : Modul Pesisir
Jawa Kelas X Semester 1 Kanggo Siswa/i SMA/SMK/MA Kabupaten Tegal
Tidak ada komentar:
Posting Komentar