Ora
Eling Babar Pisan
Wayah
esuk-esuk keluargane pak Paijo arep piknik menyang Pantai Purwa Hamba Indah
Tegal. Bapak lan Ibu Paijo karo anake sing arane Helia. Helia isih umur patang
taunan. Merga Helia njaluk piknik menyang Pantai Purwa Hamba Indah, keluarga
Pak Paijo ora tega yen nolak kepenginane anak senajan duite pas-pasan. Kanggo
mangan uga sering utang. Helia sing isih bocah, mung ngertine seneng yen
piknik.
Tekan
Pantai Purwa Hamba Indah, Helia seneng banget, dheweke langsung dolanan
pasir-pasiran, mlayu-mlayu, njaluk tuku iku tuku iki, adus-adusan lan
liya-liyane. Ora suwe, Pak Paijo ngajak Helia mulih marang omahe, tapi dheweke ora
gelem, dheweke esih seneng dolanan pasir-pasiran.
“Duh primen pak, ora
gelem balik. Soale wis awan, aku durung ngemek gaweanku neng mburi.”
“Ya wis ben, nek bosen
ya njaluk balik.”
“Ah pak, kok kaya kuwe
sih ?”
“Iya iya, kiye tak
dijak balik bocahe.”
“Hel, balik yuh, engko
tak tukukena boneka oh.”
Krungu
bapake ngomong kaya ngono, Helia langsung nyedhak ing wong tuwane langsung
munggah ana ing sepedha motor. Ora saya suwe, keluargane pak Paijo tekan ana
omah. Kaya sing wis dijanjikake Pak Paijo marang anake, Pak Paijo banjur
nukukena Helia boneka. Helia seneng banget ditukokke boneka sing apik.
***
Helia
saiki wis gedhe, dheweke kepengin mlebu SMA. Ora saya suwe, pendaftaran peserta
didik ing sekolah-sekolah wis dibuka. Helia ndaftar ing SMA NU Hasyim Asyari
Kecamatan Tarub Kabupaten Tegal. Dheweke ketampa, Helia bungah banget ketampa
sekolah ing SMA. Ora saya suwe, peserta didik dikon mbayar daftar ulang. Wong
tuwane Helia bingung meh golek duit kepiye kanggo mbayar daftar ulange Helia.
“Bu, primen kiye,
dhewek ora ana duit nggo mbayar daftar ulange Helia.” Kandhane bapak karo
ngombe teh ana ing pawon.
“Aku ya bingung pak,
apa nyilih neng Bu Ratna, Bu Ratna kan ya sugih terus ya esih sedulur karo
dhewek kan pak ?”
“Iya sih, tapi wis
puluhan taun, keluargane Bu Ratna ora pernah teka neng umahe bapak ibumu. Ya
mungkin sebab keluargane dhewek wong ora duwe, dadi Bu Ratna pan dolan neng
keluarga kene ora sreg ndean.”
“Ah pak, aja ngomong
kaya kuwe lah, dhewek nyoba marani neng umahe Bu Ratna, mbokan dheweke gelem
nyilihi duit karo mbokan dheweke esih kelingan karo keluargane dhewek.”
Langsung
wae Bapak lan Ibu Paijo lunga menyang omahe Bu Ratna. Ora saya suwe, dheweke
tekan ing omahe Bu Ratna. Ora dadi bungahing atine keluarga Paijo, Bu Ratna
ngusir dheweke saka omahe lan Bu Ratna ora ngkau lan ora eling babar pisan yen
dheweke kuwi isih sedulur karo keluargane Paijo. Balik saka omahe Bu Ratna,
keluargane Pak Paijo langsung lunga menyang omahe Pak Lurah. Alhamdulillah Pak
Lurah gelem nyilihi duit marang keluargane Pak Paijo. Dadi bungahing atine
keluarga Pak Paijo wis pikantuk duit kanggo mbayar daftar ulange Helia.
“Kie loh nok, bapak wis
olih duit nggo mbayar daftar ulange. Sinaune sing temenanan, aja gawe gela
atine wong tuwa.”
“Nggih pak.”
Saiki Helia wis bisa
sekolah neng SMA. Helia saiki wis kelas telu SMA, dheweke rajin banget angggone
sinau merga arep ujian nasional. Ora saya suwe, dheweke lulus saka sekolah iku,
lan dadi lulusan terbaik sasekolahan. Dheweke pikantuk beasiswa kanggo mlebu
menyang Universitas.
PURNA
Karya: Lina Retnowati
Karya: Lina Retnowati